Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 25 >> 

1Gusti Allah ndhawuhi menèh marang Musa ing Gunung Sinai, supaya

2maringaké prenatan-prenatan marang umat Israèl mengkéné: "Yèn kowé mengko mlebu ing tanah sing dijanjèkaké Allah marang kowé, kowé ora kena nggarap lemahmu ing taun kapitu; srana mengkono kowé ngurmati Allah.

3Sajroné nem taun kowé kudu nanduri lemahmu, magasi wit anggurmu, lan nglumpukaké panènmu.

4Nanging taun kapitu kuwi konjuk marang Allah. Mulané ing taun mau lemahmu kudu kokjaraké waé. Pategalanmu aja koktanduri, lan kebon anggurmu aja kokpagasi.

5Tekan gandum sing thukul dhéwé aja kokenèni, lan wohé wit anggurmu sing ora kokpagasi uga aja kokundhuh; ing taun kuwi lemahmu karebèn ngaso.

6Éwasemono pametuné lemah mau bakal cukup kanggo panganmu, pangané para baturmu, buruhmu lan wong manca sing manggon ing tengahmu.

7Uga cukup kanggo pangané raja-kayamu lan kanggo kéwan-kéwan alasan. Kabèh pametuné lemahmu mau klilan kokpangan."

8"Ngétunga pitung taun ping pitu, yakuwi patang puluh sanga taun.

9Tanggal sepuluh sasi pitu kuwi dina pangruwating dosa. Ing dina mau kudu ana wong sing ngunèkaké slomprèt ndlajahi sanegara.

10Mengkono enggonmu kudu nucèkaké taun sing kaping sèket, lan ngundhangaké pangluwaran marang wong sanegara kabèh. Ing taun mau sakèhé barang-darbé sing wis diedol kudu dibalèkaké marang sing duwé. Wong sing wis diedol dadi batur-tukon, kudu dibalèkaké marang kulawargané menèh.

11Lemahmu aja koktanduri, lan gandum sing thukul dhéwé aja kokenèni, lan aja ngundhuh woh anggur saka kebon anggurmu sing ora kokpagasi.

12Merga taun kuwi Taun Yobèl, sing kudu koksucèkaké. Pametuné thethukulan sing tuwuh dhéwé ing palemahanmu kuwi thok sing kena kokpangan.

13Ing Taun Yobèl sakèhing palemahan sing wis diedol kudu dibalèkaké marang sing duwé.

14Yèn kowé ngedol palemahan utawa tuku saka pepadhamu aja nganti gawé pitunané padha sedulur.

15Regané lemah mau kudu ditetepaké miturut cacahing taun olèhé bakal panèn, tekan Taun Yobèl candhaké.

16Sing diedol utawa dituku mau cacahing panènan, mulané regané lemah mau undha-usuk manut cacahé panènan sadurungé Taun Yobèl candhaké.

17Kowé aja mblithuk sedulurmu padha bangsa, nanging wedia marang Allahmu."

18"Padha netepana angger-angger lan dhawuhé Allah, supaya uripmu tentrem ana ing tanah kéné.

19Pametuné tanah iki bakal cukup kokpangan nganti wareg, lan kowé bisa manggon ing kono klawan tentrem.

20Yèn ana wong takon, ‘Apa sing bakal dakpangan ing taun kapitu, yèn ora kena nyebar lan ora kena ngenèni palemahanku?’

21Ing taun sing kanem Gusti Allah bakal mberkahi palemahanmu nganti pametuné cukup kokpangan rong taun.

22Malah yèn kowé nggarap lemahmu ing taun kawolu, panènanmu sing biyèn durung entèk kokpangan, isih cukup kokpangan nganti tekané panènan taun kawolu mau."

23"Kowé ora kena ngedol lemahmu; sing kena kokedol mung wewenangmu. Merga lemah kuwi dudu duwèkmu, nanging kagungané Allah. Déné kowé ibaraté kaya wong manca sing olèh wewenang nggarap lemah mau.

24Senajan lemah wis diedol, sing duwé lemah mau tetep wenang nebus lemahé menèh.

25Yèn ana wong Israèl sing merga saka mlaraté kepeksa ngedol lemahé, sanak-seduluré sing cedhak dhéwé wajib nebus lemah mau.

26Yèn wong mau ora duwé sanak-sedulur sing bisa nebus lemah kuwi, bisa uga wong mau mbésuk yèn wis kuwat, kuwagang nebus dhéwé.

27Akèh sethithiké tebusan gumantung saka cacahé taun panènan nganti tekané Taun Yobèl. Ing Taun Yobèl lemah mau wajib dibalèkaké marang sing duwé biyèn.

28Nanging yèn sing ngedol lemah mau ora duwé dhuwit kanggo nebus, lemah mau tetep dadi wewenangé sing tuku, nganti tekané Taun Yobèl. Ing taun kuwi lemah mau bakal bali dadi duwèké sing ngedol biyèn.

29Omah ing njeron kutha sing dipageri témbok mubeng, yèn diedol kena ditebus sajroné setaun sawisé dol-tinuku mau.

30Yèn sajroné wektu kuwi ora ditebus, wewenangé nebus omah mau ilang. Omah kuwi saterusé dadi wewenangé sing tuku turun-temurun. Ing Taun Yobèl omah mau ora dibalèkaké marang sing duwé biyèn.

31Omah ing désa sing ora dipageri témbok mubeng yèn diedol prenatané padha karo lemah pategalan, yakuwi: Sing ngedol wenang nebus omah mau, lan ing Taun Yobèl omah mau kudu dibalèkaké marang sing duwé.

32Nanging wong Lèwi selawasé wenang nebus omahé ing njeron kutha sing ditetepaké dadi padunungané.

33Éwadéné yèn wong Lèwi sing ngedol omahé ing njeron kutha mau ora nebus, omah mau ing Taun Yobèl kudu dibalèkaké marang dhèwèké. Merga omahé wong Lèwi sing ana ing njeron kutha kuwi duwèké wong Lèwi ing antarané umat Israèl, sing ora kena diowah-owah.

34Ara-ara minangka pangonan sing ana ing kiwa-tengené kutha-kuthané wong Lèwi babar-pisan ora kena diedol. Kuwi duwèké wong Lèwi ing selawas-lawasé."

35"Yèn ing panggonanmu ana sedulurmu wong Israèl sing ora duwé nganti ora bisa madeg dhéwé, kudu koksokong, padha akèhé karo yèn kowé ngopahi buruh harian. Kaya mengkono patrapé enggonmu ngukup sedulurmu.

36(25:36-37) Kowé aja njaluk anakan dhuwit sing kokutangaké marang sedulurmu sing kesrakat mau. Kowé wedia marang Allah. Karebèn sedulurmu mau lestari urip.

37(25:36)

38Mengkono dhawuhé Pangéran Allahmu, sing ngirid kowé metu saka ing tanah Mesir lan maringaké tanah Kenaan marang kowé, supaya Panjenengané jumeneng dadi Allahmu."

39"Menawa ana sedulurmu wong Israèl sing manggon ing sacedhakmu nandhang kekurangan, nganti ngedol awaké dhéwé dadi batur-tukonmu, wong mau aja kokrengkuh kaya batur-tukon.

40Wong kuwi anggepen buruh harian ing omahmu tekan Taun Yobèl candhaké.

41Ing wektu kuwi wong mau lan anak-anaké kudu metu saka omahmu, bali menyang kulawargané, lan menyang palemahané leluhuré.

42Bangsa Israèl kuwi abdiné Allah, merga Panjenengané sing ngirid saka tanah Mesir; mulané ora kena diedol kaya batur-tukon.

43Dadi wong Israèl sing dadi baturmu ora kena disiya-siya. Padha wedia marang Allah.

44Yèn kowé butuh batur-tukon, tukua sing asalé saka bangsa-bangsa sakiwa-tengenmu.

45Utawa tukua anak-anaké wong manca sing manggon ing antaramu. Anak-anaké wong manca sing lair ing negaramu, kena kokdadèkaké batur-tukonmu,

46lan kena kokwarisaké marang anak-anakmu selawasé urip. Nanging pepadhamu wong Israèl ora kena koksiya-siya.

47Menawa ing tengahmu ana wong manca dadi sugih, mangka ana pepadhamu wong Israèl sing nandhang kekurangan, lan ngedol awaké dadi batur-tukoné wong manca mau utawa marang sanak-seduluré wong manca kuwi,

48wong Israèl mau kena ditebus déning seduluré lanang,

49utawa déning pamané, utawa déning naksanaké, utawa déning sanak-seduluré sing cedhak. Utawa, menawa wong mau ing tembé duwé dhuwit dhéwé, kena nebus awaké dhéwé.

50Wong sing dadi batur-tukon mau kudu rembugan karo bendarané. Kudu padha ngétung cacahé taun wiwit enggoné dituku dadi batur-tukon tekan Taun Yobèl candhaké. Sawisé mengkono lagi netepaké pira sing kudu dibayar kanggo panebusé. Rega mau kudu ditetepaké manut opahé harian.

51(25:51-52) Wong sing dadi batur-tukon kudu mbalèkaké sapérangané dhuwit patukon manut cacahé taun tekan Taun Yobèl candhaké,

52(25:51)

53dadi kaya buruh sing dibayar déning bendarané, ora kena disiya-siya.

54Menawa ora ana patrap liyané kanggo ngluwari batur-tukon mau, dhèwèké lan anak-anaké kudu diluwari ing Taun Yobèl candhaké.

55Wong Israèl ora kena dadi batur-tukon selawasé urip, merga bangsa kuwi abdiné Allah. Allah piyambak sing ngirid bangsa mau metu saka ing tanah Mesir. Panjenengané kuwi Pangéran, Allahé."



 <<  Imamat 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel