Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 18 >> 

1Gusti Allah dhawuh marang Musa,

2supaya nerusaké prenatan mau marang bangsa Israèl mengkéné: "Aku iki Pangéran, Allahmu.

3Kowé aja padha tiru-tiru pretingkahé wong Mesir, panggonanmu mondhok biyèn, utawa tiru-tiru bangsa Kenaan, sing negarané saiki kokenggoni merga saka pitulungan-Ku.

4Angger-angger-Ku tetepana lan dhawuh-Ku lakonana. Aku iki Pangéran Allahmu.

5Prenatan-prenatan lan angger-angger peparing-Ku iki lakonana. Sing sapa nindakaké, uripé bakal slamet. Aku iki Allah."

6Gusti Allah paring prenatan mengkéné: "Aja ana wong nuroni sanak-seduluré dhéwé.

7Aja nuroni biyungmu, supaya ora ngrèmèhaké marang bapa lan biyungmu.

8Aja nuroni seliré bapakmu, supaya kowé ora ngrèmèhaké bapakmu.

9Aja nuroni sedulurmu utawa sedulurmu kuwalon, iya sing digedhèkaké bareng karo kowé, utawa sing ora.

10Aja nuroni putumu, kuwi bakal gawé wirangmu dhéwé.

11Aja nuroni sedulurmu nunggal bapa-biyung, merga kuwi sedulurmu dhéwé.

12(18:12-13) Aja nuroni mbokcilikmu, iya seduluré bapakmu, utawa seduluré ibumu.

13(18:12)

14Aja nuroni bojoné pamanmu, merga kuwi mbokcilikmu.

15Aja nuroni mantumu

16utawa bojoné kakangmu.

17Aja nuroni wong wadon utawa putuné wadon wong sing wis tau kokturoni. Sebab bisa uga wong kuwi isih sedulurmu, lan kuwi nerak adat.

18Aja amèk bojo ipému (seduluré bojomu), sajroné bojomu isih urip.

19Aja nuroni wong wadon sing lagi nggarap-sari.

20Aja nuroni bojoné wong liya. Penggawé sing mengkono mau najis.

21Aja ngrujuki anakmu dienggo sajèn marang Molokh, merga penggawé mengkono mau nyewiyah marang Asmané Allah.

22Wong lanang ora kena nuroni padha wong lanang. Allah sengit marang penggawé sing mengkono kuwi.

23Iya wong lanang, utawa wong wadon, ora kena nuroni kéwan. Sapa sing nglakoni mengkono dadi najis.

24Kowé aja dadi najis merga tumindak sing mengkono mau, sebab iya merga saka tumindak sing mengkono kuwi wong kapir padha dadi najis, yakuwi sing padha manggon ing tanah Kenaan sadurungé kowé mlebu mrono. Mulané padha ditundhungi déning Allah, supaya kowé bisa manggon ing kono.

25(18:25-27) Merga saka kalakuané sing duraka mau temah tanah sing dienggoni dadi najis. Mulané padha diukum déning Allah lan ora diparengaké manggon ana ing kono. Nanging kowé aja pisan-pisan nglakoni sing mengkono. Kowé kabèh lan wong manca sing ana ing antaramu kudu padha netepi angger-anggeré Allah lan pepakoné,

26(18:25)

27(18:25)

28supaya kowé ora ketiban paukumané Allah lan ditundhung saka tanah kono, kaya sing dialami déning bangsa-bangsa kapir sing manggon ing kono sadurungé kowé.

29Padha ngertia, yèn sapa sing nglakoni penggawé duraka, bakal disébrataké saka umaté Allah."

30Mulané Allah ngandika, "Padha netepna pepakon-pepakon-Ku lan aja niru penggawéné bangsa-bangsa kapir sing biyèn manggon ing kono sadurungé kowé. Aja najisaké awakmu dhéwé srana nglakoni penggawé-penggawé mau. Aku iki Pangéran, Allahmu."



 <<  Imamat 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel