Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 19 >> 

1Gusti Allah utusan Musa

2ndhawuhaké marang bangsa Israèl mengkéné, "Kowé padha disuci, merga Aku, Allahmu suci.

3Saben wong kudu ngajèni bapa-biyungé sarta nucèkaké dina Sabbat, kaya sing Dakdhawuhaké. Aku iki Pangéran, Allahmu.

4Kowé aja nyingkur marang Aku lan nyembah marang brahala-brahala. Aja gawé lan nyembah brahala saka barang pelikan. Aku iki Pangéran, Allahmu.

5Yèn kowé saos kurban keslametan, kudu manut prenatan sing Daktetepaké.

6Dagingé kéwan kudu dipangan tunggal dina karo enggoné nyembelèh, utawa ésuké. Daging sing isih turah ing dina kateluné kudu diobong,

7merga daging mau najis. Yèn meksa dipangan, kurbané Daktampik.

8Sapa sing mangan daging mau, kuwi keluputan, merga nganggep daging sing wis dipething kanggo Aku kaya daging lumrah. Wong mau kudu disébrataké saka umat Israèl.

9Yèn kowé derep, aja ngenèni gandum sing ana ing pinggir, lan aja ngasag gandum sing kliwatan.

10Kowé aja bali menyang kebon anggurmu nglumpukaké woh anggur sing kecècèr. Kuwi dadi pandumané wong miskin lan wong manca. Aku iki Pangéran, Allahmu.

11Kowé aja nyolong, ngapusi utawa goroh.

12Aja janji nganggo sumpah yèn sejatiné ora arep koktetepi, supaya aja nyawiyah Asmané Pangéran, Allahmu.

13Kowé ora kena meres pepadhamu utawa ngrampas barangé. Opahé buruhmu aja kokcandhet, senajan mung sedina waé.

14Kowé ora kena ngujar-ujari wong budheg, lan aja masang sandhungan ing ngarepé wong wuta, sing marakaké wong mau kesandhung. Kowé kudu wedi karo Allah; Aku iki Pangéran, Allahmu.

15Enggonmu ngadili wong prekaran, kudu sing jujur lan adil. Aja ngéloni wong miskin lan éring marang wong sugih.

16Kowé aja nyebar crita sing ora nyata sing gawé èlèké jenengé pepadhamu. Yèn pati-uripé wong sing didakwa ing pengadilan gumantung ing prekara sing lagi diadili, yèn paseksimu mau bisa mitulungi wongé, kowé awèha paseksi. Aku iki Allah.

17Aja ngendhem sengit marang liyan. Prekara sing marakaké tukar padu, rembugan sing apik, supaya kowé aja gawé dosa merga wong mau.

18Kowé aja males piala marang pepadhamu, utawa ngendhem sengit marang sapa waé, malah tresnaa marang pepadhamu kaya enggonmu nresnani marang awakmu dhéwé. Aku iki Allah.

19Dhawuh-Ku èstokna. Kéwan sing ora padha bangsané aja kokkawinaké. Pategalan siji aja koksebari wijiné tetanduran loro sing ora padha bangsané. Kowé aja nganggo sandhangan tenunan sing ditenun nganggo benang sing ora padha jinisé.

20Yèn ana wong lanang sing wis janji arep ngedol batur-tukoné wadon marang wong lanang liya, sing arep nyelir batur mau, mangka sadurungé dibayar wis dituroni dhisik, wong mau lan baturé kudu diukum, nanging aja diukum pati, merga wong wadon kuwi batur-tukoné.

21Wong lanang mau kudu nggawa wedhus lanang siji menyang Kémah Suci kanggo kurban dhendha.

22Imam kudu nyaosaké wedhus mau kanggo kurban pasucèn, supaya dosané wongé dibirat, temah Allah bakal ngapura.

23Yèn kowé padha mlebu ing tanah Kenaan lan nenandur woh-wohan rupa-rupa, wohé kudu kokanggep najis lan ora kena kokpangan nganti telung taun lawasé.

24Ing taun kaping paté wohé wit-witan mau kudu koksaosaké dadi kurban konjuk marang Allah, kanggo nélakaké panuwunmu marang Aku, Allahmu.

25Lagi taun kaping limané kowé padha olèh mangan wohé. Yèn prenatan-prenatan iki koklakoni, wohé wit-witanmu bakal saya wuwuh akèh. Aku iki Pangéran, Allahmu.

26Kowé ora kena mangan daging sing isih ana getihé. Kowé ora kena nindakaké ngèlmu tenung lan pétungan rupa apa waé.

27Rambutmu ora kena kokpèthèk utawa kokkuncung. Kowé ora kena nyukur jénggotmu.

28Kowé ora kena natoni kulitmu karo digambari tandha-tandha utawa dipinggeti kanggo pengéling-éling marang wong mati. Aku iki Pangéran, Allahmu.

29Kowé ora kena najisaké anakmu wadon kokdadèkaké wanita tuna susila ing papan panyembahan brahala. Srana tindak mengkono kowé padha mèlu nyembah brahala lan marakaké wong sanegara padha laku jina.

30Padha netepana prenatané Sabbat, lan ngurmatana Pedaleman-Ku. Aku iki Allah.

31Kowé ora kena njaluk pamrayoga karo dhukun utawa sedhéngah wong sing lelayanan karo rohé wong mati. Yèn kowé nindakaké sing mengkono, kowé bakal dadi najis. Aku iki Pangéran, Allahmu.

32Kowé kudu ngajèni marang wong sing akèh umuré. Padha wedia marang Allah. Panjenengané hurmatana, merga Aku iki Allahmu.

33Wong manca sing ana ing tengahmu aja koksiya-siya.

34Wong-wong mau anggepen kaya bangsamu dhéwé, lan tresnanana kaya enggonmu nresnani marang awakmu dhéwé. Élinga yèn kowé dhéwé biyèn iya tau dadi wong manca ing tanah Mesir. Aku iki Pangéran, Allahmu.

35Kowé ora kena ngapusi wong liya srana migunakaké piranti palsu, dadia sing kanggo ngukur, iya sing kanggo nimbang utawa kanggo naker.

36Piranti sing kanggo ngukur, nimbang lan naker kudu sing cocog. Aku iki Yéhuwah, Allahmu, kang wis ngirid lakumu saka tanah Mesir.

37Sakèhé angger-angger lan pepakon-Ku padha tetepana. Aku iki Allahmu."



 <<  Imamat 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel