Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 2 >> 

1Yén wong saos kurban dhaharan gandhum. Glepung mau kudu diesoki lenga zaitun lan ditumpangi menyan,

2banjur disaosaké déning para imam anak-turuné Harun. Imam kudu njupuk glepungé segegem karo lengané zaitun, sarta menyané kabèh, lan ngobong glepung mau ing mesbèh, minangka tandha yèn kurban dhaharan mau kabèh wis disaosaké dadi kurban katur marang Allah. Gandané kurban dhaharan mau gawé renaning penggalihé Allah.

3Turahané kurban dhaharan mau dadi bagéané para imam. Turahan kuwi barang suci merga dijupuk saka dhaharan sing wis disaosaké marang Allah.

4Yèn sing disaosaké roti bakaran, kudu roti sing tanpa ragi. Kena roti sing kandel, sing digawé saka jladrèn glepung, diulet karo lenga zaitun. Kena roti sing tipis, angger dilèlèti lenga zaitun.

5Yèn sing disaosaké roti panggangan, kudu roti sing digawé saka glepung, tanpa ragi lan diulet karo lenga zaitun.

6Yèn disaosaké kanggo kurban dhaharan, roti mau kudu diejur lan diesoki lenga zaitun.

7Yèn sing disaosaké roti gorèngan, kudu digawé saka glepung lan lenga zaitun.

8Roti mau dadi saosan marang Allah lan dipasrahna marang imam, sing kudu nggawa saosan mau menyang mesbèh.

9Imam nyuwil roti saosan mau lan ngobong cuwilan kuwi ana ing mesbèh. Kuwi mretandhani yèn kurban mau wis disaosaké marang Allah. Gandané kurban dhaharan mau gawé renaning penggalihé Allah.

10Turahané kurban mau dadi bagéané para imam. Turahan kuwi suci merga dijupuk saka dhaharan sing wis disaosaké marang Allah.

11Dhaharan sing arep disaosaké dadi kurban obongan konjuk marang Allah aja pisan-pisan diolah nganggo ragi utawa madu.

12Saben taun, sapéranganing gandum saka panèn sing kawitan, kudu koksaosaké marang Allah. Gandum mau ora kena diobong ing mesbèh.

13Saben kurban dhaharan kudu diuyahi, merga uyah kuwi nélakaké prejanjian antarané kowé karo Allah. Mula saben saosan, sing kokgawé kurban, kudu kokuyahi.

14Yèn kowé padha nyaosaké sapéranganing gandum saka panèn sing kawitan marang Allah, gandumé kudu dipanggang dhisik utawa digawé glepung.

15Gandum mau kudu diesoki lenga zaitun lan ditumpangi menyan.

16Gandumé salong ana sing diobong bareng karo lengané zaitun lan menyané kabèh, minangka tandha yèn kurban dhaharan mau kabèh wis disaosaké marang Allah.



 <<  Imamat 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel