Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 23 >> 

1(23:1-2) Gusti Allah maringaké prenatan-prenatan marang Musa, bab dina-dina riaya agama, mengkéné, "Ing dina riaya bangsa Israèl kudu nglumpuk ngibadah.

2(23:1)

3Sajroné nem dina kowé padha nyambuta-gawé, nanging élinga, dina kapitu, dina Sabbat, kuwi dina kanggo ngaso. Ing dina mau aja padha nyambut-gawé, nanging kudu nglumpuk ngibadah.

4Ing wektu-wektu sing wis ditetepaké, dina-dina riaya mau kudu diumumaké."

5"Tumindaké Riaya Paskah kuwi kanggo ngluhuraké Gusti Allah; kawiwitan ing wayah suruping srengéngé, tanggal patbelas, sasi kapisan.

6Ésuké, tanggal limalas kuwi wiwité Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi. Sajroné pitung dina kowé padha ora kena mangan roti sing digawé nganggo ragi.

7(23:7-8) Iya sajroné pitung dina mau kowé kudu saos kurban dhaharan konjuk marang Allah. Ing dinané kapisan lan dinané kapitu kowé kudu padha nglumpuk ngibadah lan ora kena nyambut-gawé.

8(23:7)

9(23:9-10) Yèn kowé wis manggon ing tanah Kenaan lan panèn gandum, kowé kudu masrahaké marang imam, gandum saunting sing kokenèni dhisik dhéwé.

10(23:9)

11Ing dina candhaké dina Sabbat gandum mau kudu disaosaké kagem Allah piyambak, supaya rena penggalihé.

12Tunggal dina enggonmu nyaosaké kurban gandum mau, kowé iya kudu nyaosaké kurban obongan rupa wedhus gèmbèl, sing umur setaun lan tanpa cacad.

13Ing wektu iku uga kowé kudu nyaosaké kurban dhaharan rupa glepung rong kilogram, diulet karo lenga zaitun. Gandané kurban mau gawé renaning penggalihé Allah, lan iya dibarengi saosan anggur saliter.

14Menawa durung nyaosaké kurban mau kabèh, kowé ora kena mangan gandummu anyar mau, embuh mentah, embuh dipanggang utawa dibakar. Prenatan iki kudu ditetepi déning anak-turunmu kabèh selawas-lawasé."

15"Wiwit dina sawisé Sabbat, yakuwi wektumu nyaosaké gandum saunting sing kawitan, ngétunga pitung minggu wutuh.

16Ing dina kaping sèketé, yakuwi Sabbat sing kapitu, kowé kudu padha nyaosaké gandum menèh konjuk marang Allah.

17Saben brayat kudu nggawa roti loro, kasaosaké dadi saosan mirunggan kagem Allah. Saben roti mau kudu digawé saka glepung rong kilogram, diolah nganggo ragi lan kudu disaosaké dadi kurban gandum sing dienèni dhisik dhéwé.

18Bareng karo roti mau umat Israèl kudu nyaosaké wedhus gèmbèl pitu sing umur setaun, sapi lanang siji, lan wedhus jawa loro. Kabèh kudu mulus, tanpa cacad. Kéwan-kéwan mau kudu disaosaké dadi kurban obongan konjuk marang Allah, bebarengan karo kurban gandum lan kurban anggur. Gandané kurban mau gawé renaning penggalihé Allah.

19Iya nyaosna wedhus jawa lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa, lan cempé wedhus gèmbèl lanang loro, umur setaun, kanggo kurban keslametan.

20Roti lan cempé wedhus gèmbèl loro mau disaosna déning imam dadi saosan mirunggan kagem Allah lan kuwi dadi bagéané imam. Saosan-saosan kuwi barang suci.

21Ing dina mau kowé padha ora kena nyambut-gawé, kudu padha nglumpuk ngibadah. Anak-turunmu sing padha manggon ing endi waé kudu padha netepi prenatan iki selawas-lawasé.

22Yèn kowé panèn, aja ngenèni gandum sing ana ing pinggiring palemahanmu, lan aja mbalèni gandum sing kecècèr. Kuwi bagéané wong-wong miskin lan wong-wong manca. Aku Pangéran, Allahmu."

23(23:23-24) "Tanggal siji sasi kapitu kudu diriayakaké kaya dina Sabbat. Ing dina iki samasa krungu swarané slomprèt, kowé kabèh kudu nglumpuk ngibadah.

24(23:23)

25Padha nyaosna kurban dhaharan konjuk marang Allah, lan aja nyambut-gawé."

26(23:26-27) "Tanggal sepuluh sasi kapitu kuwi dina pangruwating dosané umat, lan kudu diriayakaké nganggo upacara taunan. Ing dina mau kowé kabèh kudu padha pasa, lan nglumpuk ngibadah, sarta nyaosaké kurban dhaharan konjuk marang Allah.

27(23:26)

28Ing dina kuwi kowé ora kena nyambut-gawé, merga ing dina mau dianakaké upacara ngruwat dosa.

29Sapa sing mangan ing dina mau kudu disébrataké saka umaté Allah.

30Sapa sing nyambut-gawé ing dina kuwi bakal diukum pati déning Allah.

31Prenatan iki kudu ditetepi déning anak-turunmu kabèh, senajan manggon ana ing ngendi waé.

32Wiwit tanggal sanga soré ing wektu srengéngé surup tekan soré candhaké, kudu kokriayakaké kaya dina Sabbat. Sedina sewengi mau kowé kudu padha pasa, ora kena mangan apa-apa."

33(23:33-34) "Riaya Tarub Godhong kawiwitan tanggal limalas, sasi kapitu lan lawasé pitung dina.

34(23:33)

35(23:35-36) Sajroné pitung dina mau kowé saben dina kudu nyaosaké kurban dhaharan. Ing dina kapisan lan kawolu kowé kudu padha nglumpuk ngibadah lan nyaosaké kurban dhaharan sarta ora kena nyambut-gawé.

36(23:35)

37(Kuwi mau kabèh dina-dina riaya sing kudu padha kokriayakaké.Ing dina-dina riaya mau kowé kudu padha ngluhuraké Allah srana nglumpuk ngibadah lan nyaosaké kurban dhaharan, kurban obongan, kurban gandum, kurban kéwan lan kurban anggur, manut kepreluan sedina-dinané.

38Dina-dina riaya mau dina Sabbat mirunggan, kejaba dina Sabbat sing lumrah, tambahé enggonmu padha saos kurban ngluwari kaul, lan tambahé kurban sukuran sing koksaosaké marang Allah.)

39Bubar panèn kowé kudu padha nganakaké kabungahan lawasé pitung dina, wiwit tanggal limalas sasi kapitu. Dina sing kawitan kuwi dina Sabbat mirunggan.

40Ing dina mau kowé kudu ngundhuh woh-wohan sing apik dhéwé saka wit-witanmu. Banjur iya njupuka godhong palem lan pangé wit-witan sing godhongé ngrembuyung, banjur padha bebungaha ing dina riaya agama kuwi kanggo ngluhuraké Pangéran, Allahmu.

41Riaya mau lawasé pitung dina. Anak-turunmu kudu netepi prenatan iki ing selawas-lawasé.

42Sajroné pitung dina mau umat Israèl kabèh kudu padha manggon ing kémah sing digawé saka gegodhongan,

43supaya anak-turunmu padha ngertia, yèn Allah ndhawuhaké marang bangsa Israèl manggon ing kémah sing presaja, nalika ngirid bangsa mau metu saka ing tanah Mesir. Panjenengané kuwi Pangéran, Allahmu."

44Musa ngumumaké marang bangsa Israèl prenatan-prenatan bab patrapé ngriayakaké dina-dina riaya agama mau kanggo ngluhuraké Allah.



 <<  Imamat 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel