Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 3 >> 

1Yén wong nyaosake kurban keslametan rupa sapi, sapiné kena lanang, kena wadon, nanging kudu mulus, tanpa cacad.

2Wong sing nyaosaké kurban mau kudu numpangaké tangané ing endhasé sapi mau, banjur nyembelèh sapiné ing ngareping lawangé Kémah Palenggahané Allah. Imam-imam anak-turuné Harun kudu nyiramaké getihé sapi mau ing lambungé mesbèh mubeng.

3Kurban keslametan sing disaosaké marang Allah mau sebagéan dienggo kurban panggangan, yakuwi: gajih sing temèmpèl ing jeroan,

4ginjel sagajihé, lan péranganing ati sing apik dhéwé.

5Kabèh mau kudu diobong bebarengan karo pérangan liya-liyané, ing mesbèh déning imam. Gandané kurban panggangan mau gawé renaning penggalihé Allah.

6Yèn sing disaosaké ing kurban keslametan mau rupa wedhus gèmbèl utawa wedhus jawa, kena lanang, kena wadon, nanging kudu mulus, tanpa cacad.

7Yèn sing disaosaké rupa wedhus gèmbèl,

8wongé kudu numpangaké tangané ing endhasé wedhus mau, banjur nyembelèh wedhusé ing ngarep Kémah Suci. Imam kudu nyiramaké getihé wedhus mau ing lambungé mesbèh mubeng.

9Sing kudu disaosaké dadi kurban panggangan konjuk marang Allah, mung pérangan-pérangané, yakuwi: gajih, buntuté kabèh sing ana gajihé, dikethok ngepok, mèpèt ula-ula, gajih sing temèmpèl ing jeroan,

10ginjel sagajihé, lan péranganing ati sing apik dhéwé.

11Imam kudu ngobong kabèh mau ing mesbèh dadi kurban panggangan katur marang Allah.

12Yèn sing disaosaké rupa wedhus jawa,

13wong sing saos kurban kudu numpangaké tangané ing endhasé wedhus mau, banjur nyembelèh wedhusé ing ngarep Kémah Suci. Imam kudu nyiramaké getihé kéwan mau ing lambungé mesbèh mubeng.

14Sing kudu disaosaké imam dadi kurban panggangan katur marang Allah, yakuwi gajih kabèh sing temèmpèl ing jeroan,

15ginjel sagajihé, lan péranganing ati sing apik dhéwé.

16Kuwi mau kabèh diobonga déning imam ing mesbèh, dadi kurban panggangan sing gawé renaning penggalihé Allah. Gajihé kéwan mau kabèh kasaosna marang Allah.

17Wong Israèl, sapa waé, ora kena mangan gajih utawa getih. Prenatan iki kanggo selawas-lawasé lan kudu ditetepi déning saben wong Israèl, sing padha manggon ing ngendi waé.



 <<  Imamat 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel