Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 13 >> 

1Dhèk biyèn, samasa klompok Éfraim kandha, klompok-klompok liyané padha wedi, sebab padha éring marang Éfraim. Nanging wong-wong mau padha gawé dosa merga padha nyembah marang Baal, lan merga saka dosané mau bakal padha nemahi pati.

2Enggoné padha gawé dosa diterus-terusaké srana gawé reca ukir-ukiran saka slaka gawéané tangané manungsa. Banjur padha kandha, "Saosa kurban marang reca-reca kuwi!" Kokbisa-bisané ngambung reca-reca mau, sing diwangun kaya sapi lanang.

3Mulané wong-wong mau bakal kasirnakaké kaya pedhut ing wayah ésuk, kaya ebun sing ilang sadurungé raina. Kaya mrambut sing kabur ing angin ana ing pengirigan gandum, kaya kukus sing metu saka crobong.

4Pangandikané Pangéran mengkéné, "Aku iki Pangéran Allahmu, sing ngirid kowé metu saka tanah Mesir. Kowé ora duwé allah liyané kejaba Aku piyambak Juru Slametmu.

5Nalika kowé ana ing ara-ara samun sing garing, Aku sing ngopèni kowé.

6Nanging bareng kowé wis mlebu ing tanah sing becik iki, kowé banjur padha dadi wareg lan marem, nganti padha dadi gemunggung lan lali karo Aku.

7Mulané kowé bakal padha Dakserang kaya carané singa, lan Dakadhepi kaya carané macan tutul ndhelik ing sapinggiring dalanmu.

8Kowé bakal Dakserang kaya carané bruwang sing kélangan anaké, sarta Daksuwèk-suwèk. Kowé bakal Dakmangsa ngenggon. Daksempal-sempal kaya carané kéwan galak.

9Hé wong Israèl, kowé bakal Daktumpes! Sapa sing bisa mitulungi kowé?

10Kowé padha njaluk ratu lan penggedhé-penggedhé, nanging kepriyé bisané wong-wong kuwi ngluwari bangsané?

11Sajroning paukuman-Ku kowé Dakparingi ratu lan sajroning duka padha Dakpundhut menèh."

12Pangandikané Pangéran mengkéné, "Dosané Israèl lan kaluputané kacathet kabèh, lan cathetan mau kasimpen primpen.

13Israèl kaparingan wektu kanggo urip, nanging merga saka bodhoné wektu mau ora dipigunakaké, kaya bayi sing tekan mangsané lair, ora gelem metu saka wetengané biyungé.

14Umat iki bakal ora Dakoncataké saka donyané wong mati, lan ora Dakluwari saka pangwasané pati! Umat iki ora bakal Dakwelasi menèh.

15Senajan Israèl ngrembuyung kaya lateng, Aku bakal nekakaké angin panas saka Wétan, saka segara wedhi sing bakal njalari etuk-etuk lan sumur-sumur padha garing. Samubarang sing pengaji bakal Dakpundhut.

16(14-1) Samaria mesthi bakal kaukum merga wis cukup panglawané marang Aku. Wong-wongé bakal padha mati ana ing peprangan. Bayi-bayiné bakal padha kabanting ajur ana ing lemah lan wong meteng wetengé bakal dibedhèl."



 <<  Hosea 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel