Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 15 >> 

1Gusti Allah ndawuhaké marang Musa lan Harun, prenatan-prenatan

2kanggo bangsa Israèl, mengkéné: "Umbel sing metu saka planangan kuwi najis,

3iya sing ndlèwèr metu dhéwé, utawa sing kandheg, ora bisa metu, kuwi tetep najis.

4Peturon sing dilungguhi utawa dituroni wong mau uga dadi najis.

5(15:5-8) Sapa sing nggepok wongé, nggepok peturoné utawa lungguh ing kono, utawa kena iduné, kudu ngumbah sandhangané lan kudu adus, sarta dadi najis tekan surup.

6(15:5)

7(15:5)

8(15:5)

9Lapak lan kursi sing dilungguhi wong sing kaya ngono mau uga dadi najis.

10(15:10-11) Sapa sing nggepok utawa sing ngangkat barang sing mentas dilungguhi utawa digepok wong mau, mangka ora wisuh tangan, kuwi najis tekan surup. Wong kuwi kudu ngumbah sandhangané lan adus; sarta najis tekan surup.

11(15:10)

12Grabah sing digepok wong sing kena memala mau kudu diremuk, baki saka kayu sing mentas dicekel kudu diasahi.

13Yèn wong sing kena memala ngetokaké umbel mau wis mari, kudu ngentèni pitung dina. Sawisé kuwi kudu ngumbah sandhangané lan adus ing sumur, lagi dadi resik manut prenataning agama.

14Ing wolung dinané wong mau kudu nggawa manuk dara utawa manuk drekuku loro menyang lawanging Kémah Suci, dipasrahaké marang imam.

15Imam kudu nyaosaké manuk-manuk mau, sing siji kanggo kurban pangruwating dosa, sijiné kanggo kurban obongan. Mengkono patrapé nindakaké upacara pasucèn kanggo wong sing kena memala mau, manut prenataning agama.

16Wong lanang sing ngetokaké mani kudu ngresiki awaké sekojur; wong mau najis tekan surup.

17Apa waé, barang tenunan utawa kulit sing kena mani kudu dikumbah; barang mau najis tekan surup.

18Wonga lanang, wonga wadon, sawisé campur kudu adus; wong-wong mau najis tekan surup.

19Wong wadon sing lagi nggarap-sari kuwi najis lawasé pitung dina. Sapa sing nggepok wong wadon mau, najis tekan surup.

20Barang sing dilungguhi utawa dituroni wong wadon sing lagi nggarap-sari, iya dadi najis.

21(15:21-23) Sapa sing nggepok panggonan sing mentas dituroni utawa dilungguhi wong wadon sing lagi nggarap-sari, kudu ngumbah sandhangané lan adus; wong mau najis tekan surup.

22(15:21)

23(15:21)

24Wong lanang sing nuroni wong wadon sing lagi nggarap-sari, kuwi najis lawasé pitung dina lan peturon sing dituroni mau iya dadi najis.

25Wong wadon sing ngetokaké getih saliyané nggarap-sari, utawa luwih suwé enggoné ngetokaké getih ketimbang adaté, selawasé isih ngetokaké getih, dadi najis kaya yèn lagi nggarap-sari.

26Panggonan sing dituroni utawa dilungguhi uga dadi najis.

27Sapa sing nggepok panggonan mau iya dadi najis. Wong mau kudu ngumbah sandhangané; lan najis tekan surup,

28Yèn enggoné ngetokaké getih wis mampet, wong wadon mau kudu ngentèni pitung dina menèh. Lagi sawisé kuwi dadi resik manut prenataning agama.

29Ing wolung dinané wong mau kudu nggawa manuk dara utawa manuk drekuku loro, dipasrahaké marang imam ana ing lawangé Kémah Palenggahané Allah.

30Manuk sing siji disaosaké kanggo kurban pangruwating dosa, sijiné kanggo kurban obongan. Mengkono patrapé nindakaké upacara sesuci manut prenataning agama kanggo wong wadon."

31Gusti Allah dhawuh marang Musa, ngélikaké bangsa Israèl, supaya padha nggatèkaké awaké najis apa resik. Aja nganti wong-wong mau gawé najisé Kémah Suci, sing ana ing tengahé bangsa mau. Sapa sing gawé najisé Kémah Suci bakal nemahi mati.

32Mengkono mau prenatan-prenatan bab wong lanang sing ngetokaké umbel lan mani,

33bab wong wadon sing nandhang suker, sarta wong lanang sing nuroni wong wadon sing najis.



 <<  Imamat 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel