Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 7 >> 

1Ing sawijining dina Gidéon karo balané padha tangi gasik, banjur padha pasang kémah ing sacedhaké sumber Harod. Palèrènané wong Midian ana ing lebak Gunung Moré, saloré palèrènané Gidéon.

2Gusti Allah ngandika marang Gidéon mengkéné, "Tentaramu kakèhen. Mulané yèn perang karo wong Midian ora bakal Dakparingi kemenangan, supaya aja ana wong duwé pengira yèn enggoné menang kuwi merga saka kekuwatané dhéwé, temah ora saos panuwun marang Aku.

3Mulané gawéa pengumuman marang balamu, ‘Sapa sing wedi, lungaa saka Gunung Giléad kéné, muliha ing omahmu.’" Wong rong puluh èwu banjur padha mulih, kekarèné isih ana sepuluh èwu.

4Gusti Allah banjur ngandika menèh marang Gidéon, "Tentaramu isih kakèhen. Mulané gawanen menyang sendhang. Ana ing kana Aku bakal milih wong-wong sing dadi balamu. Endi sing Dakpilih, kuwi sing kudu mangkat karo kowé. Sing ora Dakpilih, ora kena mèlu."

5Gidéon banjur ngirid wong-wong mau menyang sendhang. Gusti Allah banjur ngandika, "Endi wong sing enggoné ngombé kaya patrapé asu, kuwi pisahen karo wong sing enggoné ngombé saka ing tangané."

6Kabèh ana wong telung atus sing enggoné ngombé karo jèngkèng, nyawuk banyu dicedhakaké ing cangkemé. Liya-liyané enggoné ngombé ngokop.

7Gusti Allah banjur ngandika marang Gidéon, "Wong telung atus sing padha ngombé saka ing tangané kuwi sing arep Dakagem ngluwari umat Israèl lan nelukaké wong Midian. Wong-wong liyané konen mulih."

8Gidéon banjur akon wong Israèl padha mulih, kejaba wong telung atus mau. Déné pangan sanguné lan slomprèt-slomprèt dikon ninggal. Panggonané lèrèn wong Midian kuwi ana ing lebak, sangisoré panggonané lèrèn wong Israèl.

9Benginé Gusti Allah ngandika marang Gidéon, "Tangia, Gidéon! Panggonané lèrèn wong Midian serbunen. Kowé bakal menang.

10Nanging yèn kowé ora wani dhèwèkan, ngajaka Pura, réwangmu, ajaken menyang penginepané mungsuhmu.

11Kowé bakal krungu apa sing dirembug déning mungsuhmu, lan bakal dadi kendel, nganti wani nyerang." Gidéon banjur mangkat, ngajak Pura, nyedhaki penginepané mungsuhé.

12Wong Midian, Amalèk lan wong-wong saka ara-ara samun manggoné pating plencar ing lebak kono, katoné kaya walang sing padha ngrompol. Untané akèh banget, presasat pasir ing pinggiring segara.

13Nalika Gidéon tekan ing kana krungu ana wong lanang nyritakaké impèné marang kancané, tembungé, "Aku ngimpi ana roti jewawut sekepel ngglundhung mlebu ing palèrènan kita kéné, nrejang salah sawijining kémah. Kémah mau rubuh nganti rata karo lemah."

14Wangsulané kancané, "Wah, kuwi ora liya pedhangé Gidéon, anaké Yoas, wong Israèl kaé! Kuwi ateges yèn Gusti Allah wis paring kemenangan marang umat Israèl, lan bakal ngalahaké wong Midian satentarané pisan."

15Bareng krungu impèn sing dicritakaké mau lan apa tegesé, Gidéon banjur nyembah sujud marang Allah. Satekané ing papan palèrènané bala Israèl, Gidéon banjur awèh aba, "Padha siapa! Allah wis ngulungaké wong Midian lan tentarané ana ing tangan kita!"

16Gidéon banjur ngedum balané telung atus mau dadi telu. Saben wong diwènèhi slomprèt lan guci kothong isi obor.

17Pangucapé Gidéon, "Yèn aku wis tekan panggonané wong Midian, kowé ngawasna apa sing daktindakaké, lan kuwi tirunen.

18Yèn aku lan reguku ngunèkaké slomprèt, kowé iya ngunèkna slomprètmu, lan padha kandhaa, ‘Kagem Allah lan Gidéon.’"

19Ngarepaké tengah wengi, Gidéon lan balané tekan panggonané mungsuh. Tentara sing jaga lagi waé giliran. Gidéon lan reguné banjur ngunèkaké slomprèté lan mecah guci-guciné.

20Regu loro liyané iya nindakaké mengkono. Balané Gidéon kabèh tangané kiwa nyekel obor, lan tangané tengen nyekel slomprèt, karo kandha, "Pedhangé Allah lan Gidéon!"

21Balané Gidéon mau padha tetep ngadeg ngubengi palèrènané wong Midian mau. Tentarané mungsuh banjur padha mlayu karo bengok-bengok.

22Nalika Gidéon lan balané padha ngunèkaké slomprèt, Allah gawé bingungé tentarané mungsuh, mula padha perang dhéwé, sing siji nglawan sijiné nganggo pedhang, banjur padha mlayu nganti tekan Bèt-Sita lan kutha Abèl-Mehola, sacedhaké Tabat.

23Taler Naftali, Asyèr lan Manasyè Wétan kali lan Manasyè Kulon kali uga ditekakaké. Wong-wong mau banjur ngoyak wong Midian.

24Kejaba kuwi Gidéon iya ngundang wong Éfraim kabèh, sing manggon ing pegunungan, "Mrénéa, mèlua nyerang wong Midian. Cegaten kabèh ing sabrangané Kali Yardèn tekan Bèt-Bara. Wong Midian aja olèh nyabrang." Wong-wong Éfraim sing ditekakaké banjur padha ngadhang ing sabrangan-sabrangané Kali Yardèn nganti tekan Bèt-Bara.

25Pemimpiné bangsa Midian loro, yakuwi Orèb lan Zeèb kecekel wong Éfraim. Orèb dipatèni ing Watu Orèb, lan Zeèb dipatèni ing pamipitan anggur Zeèb. Wong-wong Éfraim mau terus ngoyak wong Midian, banjur masrahaké sirahé Orèb lan Zeèb marang Gidéon ana ing sabrangané Kali Yardèn sisih Wétan.



 <<  Hakim-hakim 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel