Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 17 >> 

1Kacrita ana wong lanang jenengé Mikha; manggon ing daérah pegunungan wilayahé taler Éfraim.

2Ing sawijining dina Mikha mau kandha karo ibuné, "Ibu, nalika ibu kécalan arta slaka sèwu satus, kula mireng ibu ngipat-ipati tiyang ingkang mendhet. Bu, menika artanipun! Kula ingkang mendhet." Mikha banjur mbalèkaké dhuwit mau marang ibuné. Wangsulané ibuné, "Muga Pangéran mberkahi kowé, nggèr!"

3(17:3-4) Saka dhuwit mau ibuné Mikha njupuk rong iji, banjur dipasrahaké marang tukang pérak. Tukang mau nuli gawé reca saka kayu, dilapisi slaka. Reca kuwi déning ibuné diwènèhaké Mikha, anaké, karo muni, "Dhuwit kaé wis dakenggo gawé reca iki. Sebab aku wis janji, yèn dhuwit kuwi daksaosaké marang Pangéran, supaya kowé, anakku, luwar saka ipat-ipat sing dakucapaké marang kowé." Mikha masang reca mau ana ing omahé.

4(17:3)

5Mikha dhéwé wis duwé panggonan kanggo nyembah brahala, lan Mikha iya gawé reca-recaning brahala sarta duwé éfod. Mikha wis ngangkat salah sijiné anaké lanang dadi imam.

6Nalika semono bangsa Israèl ora dierèh déning raja; angger wong padha urip manut karepé dhéwé.

7Ing wektu semono ana nonoman saka taler Lèwi, asalé saka désa Bètléhèm, wilayah Yéhuda.

8Nonoman mau ninggal Bètléhèm désané, arep golèk panggonan liya. Lakuné tekan omahé Mikha, ing daérah pegunungan, wilayah Éfraim.

9Banjur ditakoni Mikha, "Kowé saka ngendi?" Wangsulané nonoman mau, "Kula tiyang Lèwi, saking Bètléhèm, wilayah Yéhuda. Késah kula pados panggènan ingkang kénging kula enggèni."

10Mikha banjur muni, "Manggona ing kéné waé, dadi penaséhat lan imam ing kéné. Mengko dakgawèkaké sandhangan imam, dakcukupi panganmu lan dakwènèhi dhuwit sepuluh slaka setaun."

11(17:11-12) Nonoman Lèwi mau saguh, mulané banjur diangkat dadi imamé Mikha, lan manggon ing omahé Mikha, sarta direngkuh kaya anaké dhéwé.

12(17:11)

13Mikha nuli kandha mengkéné, "Wis, saiki aku yakin temenan, yèn Pangéran bakal gawé becik marang aku, merga aku wis duwé imam wong Lèwi."



 <<  Hakim-hakim 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel