Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 6 >> 

1Mulané ayo kita padha maju, ngancik piwulang-piwulangé wong diwasa, sarta ninggal piwulang dhasar bab pangandikané Gusti Allah. Kita aja mung mbolan-mbalèni piwulang bab pamratobat, marèni penggawé-penggawé kang tanpa guna, lan bab precaya marang Gusti Allah;

2utawa bab adat tata-cara baptis utawa bab berkah srana numpangaké tangan, utawa bab tanginé wong mati, sarta paukuman langgeng.

3Ayo kita padha maju nyandhak piwulang sing luwih dhuwur, yakuwi sing saiki arep padha kita tindakaké, menawa Gusti Allah marengaké.

4Sebab kepriyé bisané wong-wong sing wis padha murtad bali mratobat menèh? Wong-wong mau wis tau padha nampani pepadhang saka Gusti Allah ana ing atiné. Wis padha ngrasakaké peparingé Gusti Allah sarta wis nampani Sang Roh Suci dadi darbèké.

5Wong-wong mau wis ngerti yèn pangandikané Gusti Allah kuwi becik, lan wis padha ngrasakaké dayané jaman sing bakal kelakon.

6Éwasemono wong-wong mau padha murtad! Mokal yèn wong-wong sing kaya mengkono mau bisa katuntun marang pamratobat menèh, merga wong-wong kuwi presasat padha nyalib Putrané Allah sepisan menèh kanggo awaké dhéwé, sarta ngina Panjenengané ana ing ngarepé wong akèh.

7Gusti Allah mberkahi lemah kang nesep banyu udan, nganti lemah mau ngetokaké tetuwuhan sing migunani marang wong sing nandur.

8Nanging menawa metokaké eri lan rerungkudan, lemah mau ora ana gunané. Lemah mau bakal kena supatané Allah lan kaobong.

9Senajan aku muni mengkono, para sedulur kang kinasih, aku yakin yèn kowé precaya temenan. Aku ngerti yèn kowé padha tampa peparing-peparing sing luwih becik, sing tumuju marang keslametan.

10Gusti Allah kuwi ora kurang adil; Panjenengané ora bakal kekilapan marang penggawé-penggawému sing wis koklakoni, utawa katresnanmu marang Panjenengané, kang tetéla saka pitulunganmu marang pepadhamu wong Kristen, sing isih tumindak tekan sepréné.

11Banget pengarep-arepku, kowé tansah sregep nganti tekan wekasan, supaya bisa nggayuh apa sing dadi pengarep-arepmu.

12Aku ora seneng yèn kowé padha kesèd. Padha tumindaka kaya wong-wong sing padha precaya lan sabar, temahan padha nampani apa kang dijanjèkaké déning Gusti Allah.

13Nalika Gusti Allah maringaké janjiné marang Rama Abraham, Panjenengané supaos bakal ngleksanani sing wis dijanjèkaké. Sarèhné ora ana wong sing ngungkuli Panjenengané, mulané nalika maringaké janjiné mau, Gusti Allah supaos demi asmané piyambak.

14Pangandikané Allah: "Aku janji bakal mberkahi kowé sarta maringi turun akèh banget marang kowé."

15Abraham sabar, temah panjenengané nampa sing dijanjèkaké déning Gusti Allah mau.

16Manungsa yèn sumpah migunakaké jenengé wong liya sing luwih luhur; sumpah mau kanggo mungkasi sakèhé padudon ing antarané manungsa.

17Kersané Gusti Allah ngyakinaké marang wong-wong sing bakal padha nampani janji mau, yèn Panjenengané ora bakal pisan-pisan nyélaki. Yakuwi sebabé Panjenengané ngantebaké janjiné mau nganggo supaos.

18Rong prekara kuwi ora bisa owah, janji lan sumpah, sing njalari Gusti Allah ora bakal sélak. Merga saka kuwi kita sing wis olèh keslametan saka Gusti Allah padha diwanti-wanti supaya ngugemi klawan mantep marang pengarep-arep sing wis kajanjèkaké marang kita.

19Pengarep-arep mau dadi jangkaring ati kita, sing kukuh lan sentosa, sing wis katibakaké tekan samburiné gebering Sasana Mahasuci ana ing Pedalemané Allah kaswargan.

20Gusti Yésus wis mlebet tekan kana ndhisiki kita, kanggo makili kita. Panjenengané kang jumeneng Imam Agung kang langgeng manut tata kaimamané Mèlkisèdèk.



 <<  Ibrani 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel