Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 9 >> 

1Ing sawijining dina Abimèlèh, anaké Gidéon, tilik menyang Sikèm, panggonané kulawargané ibuné; banjur kandha karo sedulur-seduluré saka ibuné,

2"Coba takona marang penduduk Sikèm kabèh, endi sing becik, dierèh déning anaké Gidéon, yakuwi wong pitung puluh, apa dierèh déning wong siji? Élinga yèn aku iki isih keprenah sedulur karo dhèwèké."

3Para seduluré Abimèlèh sing saka ibuné mau banjur mider-mider nggawa kabaré Abimèlèh mau. Penduduk Sikèm kabèh banjur mutus mèlu Abimèlèh, merga penganggepé Abimèlèh kuwi isih keprenah seduluré.

4Sawisé mengkono banjur padha masrahaké marang Abimèlèh dhuwit slaka pitung puluh, sing dijupukaké saka ing candhiné Baalberit. Dhuwit mau ditanjakaké déning Abimèlèh kanggo ngopèni grombolané wong ala, supaya mbiyantu dhèwèkné.

5Abimèlèh banjur bali menyang désané bapakné, yakuwi Ofra. Ana ing kana Abimèlèh matèni anaké Gidéon, wong pitung puluh, nganggo landhesan watu siji. Nanging Yotam, anaké Gidéon sing ragil, ora katut dipatèni, jalaran ndhelik.

6Penduduk Sikèm lan Bètmilda banjur nglumpuk sarta lunga menyang panggonané sing ana wité terpentin, sing dianggep suci déning wong Sikèm. Ana ing kana Abimèlèh diangkat dadi raja.

7Bareng krungu sing mengkono, Yotam banjur lunga ngadeg ing pucaké Gunung Gérizim, sarta kandha karo wong-wong sing padha nglumpuk mau, pangucapé, "Hé wong Sikèm. Rungokna tembungku, supaya Gusti Allah uga miyarsakaké marang kowé!

8Ing sawijining dina wit-wit padha mutusaké golèk wit sing gelem dadi rajané. Mulané banjur kandha karo wit zaitun, ‘Kowé dadia rajaku!’

9Wangsulané wit zaitun, ‘Ah, aku emoh. Sebab yèn aku dadi rajamu, aku kudu lèrèn metokaké lenga sing dienggo ngurmati déwa-déwa lan manungsa.’

10Wit-wit mau banjur nekani wit ara, tembungé, ‘Dadia rajaku.’

11Nanging wit ara mau mangsuli, ‘Aku emoh, sebab yèn aku dadi rajamu, aku kudu lèrèn saka enggonku metokaké woh ara sing rasané legi kuwi.’

12Sawisé mengkono wit-wit mau banjur marani wit anggur, ‘Kowé dadia rajaku.’

13Nanging wit anggur mau mangsuli, ‘Lho, apa aku kudu lèrèn metokaké woh anggur sing gawé senengé atiné para déwa lan manungsa, mung supaya dadi rajamu waé!’

14Mulané wit-wit banjur nekani eri bandhil, tembungé, ‘Kowé waé sing dadi rajaku!’

15Wangsulané eri bandhil mau, ‘Yèn temenan kowé arep ndadèkaké aku rajamu, padha ngéyuba ana ing ngisorku. Yèn kowé ora gelem, pang-pangku sing kebak eri iki bakal metokaké geni, sing bisa ngobong wit araz ing Libanon kabèh!’"

16Pangucapé Yotam saterusé, "Apa enggonmu ngangkat Abimèlèh dadi rajamu kuwi klawan éklasing ati? Apa tumindakmu marang bapakku, Gidéon, wis patut, semono uga marang kulawargané? apa kowé wis ngélingi marang jasané bapakku,

17sing wis berjuang mati-matian kanggo kowé? Élinga, yèn bapakku wis ngetohaké nyawané kanggo ngluwari kowé saka pangwasané wong-wong Midian.

18Nanging ing dina iki kowé wis nglawan kulawargané bapakku. Anak-anaké wis kokpatèni kabèh, wong pitung puluh, nganggo landhesan watu siji. Abimèlèh kuwi anaké bapakku sing lair saka abdiné. Éwasemono kokangkat dadi raja ing Sikèm, merga isih prenah sedulur karo kowé.

19Yèn tumindakmu marang bapakku lan kulawargané saiki iki pancèn metu saka éklasé atimu, ya wis, padha seneng-senenga karo Abimèlèh, lan karebèn Abimèlèh seneng-seneng karo kowé.

20Nanging yèn ora kaya mengkono, karebèn Abimèlèh ngetokaké geni sing ngobong ludhes penduduk Sikèm lan Bètmilo. Lan karebèn penduduk Sikèm lan Bètmilo uga ngetokaké geni sing nyirnakaké Abimèlèh."

21Sawisé mengkono Yotam banjur mlayu ngungsi menyang kutha Beèr, merga saka wediné marang Abimèlèh, sing isih keprenah seduluré.

22Abimèlèh dadi raja ing Israèl lawasé telung taun.

23Gusti Allah banjur ndadèkaké sesatron ing antarané Abimèlèh lan wong Sikèm, mula wong-wong mau padha brontak.

24Kuwi kanggo males marang pialané Abimèlèh lan wong Sikèm, sing padha ngojok-ojoki Abimèlèh supaya matèni anak-anaké Gidéon, sing cacahé pitung puluh.

25Wong-wong Sikèm padha mapanaké wong sing ndhelik ing pucak-pucaké gunung, dikon nyekel Abimèlèh. Saben wong sing liwat ing kono dirampog. Kedadéan mau dilapuraké marang Abimèlèh.

26Ing wektu kuwi Gaal, anaké Èbèd teka, bebarengan karo sedulur-seduluré, arep manggon ing Sikèm. Wong-wong Sikèm padha ngandel marang Gaal.

27Wong-wong Sikèm mau padha ngundhuh woh anggur, sawisé diperes, banjur nganakaké pésta; padha mangan lan ngombé ing candhiné déwa-déwané karo ngunèk-unèkaké Abimèlèh.

28Pangucapé Gaal, "Abimèlèh kuwi sapa, lan kita wong-wong Sikèm kuwi sapa? Apa dudu anaké Gidéon? Apa Gidéon lan Zebul, wakilé, sejatiné dudu baturé Hémor, bapakné Sikèm? Mulané yagéné kita kudu ngawula marang dhèwèké?

29Saupama aku sing dadi pemimpiné wong Sikèm kéné, mesthi wis daktundhung! Mesthi aku kandha karo dhèwèké, ‘Ayo, majua, tokna kabèh tentaramu, ayo metu perang karo aku!’"

30Zebul, patihé kutha Sikèm kono, krungu tembungé Gaal sing mengkono mau, nepsu banget.

31Mulané banjur kongkonan wong nemoni Abimèlèh ing Aruma, nggawa kabar mengkéné, "Gaal, anakipun Èbèd, sesarengan kaliyan sedhèrèk-sedhèrèkipun dhateng ing Sikèm sarta ngojok-ojoki tiyang-tiyang kapurih brontak dhateng panjenengan.

32Pramila panjenengan lan tiyang-tiyang panjenengan dalu menika kula aturi sami ndhelik ing pategilan.

33Mbénjing-énjing, menawi surya sampun mlethèk kersaa nyerbu ing kitha kanthi dadakan. Lan menawi Gaal kaliyan tiyang-tiyangipun nyerang lan medal saking kitha, menika wekdal ingkang saé kagem panjenengan kanggé nyerang piyambakipun!"

34Abimèlèh lan balané bengi kuwi mangkat. Bareng wis cedhak ing kutha padha mencar dadi papat, banjur padha ndhelik ing sanjabané kutha Sikèm.

35Bareng Gaal katon arep metu saka kutha lan ngadeg ana ing gapura, Abimèlèh sabalané banjur metu saka pandhelikané.

36Gaal weruh wong-wong mau, banjur kandha karo Zebul, "Delengen, ana wong akèh padha medhun saka gunung mlaku mréné!" Wangsulané Zebul, "O, kuwi dudu wong, nanging ayang-ayangané gunung."

37Nanging Gaal kandha menèh: "Delengen, ana wong akèh padha medhun saka gunung lan ana wong saklompok sing mréné liwat sangisoré wit terpentin pameca!"

38Zebul banjur kandha marang Gaal, pengarepé, "Ana ngendi saiki cangkemmu sing muni, ‘Abimèlèh kuwi sapa? Lha iki wong-wongé sing biyèn kokrèmèhaké kaé. Wis, majua saiki, serangen wong-wong kuwi!’"

39Gaal banjur metu karo wong-wong Sikèm, perang nglawan Abimèlèh.

40Nanging Gaal bareng diserbu déning Abimèlèh, keplayu. Wong-wong sing padha mati padha glimpangan nganti tekan ngarepé gapuraning kutha.

41Abimèlèh banjur mulih menyang Aruma, lan Zebul nundhung Gaal saseduluré, dikon metu saka Sikèm, ora kena manggon ing kono.

42Ésuké wong-wong Sikèm padha metu saka kutha arep menyang pategalané; mangka ana wong sing nglapuraké marang Abimèlèh.

43Abimèlèh banjur nglumpukaké balané, diedum dadi telung klompok lan dikon ndhelik ana ing pategalan karo jaga-jaga. Bareng weruh penduduk padha mlaku ngener ing pategalan, balané Abimèlèh banjur metu saka pandhelikané, matèni wong-wong Sikèm mau.

44Abimèlèh dhéwé lan pasukané nuli énggal-énggal maju mlebu ing gapuraning kutha, déné pasukan loro liyané ngoyak lan matèni wong-wong sing padha mlayu menyang pategalan.

45Abimèlèh nyerang terus sedina muput lan ngrebut kutha mau; wong-wong sing manggon ing kutha kono dipatèni; kuthané digempur lan disawuri uyah.

46Bareng wong-wong sing isih ana ing njero kutha padha krungu bab mau, banjur padha mlebu ing guwa sing ana ing sangisoré candhiné Èlberit.

47Nanging ana wong sing kandha karo Abimèlèh, yèn wong-wong Sikèm padha nglumpuk ing njero guwa.

48Mulané Abimèlèh sabalané banjur padha menyang Gunung Zalmon. Abimèlèh nuli njupuk wadung lan ngethoki pang-pangé wit. Pang-pang mau banjur dipangguli. Para balané dipréntah niru apa sing ditindakaké mau.

49Wong-wongé iya banjur ngethoki panging wit-witan, kaya sing ditindakaké déning Abimèlèh. Pang-pang mau ditumpuk ing cangkemé guwané candhi, banjur diobong. Mulané wong Sikèm sing ana ing njero guwa mau padha mati kabèh, cacahé kira-kira wong sèwu, lanang wadon.

50Sawisé mengkono Abimèlèh banjur lunga menyang Tèbès. Kutha kuwi banjur dikepung lan direbut.

51Ing satengahé kutha kono ana menarané. Wong kabèh banjur padha mlayu mrono; sawisé padha mlebu, lawangé menara nuli dikancing saka njero, banjur padha munggah.

52Abimèlèh teka lan nyerang menara mau. Bareng tekan lawanging menara lan arep ngobong lawang mau,

53dumadakan ana wong wadon nibakaké watu gilingan ngenani sirahé Abimèlèh, nganti tatu.

54Abimèlèh énggal-énggal akon marang nonoman sing nggawakaké gegamané, "Pedhangmu unusen, aku patènana. Aku emoh diwartakaké mati déning tangané wong wadon." Pemuda mau banjur nyuduk Abimèlèh nganti mati.

55Bareng weruh Abimèlèh wis mati wong Israèl banjur padha mulih.

56Kaya mengkono carané Gusti Allah males marang Abimèlèh, merga piala sing ditindakaké marang bapakné, nalika matèni sedulur-seduluré pitung puluh.

57Mengkono uga Gusti Allah ngukum marang wong Sikèm merga pialané. Kuwi cocog karo sing dikandhakaké déning Yotam, anaké Gidéon, nalika ngipat-ipati Abimèlèh lan wong-wong Sikèm.



 <<  Hakim-hakim 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel