Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 24 >> 

1Gusti Allah dhawuh marang Musa,

2maringaké prenatan-prenatan marang bangsa Israèl mengkéné, "Padha nyaosna lenga zaitun sing murni lan sing apik dhéwé kanggo lampu-lampu panjeran sing ana ing Kémah Suci, supaya bisa murub terus.

3Saben soré Harun kudu nyumed lampu-lampu mau, dipanjer wiwit soré nganti ésuk, ana ing sanjabané geber, ing ngarepé Pethi Prejanjian, sing ana ing Sasana Mahasuci. Prenatan iki kudu ditetepi ing selawas-lawasé.

4Harun kudu ngupakara lampu-lampu sing ana ing jagrag emas murni. Lampu-lampu mau kudu ajeg dipasang lan dipanjer ana ing Kémah Suci."

5"Njupuka glepung gandum pilihan rolas kilogram, lan gawéa roti rolas iji.

6Roti mau sèlèhna ing méja sing dilapis emas, sing ana ing Kémah Suci. Dadèkna rong tumpuk, satumpuké nem iji.

7Saben setumpuk dokokana menyan murni. Menyan kuwi minangka gantiné roti, tandha yèn rotiné wis disaosaké dadi kurban dhaharan marang Allah.

8Saben dina Sabbat kudu ana roti kaya mengkono kuwi ana ing Kémah Suci; kuwi prenatan kanggo ing selawas-lawasé, sing kudu ditetepi déning umat Israèl.

9Roti mau dadi bagéané Harun lan anak-turuné. Lan kudu dipangan ing panggonan suci, merga roti mau klebu dhaharan sing kasaosaké marang Allah kanggo pangané para imam."

10(24:10-11) Ing panggonané umat Israèl kono ana wong lanang, bapakné wong Mesir lan ibuné wong Israèl, jenengé Sélomit. Sélomit kuwi anaké Dibri, saka taler Dhan. Ing sawijining dina wong mau padu karo wong Israèl. Sajroné padha padu, wong kuwi ngipat-ipati Gusti Allah. Mulané banjur diirid déning wong Israèl sawetara disowanaké Musa.

11(24:10)

12Wongé ditahan, ngentèni dhawuhé Allah, wong kuwi kudu dikapakaké.

13Dhawuhé Allah marang Musa,

14"Wongé gawanen metu saka ing désa. Saben wong sing krungu enggoné ngipat-ipati Allah, kudu numpangaké tangané ing sirahé wong mau, minangka paseksi yèn wong mau salah. Nuli wong sedésa kudu mbenturi wong mau nganggo watu nganti mati.

15Banjur umumna marang umat Israèl yèn sapa sing ngipat-ipati Allah kudu mikul dosané,

16lan diukum pati. Sapa waé, dadia wong Israèl utawa wong manca sing manggon ing tengahé Israèl, yèn ngipat-ipati Allah, kudu dibenturi watu nganti mati déning wong sadésa.

17Sapa sing matèni wong kudu diukum pati.

18Sapa sing matèni ingon-ingoné wong liya, kudu ngijoli. Dhasaré: ‘Nyawa kudu diijoli nyawa’.

19Wong sing milara wong liya, kudu genti dipilara.

20Sing gawé putungé balungé liyan. Kudu diwales diputung balungé. Sing gawé mripaté pepadhané wuta sesisih, kudu diwales mripaté sesisih digawé wuta. Sing ngantem pepadhané nganti rampal untuné, kudu diwales diantem nganti rampal untuné. Tatu apa waé sing disebabaké déning penggawéné, kudu diwales nganggo tatu sing saukur karo penggawéné.

21Sapa sing matèni kéwan, kudu ngijoli, nanging sapa sing matèni wong, kudu diukum pati.

22Ukuman kanggo wong Israèl lan wong manca sing manggon ing tengahé, padha waé, merga Aku iki Pangéran, Allahmu."

23Sawisé Musa ngumumaké prenatan mau marang bangsa Israèl, wongé sing ngipat-ipati Allah mau banjur digawa metu saka désa lan dibenturi watu nganti mati. Mengkono bangsa Israèl nglakoni apa sing kadhawuhaké déning Allah lantaran Musa.



 <<  Imamat 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel