Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 5 >> 

1Pangandikané Pangéran mengkéné, "Hé para imam, padha ngrungokna! Hé wong Israèl, padha nggatèkna! Hé para krabaté ratu! Mesthiné kowé padha ngadili kanthi adil, supaya kowé dhéwé olèh keadilan. Kowé wis dadi kala-jiret ana ing Mizpa, lan dadi jaring sing kapasang ana ing Gunung Tabor.

2Kaya luwangan sing kadhudhuk ana ing Lebak Sitim. Kowé bakal Dakukum kabèh.

3Aku pirsa Israèl kuwi sapa. Israèl ora bisa ndhelik saka ngarsa-Ku. Israèl wis nylèwèng, lan wong-wongé wis ora bisa ngabekti marang Aku."

4Piala sing dilakoni wong Israèl yakuwi nyegah wong-wong nganti padha ora bisa mratobat marang Pangéran Allahé. Sebab wong-wong mau wis padha dikwasani déning rohing penylèwèng, nganti padha ora ngakoni yèn Pangéran kuwi Allahé.

5Gemunggungé wong Israèl kuwi dadi seksi sing nglawan marang awaké dhéwé. Dosa-dosané kuwi sing marakaké padha kesandhung lan tiba, sarta wong Yéhuda padha katut tiba.

6Wong-wong mau padha saos kurban rupa wedhus gèmbèl lan sapi marang Pangéran, nanging ora ketemu karo Panjenengané, merga wis ditilar.

7Wong-wong mau padha ora setya marang Pangéran, lan anak-anaké kuwi dudu anak absah. Mulané saiki wong-wong mau lan palemahané bakal karusak.

8Ngunèkna slomprèt ana ing Gibéa! Ngunèkna slomprèt ing Rama! Kumandhangna aba-abané perang ing Bètèl. Mèlua mlebu ing peprangan, hé wong Bènyamin.

9Dinaning paukuman wis teka. Israèl bakal katumpes. Hé wong Israèl, ngandela yèn kuwi kabèh bakal kelakon!

10Pangandikané Pangéran mengkéné, "Aku duka merga para penuntuné Yéhuda padha nlusup mlebu ing Israèl lan padha nyolongi pametuné lemahé. Mulané Aku bakal ngesokaké paukuman-Ku marang wong-wong mau nganti lubèr.

11Israèl katindhes, nganti padha kélangan palemahan sing dadi duwèké kanthi sah, merga padha golèk pitulungan karo pihak sing ora bisa awèh pitulungan.

12Aku bakal gawé rusaké Israèl lan Yéhuda bakal Dakdadèkaké jugrugan.

13Yèn Israèl wis ngrumangsani bangeté larané lan Yéhuda weruh tatu-tatuning awaké dhéwé, Israèl banjur bakal lunga menyang Asyur njaluk tulung raja Asyur, nanging kuwi ora bisa nambani utawa marasaké tatu-tatuné.

14Wong Israèl lan wong Yéhuda bakal Daktubruk kaya singa nubruk mangsané. Bakal Daksempal-sempal, nuli Daktinggal lunga. Yèn Daksèrèd-sèrèd ora ana wong sing bisa ngluwari.

15Umat-Ku bakal Daktégakaké nganti cukup enggoné nandhang sangsara merga saka dosané, sarta nggolèki Aku menèh. Muga-muga sajroning sangsarané padha kangen marang Aku."



 <<  Hosea 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel