Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 8 >> 

1Wosé kabèh sing kita rembug iki mengkéné: Kita padha duwé Imam Agung, kang ngasta pangwasa gedhé ing swarga, ngasta Pepréntahané Allah, Kang Mahaagung.

2Imam Agung mau ngladosi pangibadah ing sajroning kémah sejati, ing pérangan kang kasebut Sasana Mahasuci. Kémah sejati mau yasané Gusti Allah, dudu yasané manungsa.

3Saben Imam Agung sing katetepaké ing kalenggahané, kapatah nyaosaké pisungsung lan kurban-kurban kéwan marang Gusti Allah; mulané Imam Agung kita iya kudu kagungan kang kapisungsungaké.

4Saupama Gusti Yésus ana ing bumi iki, Panjenengané babar-pisan ora prelu jumeneng Imam, awit wis akèh imam-imam sing nyaosaké kurban manut Torèt Yahudi.

5Leladiné para imam mau, satemené mung kaya gambar lan wewayanganing barang-barang kaswargan. Mengkono uga kaanané Nabi Musa biyèn, nalika arep ngadani yasa Tarub Pedalemané Allah, Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: "Kabèh mau kudu kokgawé ngetrepi conto sing wis katuduhaké marang kowé ana ing gunung."

6Nanging Gusti Yésus kaparingan pakaryan kaimaman kang luwih luhur tinimbang pegawéané para imam mau. Merga Panjenengané jumeneng Pantarané prejanjian sing dianakaké ing antarané Gusti Allah lan manungsa sing pancèn luwih luhur, merga kadhasaran janji-janji bab prekara-prekara sing luwih mulya.

7Saupama prejanjian sing kawitan kuwi ora ana cèwèté, prejanjian kang kapindho ora prelu.

8Nanging Gusti Allah nacad umaté, kuwi nalika Panjenengané ngandika mengkéné: "Satemené, bakal tekan wektuné," mengkono pangandikané Pangéran, "Aku bakal gawé prejanjian anyar karo turuné Israèl lan turuné Yéhuda,

9ora kaya prejanjian kang wis Dakgawé karo para leluhuré wong-wong mau, nalika Aku nganthi wong-wong mau metu saka ing tanah Mesir. Wong-wong mau padha ora setya marang prejanjian-Ku, sarta Aku ngemohi wong-wong kuwi," mengkono pangandikané Pangéran.

10"Iya kuwi prejanjian kang bakal Dakgawé karo turuné Israèl ing wektu-wektu sabanjuré," mengkono pangandikané Pangéran. "Angger-angger-Ku bakal Dakparingaké ana ing batiné, sarta Dakserat ing atiné, déné Aku bakal jumeneng Allahé sarta wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.

11Sarta wong-wong mau ora bakal mulang menèh marang pepadhané warga, utawa marang pepadhané sedulur kanthi ngucap, ‘Wanuha marang Pangéran!’ Awit gedhé cilik kabèh bakal padha wanuh karo Aku.

12Aku bakal nandukaké sih-piwelas marang kaluputané, sarta ora bakal ngèngeti marang dosa-dosané."

13Sarèhné Panjenengané ngandika bab prejanjian anyar, mulané srana mengkono Gusti Allah mratélakaké yèn prejanjian sing sepisanan kuwi wis ora kanggo lan ora ana paédahé. Lan apa waé sing wis ora kanggo lan ora ana paédahé, bakal énggal sirna.



 <<  Ibrani 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel