Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 7 >> 

1Pangandikané Pangéran mengkéné, "Saben-saben Aku arep marasaké umat-Ku Israèl lan gawé makmuré, Aku mung pirsa penggawé nistha lan piala sing dilakoni. Wong padha apus-apusan; padha mbabah omah lan nyolong; padha mbégal ana ing dalan-dalan.

2Ora padha mikir yèn piala-pialané kuwi bakal tansah Dakèngeti. Nanging wong-wong mau bakal dikepung déning pratingkahé sing ala, mangka kabèh kuwi ora luput saka pamirsa-Ku."

3Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wong padha ngapusi ratuné lan para penggedhé srana nganakaké sekongkelan.

4Wong kabèh padha licik lan ora temen. Padha ngendhem sengit, sing mengangah kaya geni ing pawon, sing ora disugokaké ngentèni tukangé roti rampung enggoné ngadoni jladrèné.

5Ing dina wisudhané Sang Prabu, panjenengané lan para penggedhé digawé supaya mendem anggur.

6Wong-wong wis padha saiyeg merga ing batiné ngendhem sengit sing mengangah kaya geni ing pawon sewengi muput, banjur ésuké murub mulad-mulad.

7Merga saka panasing atiné wong-wong mau banjur padha matèni ratu lan para penggedhéné. Para ratuné siji-siji dipatèni, lan ora ana siji-sijia sing ndedonga nyuwun pitulungan marang Aku."

8Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wong Israèl kuwi kaya roti sing setengah mateng.

9Padha suméndhé marang bangsa-bangsa ing sakiwa-tengené lan ora ngerti yèn suméndhé marang bangsa manca mau njalari ilangé kekuwatané dhéwé. Wis kari ngentèni ambruké, éwasemono padha ora rumangsa.

10Gemunggungé wong kuwi wis cetha, sebab senajan wis akèh lelakon sing dialami, éwasemono padha ora mratobat marang Aku, Pangéran Allahé.

11Israèl mabur rana-réné kaya manuk dara sing bodho; biyèn njaluk tulung karo wong Mesir, sawisé mengkono banjur mlayu menyang Asyur!

12Nanging Aku bakal masang jaring kanggo nyekel wong-wong mau samasa lagi mabur, lan Israèl bakal Dakukum merga saka piala-pialané.

13Cilaka wong-wong kuwi! Sarèhné wis padha ninggal Aku lan nglawan marang Aku, mulané bakal Daktumpes. Aku kepéngin nylametaké, nanging enggoné ngabekti marang Aku kuwi mung éthok-éthok.

14Enggoné ndedonga marang Aku ora kanthi éklasing atiné. Padha sumungkem ing lemah lan padha nangis gero-gero kaya carané wong kapir. Yèn ndedonga nyuwun gandum lan anggur padha natoni awaké dhéwé kaya wong kapir. Semono enggoné nglawan marang Aku!

15Senajan wis Dakrumati lan Dakdadèkaké rosa, éwasemono padha ngrancang nindakaké piala marang Aku.

16Saya suwé saya adoh enggoné ninggal Aku lan ngetut marang brahala sing ora duwé kekuwatan apa-apa. Wong-wong mau ora kena diendelaké kaya gendhéwa sing ala. Sarèhné para pemimpiné padha gemunggung, mulané bakal padha tiwas déning pedhang, mula bakal padha dipoyoki déning wong Mesir."



 <<  Hosea 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel