Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 18 >> 

1Nalika semono ing Israèl ora ana raja, mangka ing antarané taler-taler Israèl, taler Dhan kuwi durung kebagéan tanah. Mulané taler Dhan mau milang-miling golèk tanah.

2Saka ing antarané turun-turuné taler Dhan dipilih wong lima sing kendel lan gagah prakosa. Wong lima mau dikon nliti negara kono lan nggatèkaké penduduké. Banjur padha budhal; lakuné tekan ing daérah pegunungan, ing wilayah Éfraim. Ana ing kono padha nginep ing omahé Mikha.

3Bareng weruh nonoman Lèwi lan ora pangling karo pocapané, banjur nakoni nonoman mau, "Yagéné kowé ana ing kéné? Gawéanmu apa? Sapa sing nuduhaké kowé, dikon mréné?"

4Wangsulané nonoman mau, "Menika saking pikajengipun Mikha. Kula wonten ngriki dipun bayar, kapurih dados imam."

5Kandhané wong lima mau, "Yèn mengkono mbok jajal nyuwun pirsa marang Pangéran apa lakuku iki bakal olèh gawé apa ora?"

6Wangsulané imam mau, "Sampun kuwatos, Gusti Allah badhé mberkahi panjenengan."

7Wong lima mau banjur padha nerusaké lakuné menyang Lais. Ana ing panggonan kono padha ngawasaké kaanané penduduké. Ketitik yèn uripé wong-wong Lais kuwi kaya wong Sidon. Senajan adoh saka Sidon lan panggonané mencil, nanging uripé tentrem, ora ana sing ngganggu, lan sarwa kecukupan.

8Wong lima mau satekané ing kutha Zora lan Èstaol banjur dikon lapur.

9(18:9-10) Enggoné lapur mengkéné, "Tanah sing dakdeleng kuwi becik, amba tur subur, pepak apa-apa ana. Mulané, ayo kita padha ngalih mrana, aja mung meneng waé. Énggal ayo padha kita rebut lan kita enggoni, merga Allah wis maringaké tanah mau marang kita. Yèn kita tekan kana, penduduké ora bakal nglegéwa yèn arep kita serang."

10(18:9)

11Mulané wong taler Dhan banjur ngangkataké wong nem atus saka Zora lan Èstaol, nggawa gegaman perang.

12Lakuné njujug sakuloné Kiryat-Yéarim, ing wilayah Yéhuda, sarta padha nginep ing kana. Tekan saiki panggonan kono karan: Palèrènané Dhan.

13Saka ing panggonan kono banjur padha mlaku menyang daérah pegunungan Éfraim nganti tekan omahé Mikha.

14Wong lima sing biyèn dikon nliti mau kandha karo kanca-kancané mengkéné, "Kowé rak ora ngerti yèn ing salah sijiné omah kéné ana recané dilapis slaka. Uga ana reca-reca liyané lan éfod. Saiki kepriyé beciké, barang-barang kuwi arep kita kapakaké?"

15Wong-wong mau banjur padha mlebu ing panggonané nonoman Lèwi, sing mondhok ing omahé Mikha, lan nakokaké keslametané.

16Déné wong nem atus saka taler Dhan sing padha nggawa gegaman, padha ngentèni ana ing gapuraning kutha.

17Telik lima mau terus mlebu ing omahé Mikha, sarta njupuk recané kayu sing dilapis slaka, éfod lan reca-reca liyané.

18Bareng wong lima mau wis njupuki barang kuwi saka omahé Mikha, nonoman Lèwi mau takon, "Kowé mréné iki sing kokkarepaké apa?"

19Diwangsuli déning wong-wong mau, "Menenga waé, aja takon-takon. Mèlua aku, mengko dakdadèkaké penaséhat lan imamku. Ketimbang mung dadi imamé wong sebrayat, rak luwih becik dadi imamé wong sataler!"

20Krungu usul sing mengkono mau, imam mau seneng atiné. Mulané éfod lan reca-recaning brahala banjur ditampani lan banjur mèlu lunga karo wong-wong saka taler Dhan mau.

21Sawisé mengkono banjur padha nerusaké lakuné, bocah-bocah lan raja-kayané mlaku ana ing ngarep.

22Bareng lakuné wis adoh, Mikha ngajak tangga-tanggané ngoyak wong Dhan mau. Sawisé ketututan,

23Mikha banjur celuk-celuk. Wong Dhan padha nolèh lan takon karo Mikha, "Ana apa? Koknggawa wong semono akèhé?"

24Wangsulané Mikha, "Aja réka-réka ora ngerti! Kowé rak wis njupuk reca-reca lan imamé pisan, kokgawa lunga. Saiki aku ora duwé apa-apa!"

25Kandhané wong Dhan, "Menenga waé. Yèn ora, wong-wong kuwi bakal padha nepsu, ngroyok lan matèni kowé sakulawangsamu kabèh."

26Sawisé mengkono wong-wong Dhan mau padha nerusaké lakuné. Mikha rumangsa kalah kuwat lan ora bisa nglawan wong-wong mau, mulané banjur trima mulih waé.

27(18:27-28) Sawisé wong-wong Dhan mau nggawa imam lan barang-barang prabot pangibadah gawéané Mikha, banjur nyerang Lais, désa sing penduduké uripé ayem tentrem. (Désa mau dunungé ana ing lebak sacedhaké Bèt-Réhob.) Penduduké Lais dipatèni kabèh lan désané diobong déning wong-wong Dhan. Ora ana wong sing bisa nulungi wong-wong Lais, merga panggonané mencil, tur adoh saka Sidon. Sawisé mengkono désa mau dibangun menèh déning wong-wong Dhan, banjur dienggoni.

28(18:27)

29Jenengé désa mau dielih dadi Dhan, kaya jenengé leluhuré, yakuwi anaké Yakub.

30Reca brahala sing digawa saka omahé Mikha dipasang ana ing désa kono, banjur padha ngangkat Yonatan, anaké Gérsom, putuné Musa, dadi imamé. Anak-turuné Gérsom kuwi dadi imam ing kono nganti jamané umat Israèl diboyong menyang manca negara.

31Sasuwéné Pedalemané Allah ana ing Silo, recané brahala gawéané Mikha mau tetep ana ing Lais kono.



 <<  Hakim-hakim 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel