Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 11 >> 

1Pangandikané Pangéran mengkéné, "Nalika isih cilik, Israèl Daktresnani lan Daktimbali metu saka tanah Mesir kaya putra-Ku kakung.

2Nanging saya kerep enggon-Ku nimbali, saya banget enggoné ngedohi Aku. Umat-Ku padha gawé kurban marang Baal, lan ngobong dupa kanggo para brahala.

3Mangka Aku sing nétah Israèl nganti bisa mlaku, Aku sing mbopong, éwadéné padha ora gelem ngrumangsani, yèn Aku sing ngrumati wong-wong mau.

4Dakrangkul kanthi katresnan, Dakjunjung lan Dakambungi. Karo ndhingkluk enggon-Ku ndulang.

5Padha ora gelem mratobat lan mbalèni Aku, mulané bakal Dakbalèkaké menyang tanah Mesir, lan wong Asyur sing bakal dadi ratuné.

6Kutha-kuthané bakal katempuh ing perang lan gapurané bakal dibubrahi. Umat-Ku bakal Dakremuk merga saka enggoné nggugu karepé dhéwé.

7Padha mantep enggoné nyingkur marang Aku. Mulané bakal sesambat merga saka aboting momotané, nanging ora ana sing bakal ngangkat momotan mau."

8Pangandikané Pangéran mengkéné, "Hé Israèl, apa Aku tegel ngetogaké kowé? Apa Aku téga ninggal kowé? Apa Aku mentala ngremuk kowé kaya enggon-Ku ngremuk Admah, utawa ngrusak kowé kaya enggon-Ku ngrusak Zéboim? Ati-Ku ora tekan nindakaké sing mengkono! Merga banget tresna-Ku marang kowé.

9Kowé bakal ora Dakajar nganggo paukuman-Ku; Israèl bakal ora Dakremuk menèh. Aku iki Allah, dudu manungsa. Aku, Allah Kang Mahasuci, nunggil karo kowé. Aku bakal ora ngrawuhi kowé karo duka."

10Pangandikané Pangéran mengkéné, "Umat-Ku bakal manut menèh karo Aku, samasa Aku nglawan para mungsuhé karo nggero kaya singa. Umat-Ku banjur bakal padha marek marang Aku saka Kulon.

11Bakal padha teka saka Mesir, kaya aburé manuk dara. Banjur bakal padha Dakulihaké menyang omahé menèh. Mengkono pangandikané Pangéran."

12(12-1) Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wong Israèl padha ngepung Aku nganggo goroh lan piala. Wong Yéhuda isih padha nerusaké enggoné nglawan Aku, Allah kang mahasetya lan mahasuci.



 <<  Hosea 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel