Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 4 >> 

1Bareng Éhud wis mati, bangsa Israèl gawé dosa menèh ing ngarsané Pangéran.

2Mulané Pangéran négakaké bangsa mau ditelukaké déning Yabin, raja Kenaan ing kutha Hazor. Sénapatiné Yabin jenengé Siséra. Manggoné ing kutha Harosèt Hagoyim.

3Yabin duwé kréta perang saka wesi, cacahé sangang atus. Enggoné njajah lan nindhes bangsa Israèl lawasé rong puluh taun. Wong Israèl banjur padha sesambat nyuwun tulung marang Pangéran.

4Nalika semono Israèl dipimpin déning nabi wadon, jenengé Déborah, bojoné Lapidot.

5Adaté Déborah lungguh ing sangisoré wit kurma, antarané Rama lan Bètèl, ing daérah pegunungan Éfraim. Wong Israèl yèn butuh pituduh padha mrono.

6Ing sawijining dina Déborah kongkonan wong ngundang Barak, anaké Abinoam, sing manggon ing kutha Kèdès, ing daérah Naftali. Kandhané marang Barak, "Mengkéné dhawuhé Pangéran, Allahé Israèl marang kowé, ‘Nglumpukna wong lanang sepuluh èwu saka taler Naftali lan Zébulon, iriden menyang Gunung Tabor.

7Mengko Aku bakal ngosikaké atiné Siséra, komandhané tentarané Yabin, marani kowé ing Kali Kison, nggawa tentarané lan krétané perang, arep nyerang kowé. Nanging sajroné perang mau dhèwèké bakal Dakulungaké marang kowé!’"

8Wangsulané Barak marang Déborah, "Menawi panjenengan tumut, kula purun mangkat. Nanging menawi mboten, kula inggih mboten badhé késah."

9Pangucapé Déborah, "Ya becik, aku dakmèlu. Nanging élinga, dudu kowé mengko sing olèh pengalem. Gusti Allah bakal nelukaké Siséra lantaran wong wadon." Déborah banjur budhal bebarengan karo Barak saka Kèdès.

10Barak nuli nglumpukaké taler Zébulon lan taler Naftali ana ing Kèdès. Sing mèlu nglurug perang karo Déborah lan Barak cacahé wong 10.000.

11Nalika semono ana wong jenengé Hèbèr, wong Kèni, sing wis misah saka golongané. (Bangsa Kèni kuwi anak-turuné Hobab, ipéné Musa.) Hèbèr mau manggoné cedhak wit-witan terpentin ing Zaanaim, ora adoh saka Kèdès.

12Krungu wertané yèn Barak wis nglurug tekan Gunung Tabor,

13Siséra banjur nglumpukaké krétané wesi kanggo perang sing cacahé sangang atus mau, lan tentarané kabèh, dikon mangkat bebarengan saka Harosèt Hagoyim menyang Kali Kison.

14Déborah banjur kandha karo Barak mengkéné, "Majua, Pangéran piyambak sing nuntun kowé. Ing dina iki uga Allah bakal nggawé Siséra kalah karo kowé." Mulané Barak lan tentarané kabèh banjur medhun saka Gunung Tabor,

15lan nyerang Siséra. Gusti Allah nggawé tentarané Siséra lan krétané perang kisruh kabèh, nganti Siséra kepeksa medhun saka ing krétané, lan mlayu arep nylametaké nyawané.

16Barak ngoyak kréta-kréta perang lan tentarané mungsuh nganti tekan Harosèt Hagoyim. Tentarané Siséra kelakon dipatèni kabèh, siji waé ora ana sing diuripi.

17Kocapa Siséra enggoné mlayu tekan omahé Yaèl, bojoné Hèbèr, wong Kèni, sebab Raja Yabin kekancan karo kulawargané Hèbèr mau.

18Nalika Siséra teka, Yaèl methukaké karo muni mengkéné, "Mangga ndara, kula aturi pinarak ing kémah kula, mboten sisah kuwatos." Siséra banjur mlebu ing kémahé Yaèl, lan didhelikaké déning Yaèl ing samburiné gordin.

19Tembungé Siséra marang Yaèl, "Aku ngelak banget, wènèhana ngombé." Yaèl banjur njupuk impes kulit, wadhah susu. Sawisé diwènèhi ngombé, Siséra banjur didhelikaké menèh ing samburiné gordin.

20Siséra banjur kandha karo Yaèl, "Ngadega ing ngarep kémah. Yèn ana wong teka lan takon apa ana wong mréné, kandhaa yèn ora ana."

21Siséra kesel banget, mulané banjur turu kepati. Yaèl njupuk pukul besi lan pathok kémah, banjur alon-alon nyedhaki Siséra. Pathok mau ditèmplèkaké ing pilingané Siséra, nuli dithuthuk sarosané nganti pathok mau tembus ing lemah. Kaya mengkono carané Yaèl matèni Siséra.

22Nalika Barak teka nggolèki Siséra, Yaèl methukaké karo muni mengkéné, "Mangga kula tedahi tiyang ingkang panjenengan padosi." Barak banjur mlebu karo Yaèl, lan weruh Siséra wis mati, nggléthak ing njogan, pathoké isih tumancep ing pilingané.

23Ing dina iku Pangéran maringi kemenangan marang wong Israèl bisa ngalahaké Yabin.

24Merga saka panindhesé wong Israèl sing saya abot, temah raja mau sirna.



 <<  Hakim-hakim 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel