Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 10 >> 

1Iki tedhak-turuné anak-anaké Nuh: Sèm, Kham lan Yafèt. Sawisé banjir patopan telu-teluné padha kaparingan anak-anak lanang.

2Turuné Yafèt yaiku: Gomèr, Magog, Madai, Yawan, Tubal, Mèsèkh lan Tiras. Kuwi padha dadi leluhuré bangsa-bangsa kang disebut kaya jenengé wong-wong mau.

3Turuné Gomèr yakuwi bangsa-bangsa Askenas, Rifat lan Togarma.

4Turuné Yawan yakuwi bangsa-bangsa: Élisa, Spanyol, Siprus lan Rodhès.

5Bangsa-bangsa mau padha manggon ing sauruting pesisir lan ing pulo-pulo. Kabèh kuwi turuné Yafèt, sing padha manggon miturut taleré ing tanahé dhéwé-dhéwé, migunakaké basané dhéwé-dhéwé.

6Turuné Kham yakuwi: Kus, Mesir, Libia lan Kenaan. Padha dadi bangsa-bangsa sing jenengé kaya jenengé wong-wong sing nurunaké mau.

7Turuné Kus yakuwi bangsa Séba, Hawila, Sabta, Raéma, lan Sabteka. Turuné Raéma yakuwi bangsa-bangsa Syéba lan Dédan.

8Kus duwé anak lanang jenengé Nimrod. Nimrod mau dadi ratu sing wiwitan ing bumi.

9Merga pitulungané Gusti Allah, Nimrod dadi juru-mbebedhag sing peng-pengan, nganti ana pocapan mengkéné, "Muga-muga Gusti Allah mberkahi kowé kaya Nimrod."

10Ing wiwitan, kratoné Nimrod mengku kutha-kutha Babil, Érèkh lan Akad, telu-teluné ana ing tanah Babilonia.

11Saka kono Nimrod ngelar jajahané tekan Asyur, banjur ngedegaké kutha-kutha Ninewé, Réhobot-Ir, Kalah,

12lan Résèn, kang dunungé ing antarané Ninewé lan kutha gedhé Kalah.

13Turuné Mesir yakuwi bangsa-bangsa Lidhia, Anamim, Lehabim, Naftukhim,

14Patrusim, Kaslukhim, lan Kaftorim, yakuwi leluhuré bangsa Filistin.

15Anaké lanang Kenaan sing mbarep jenengé Sidon, banjur Hèt, padha dadi leluhuré bangsa-bangsa sing jenengé disebut miturut jenengé para leluhuré mau.

16Kenaan uga dadi leluhuré bangsa-bangsa Yébusi, bangsa Amori lan bangsa Girgasi,

17bangsa Hèwi, bangsa Arki, bangsa Sini,

18bangsa Arwadi lan bangsa Semari, sarta bangsa Hamati. Taler-taleré bangsa Kenaan mau sumebar tekan endi-endi,

19temah tapel watesé bangsa Kenaan kuwi wiwit saka ing Sidon, ing peneré Gérar tutug ing Gaza, lan mengétan ing peneré Sodom, Gomora, Admah lan Zéboim, cedhaké Lasa.

20Kuwi mau padha turuné Kham, sing padha manggon manut taleré ing tanahé dhéwé-dhéwé, lan padha migunakaké basané dhéwé-dhéwé.

21Déné Sèm, kakangné Yafèt, kuwi leluhuré bangsa Ibrani.

22Anak-anaké Sèm sing lanang yakuwi Élam, Asyur, Arpakhsad, Lud lan Aram, dadi para leluhuré bangsa-bangsa sing jenengé kaya jenengé para leluhuré mau.

23Turuné Aram yakuwi bangsa-bangsa Us, Hul, Gètèr lan Mas.

24Arpakhsad nurunaké Sélah, lan Sélah nurunaké Ébèr.

25Ébèr duwé anak lanang loro. Sing siji jenengé Pèlèg, awit nalika semono bumi kapérang-pérang. Anak sing kapindho jenengé Yoktan.

26Yoktan dadi leluhuré bangsa-bangsa: Almodad, Sèlèf, Hazar-Mawèt lan Yérah,

27Hadoram, Uzal lan Diklah,

28Obal, Abimaèl lan Syéba,

29Ofir, Hawila lan Yobab. Kuwi mau kabèh padha turuné Yoktan.

30Tanah sing dienggoni wiwit saka Mésa tekan Séfar, yakuwi tanah pegunungan ing sisih Wétan.

31Kabèh mau turuné Sèm, sing padha manggon ing tanahé dhéwé-dhéwé manut taleré, lan nganggo basané dhéwé-dhéwé.

32Bangsa-bangsa mau kabèh padha turuné Nuh, miturut sarasilahé dhéwé-dhéwé; pemanggoné padha pencar-pencar; yakuwi sabubaré banjir patopan.



 <<  Kejadian 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel