Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 12 >> 

1Gusti Allah maringaké prenatan marang Musa

2kanggo bangsa Israèl mengkéné: Yèn ana wong wadon duwé anak, mangka metu lanang, wong kuwi najis, padha karo yèn nggarap sari, lawasé pitung dina.

3Ing dina kaping woluné bayi mau kudu ditetaki.

4Sabubaré duwé anak wong mau dianggep najis lawasé telung puluh telu dina, merga ngetokaké getih. Sawisé mampet enggoné ngetokaké getih, wong wadon mau lagi dadi resik. Sadurungé resik, ora kena nggepok barang sing kanggo ing pangibadah, lan ora kena mlebu ing Kémah Suci.

5Yèn bayiné wadon, wong kuwi najis, kaya yèn lagi nggarap sari, lawasé patbelas dina. Sawisé bayèn wong wadon mau dianggep najis, lawasé sewidak dina, merga ngetokaké getih; sawisé kuwi lagi dianggep resik.

6Yèn upacara pasucèné wis rampung, dadia anaké lanang utawa wadon, wong wadon mau kudu saos pisungsung marang imam ing lawanging Kémah Palenggahané Allah. Pisungsung mau rupa cempé, umur setaun, kanggo kurban obongan, lan manuk dara utawa manuk deruk siji kanggo kurban pangruwating dosa.

7Imam kudu nyaosaké pisungsung kuwi marang Allah lan nindakaké upacara pambirating najisé wong wadon mau, supaya dadi resik manut prenataning agama. Mengkono sing kudu ditindakaké déning wong wadon sawisé duwé anak.

8Yèn wong wadon mau ora duwé ragad kanggo nganakaké cempé, kudu nggawa manuk dara utawa manuk drekuku loro; sing siji kanggo kurban obongan, sijiné kanggo kurban pangruwating dosa. Imam kudu nindakaké upacara pambirating najisé wong wadon mau, supaya dadi resik.



 <<  Imamat 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel