Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 2 >> 

1Mulané kita kudu luwih kenceng enggon kita padha gondhèlan ing sakèhing kayektèn sing wis kita rungu, supaya kita aja padha kéntir.

2Pangandika sing didhawuhaké lantaran para malaékat kuwi nyata, lan sapa sing ora manut utawa ngèstokaké bakal tampa paukuman sing samesthiné.

3Yèn mengkono kepriyé bisané kita oncat saka paukuman mau, menawa kita ora ngregani marang keslametan kang semono gedhéné? Gusti Yésus piyambak sing miwiti martakaké keslametan mau lan wong-wong sing padha krungu pangandika mau, klawan temen olèhé mènèhi paseksi marang kita, yèn pangandikané Gusti Allah kuwi nyata mengkono.

4Mengkono uga Gusti Allah iya ngekahaké paseksi-paseksi mau srana pretandha-pretandha, mujijat-mujijat, sarta kaélokan werna-werna. Panjenengané uga maringaké ganjaran-ganjaraning Roh Suci miturut ing kersané piyambak.

5Nalika Gusti Allah nitahaké jagad, Panjenengané ora ngangkat malaékat-malaékat dadi para pangwasané jagad, iya jagad kang lagi kita rembug iki.

6Malah ing Kitab Suci katulis mengkéné: "Dhuh Allah, manungsa menika menapa ta? Rak namung titah limrah, déné kokngantos Paduka gatosaken!

7Kanggé sawetawis wekdal manungsa menika Paduka dadosaken langkung asor sekedhik tinimbang para malaékat. Éwadéné Paduka makuthani kalayan kaluhuran sarta kaurmatan,

8saha Paduka dadosaken pangwaos ingkang ngerèh samukawis." Menawa Gusti Allah ngangkat manungsa dadi "pangwasa sing ngerèh samubarang," ora ana barang siji waé sing ora katelukaké déning pangwasané. Nanging kita sumurup yèn manungsa saiki ora ngerèh samubarang.

9Sing ngwasani samubarang mung Gusti Yésus piyambak. Kanggo sawetara mangsa Panjenengané kadadèkaké kacèk sethithik tinimbang para malaékat, supaya merga sih-rahmaté Gusti Allah, Panjenengané nglampahi séda kanggo manungsa kabèh. Saiki kita sumurup yèn Panjenengané dimakuthani nganggo kamulyan lan kaurmatan, merga enggoné wis nandhang kasangsaraning pati.

10Wis samesthiné menawa Gusti Allah, kang nitahaké lan ngrumati samubarang kabèh kagem Panjenengané, uga nyampurnakaké Gusti Yésus srana kasangsaran, supaya Gusti Yésus saged nuntun putra akèh ngrasakaké kamulyané, bebarengan karo Panjenengané. Awit mung Gusti Yésus piyambak kang nuntun wong-wong mau marang keslametan.

11Gusti Yésus nyucèkaké manungsa srana nebus dosa-dosané. Panjenengané lan wong-wong kang kasucèkaké mau asalé saka Rama siji. Mulané Gusti Yésus ora lingsem ngaken sedulur wong-wong mau.

12Pangandikané: "Dhuh Allah, Kawula badhé martosaken bab kawontenan Paduka dhateng para sedhèrèk Kawula. Kawula badhé ngalembana Paduka wonten ing satengahipun pasamuwan."

13Sarta menèh: "Aku bakal precaya marang Panjenengané." Lan menèh pangandikané: "Satemené, lah iki Aku lan putra-putra sing wis diparingaké déning Gusti Allah marang Aku."

14Sarèhné sing disebut putra-putra kuwi wong-wong sing awujud daging lan getih, mulané Gusti Yésus iya banjur dadi manungsa padha kaya wong-wong mau sarta ngagem sakèhing sipat kamanungsané wong-wong mau. Enggoné mengkono supaya srana sédané Panjenengané bisa nyirnakaké Iblis sing ngwasani pati.

15Sarta ngluwari wong-wong, sing sajegé uripé kawengku déning rasa wedi marang pati.

16Awit satemené dudu para malaékat sing dipitulungi Gusti Yésus, nanging kaya pangandikané ing Kitab Suci: "Panjenengané mitulungi tedhaké Rama Abraham."

17Kuwi ateges yèn Panjenengané kudu dipadhakaké karo para sedhèrèk-sedhèrèké ing sadhéngah prekara, supaya Panjenengané dadia Imam Agungé wong-wong mau, kang ambek welasan lan setya marang Gusti Allah, murih bisaa ngolèhaké pangapura tumrap dosa-dosaning bangsané kabèh.

18Lan saiki Panjenengané saged mitulungi wong-wong sing kena ing panggodha, awit Panjenengané piyambak wis ngalami digodha lan nandhang sangsara.



 <<  Ibrani 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel