Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 8 >> 

1Wong Éfraim padha nggrundeli Gidéon, pangucapé, "Yagéné aku kokora kokajak nalika kowé nglurug merangi wong Midian? Apa sebabé aku padha koksepèlèkaké?" Mengkono panggrundelé wong-wong mau, marang Gidéon.

2Nanging Gidéon mangsuli, "Penggawéku iki ora sepira ajiné yèn ditandhing karo jasamu. Kowé rumangsa yèn sing koktindakaké kuwi mung sethithik, éwasemono sing sethithik mau waé ajiné ngungkuli samubarang kabèh sing ditindakaké déning balaku, saka turuné talermu.

3Rak kowé ta sing diparengaké déning Allah matèni Orèb lan Zeèb, tokoh Midian loro kuwi? Yèn ditandhing karo kuwi, penggawéku iki dudu apa-apa." Sawisé Gidéon muni mengkono, wong-wong Éfraim padha lega atiné.

4Nalika semono Gidéon lan balané telung atus wis tekan sabrangé Kali Yardèn. Satemené wis padha kesel banget, éwasemono isih nerusaké enggoné ngoyak mungsuh.

5Bareng lakuné tekan Sukot, Gidéon kandha karo penduduk ing kono, "Aku njaluk tulung, wong-wongku wènèhana mangan sethithik, merga wis padha kesel lan luwé, mangka isih kudu ngoyak Zébah lan Salmuna, raja-rajané wong Midian."

6Para pemimpiné kutha Sukot mangsuli, "Lho, Zébah lan Salmuna rak durung kecekel, yagéné kowé wis njaluk mangan! Apa gunané balamu diwènèhi mangan?"

7Pangucapé Gidéon, "Ya wis! Yèn mengko Allah maringi kemenangan lan aku bisa nyekel Zébah lan Salmuna, titènana, kowé bakal padha dakgebugi nganggo pang kebak eri saka ara-ara samun!"

8Gidéon banjur nerusaké lakuné nganti tekan Pnuèl. Ana ing kana Gidéon iya njalukaké pangan kanggo balané. Nanging wong Pnuèl padha mangsuli kaya wangsulané wong Sukot.

9Mulané Gidéon iya muni, "Titènana, yèn aku mengko bali kanthi slamet, menarané kuthamu iki bakal dakrubuhaké!"

10Nalika semono Zébah lan Salmuna karo balané kabèh lagi lèrèn ing Karkor. Tentara sing asalé saka wong ara-ara samun isih, kari wong limalas èwu. Sing satus rong puluh èwu wis mati.

11Lakuné Gidéon urut tapel watesé ara-ara samun, ing sisih Wétané Nobah lan Yogbéha, saka kono banjur nyerang tanpa dinyana-nyana déning mungsuhé.

12Zébah lan Salmuna, sekaroné raja Midian, mlayu, nanging dioyak déning Gidéon lan kecekel, nganti tentarané buyar kabèh merga saka wediné.

13Sabaliné saka peprangan Gidéon metu dalan sing ngliwati unggah-unggahan Hèrès.

14Ana ing kono nyekel nonoman saka Sukot. Nonoman mau ditakoni, para pemimpin ing Sukot kuwi jenengé sapa waé. Jeneng-jeneng mau banjur ditulis déning nonoman mau, diwènèhaké marang Gidéon, kabèh cacahé pitung puluh pitu.

15Sawisé mengkono Gidéon banjur marani para pemimpin mau, pangucapé, "Delengen, iki Zébah lan Salmuna. Mesthiné isih padha kèlingan, nalika kowé ora gelem nulungi aku, alasanmu merga aku durung nyekel Zébah lan Salmuna. Rak iya ta? Kowé ora gelem awèh mangan marang balaku, mangka nalika semono wis padha kesel banget."

16Sawisé mengkono Gidéon banjur njupuk pang sing kebak eri saka ara-ara samun, dienggo ngajar para pemimpiné kutha Sukot.

17Ing Pnuèl Gidéon ngrubuhaké menarané kutha lan matèni kabèh wong lanang sing ana ing kutha kono.

18Sawisé mengkono Gidéon banjur nakoni Zébah lan Salmuna, "Wong-wong sing kokpatèni ing Tabor mau rupané kaya apa?" Wangsulané Zébah lan Salmuna, "Rupinipun kados panjenengan, èmperipun kados golongan ningrat."

19Pangucapé Gidéon, "Kuwi sedulur-sedulurku, saka ibuku. Saupama kowé ora matèni wong-wong mau, mesthi kowé iya ora dakpatèni."

20Gidéon banjur préntah marang Yètèr, anaké mbarep, "Wis, patènana!" Nanging Yètèr kuwi wong nom, dadi ora wani ngunus pedhangé kanggo matèni.

21Pangucapé Zébah lan Salmuna marang Gidéon, "Mugi panjenengan piyambak kémawon ingkang mejahi kula. Mekaten wajibipun satriya!" Gidéon banjur tumandang matèni raja loro mau, sarta njupuki rerenggan-rerenggan sing ana ing guluné untané.

22Sawisé mengkono umat Israèl matur marang Gidéon mengkéné, "Panjenengan sampun ngluwari kula sedaya saking penjajahanipun tiyang Midian. Mila panjenengan kula aturi dados pemimpin kula, panjenengan lan anak-turun panjenengan."

23Wangsulané Gidéon, "Ora. Dudu aku sing bakal ngratoni kowé, lan iya dudu anak-anakku. Pangéran piyambak sing jumeneng dadi ratumu."

24Nanging sawisé mengkono Gidéon kandha, "Mung saprekara sing dakjaluk, anting-anting saka olèhmu ngrayah kuwi pasrahna marang aku." (Wong Midian kuwi lumrahé padha nganggo anting-anting mas, kaya wong-wong liyané sing padha manggon ing ara-ara samun.)

25Wangsulané wong-wong mau, "Inggih, kanthi éklasing manah barang wau badhé kula caosaken dhateng panjenengan." Banjur padha nggelar mori, lan saben wong nyèlèhaké anting-anting sing dirampas saka mungsuhé.

26Boboté anting-anting emas sing dipasrahaké marang Gidéon nalika semono mèh sepuluh kilogram, durung klebu liya-liyané, kayata kalung, kain wungu, agemané raja-raja ing Midian, sarta kalung sing digandhulaké ana ing guluné unta-untané.

27Emas mau ditanjakaké Gidéon digawé éfod, sing banjur dipasang ana ing désané, yakuwi ing Ofra. Wong Israèl kabèh padha mrana nyembah brahala mau, temah padha ora ngabekti menèh marang Pangéran, Allahé. Prekara kuwi dadi memala kanggoné Gidéon lan kulawargané.

28Sawisé ditelukaké déning wong Israèl, wong Midian wis ora bisa apa-apa. Sanegara kabèh dadi tentrem suwéné nganti patang puluh taun, yakuwi sajroné Gidéon isih urip.

29Bareng perangé karo wong Midian wis rampung, Gidéon banjur mulih menyang désané lan manggon ing kono.

30Anaké lanang Gidéon cacahé pitung puluh, merga bojoné akèh.

31Kejaba kuwi isih duwé selir ing Sikèm. Seliré mau duwé anak lanang siji jenengé Abimèlèh.

32Sawisé umuré akèh, Gidéon, anaké Yoas, tinggal-donya. Gidéon dikubur ing kuburané Yoas, bapakné. Kuburan mau dunungé ing Ofra, yakuwi désané turun-Abièzèr.

33Sawisé Gidéon tinggal-donya, wong Israèl lèrèn enggoné ngabekti marang Allah. Malah padha nyembah déwa-déwané Baal, lan nganggep Baalberit kuwi allahé.

34Wis padha ora ngabekti marang Pangéran, Allahé, sing ngluwari bangsa mau saka ing pangwasané mungsuh-mungsuhé sing ana ing kiwa-tengené.

35Umat Israèl iya ora ngélingi kulawargané Gidéon sing jasané semono gedhéné marang umat Israèl.



 <<  Hakim-hakim 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel