Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 12 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Abram, "Kowé lungaa! Negaramu, bangsamu lan omahé bapakmu tinggalen. Kowé mangkata menyang negara sing bakal Daktedahaké marang kowé.

2Kowé bakal Dakdadèkaké bangsa gedhé, bakal Dakberkahi lan jenengmu Dakgawé misuwur. Karo menèh kowé bakal dadi marganing berkah kanggo wong akèh.

3Sing sapa mberkahi kowé bakal genti Dakberkahi, nanging sing sapa nyupatani kowé bakal genti Daksupatani; lan merga kowé sakèhing bangsa ing bumi bakal binerkahan."

4Abram budhal, ngèstokaké dhawuhé Gusti Allah. Lot mèlu. Nalika budhal saka Haran, Abram umuré pitung puluh lima taun.

5Abram mboyong Sarai, bojoné, karo Lot, keponakané, sarta barang-darbèké kabèh, karo réwang-réwangé enggoné olèh ana ing Haran, digawa menyang tanah Kenaan. Bareng wis tekan ing kono,

6Abram banjur ndlajahi tanah mau nganti tekan ing kutha Sikèm, ing papan pangibadah sing ana wit-witané, sacedhaké Morèh. Nalika semono tanah mau isih dienggoni wong Kenaan.

7Ana ing kono Gusti Allah ngetingal, sarta Abram dingandikani mengkéné, "Tanah iki bakal Dakparingaké marang tedhak-turunmu." Abram nuli ngedegaké mesbèh konjuk marang Allah, kang ngetingal mau.

8Sawisé kuwi Abram nuli nerusaké lakuné mengidul menyang pegunungan, sawétané kutha Bètèl, lan masang kémah ing antarané kutha Bètèl lan kutha Ai. Bètèl mono ana ing sisih Kulon, déné Ai ing sisih Wétan. Ana ing kono Abram uga ngedegaké mesbèh konjuk marang Allah, sarta memuja nyebut Asmané Allah.

9Sawisé mengkono Abram nuli budhal menèh, pindhah saka panggonan siji menyang sijiné, ngener tanah Kenaan sisih Kidul.

10Kocapa bareng ing tanah Kenaan kono ana pailan gedhé, Abram nuli budhal menyang tanah Mesir, lan manggon ana ing kono nganti sawetara mangsa.

11Nalika arep mlebu ing tanah Mesir, Abram kandha karo Sarai, bojoné, "Rupamu kuwi ayu.

12Samasa wong Mesir weruh rupamu, sarta padha ngarani yèn kowé kuwi bojoku, aku mesthi bakal dipatèni lan kowé diuripi.

13Mulané beciké ngakua yèn kowé adhiku wadon, supaya aku ora dipatèni merga saka kowé, lan direngkuh becik."

14Temenan, bareng Abram tekan tanah Mesir, wong Mesir weruh yèn Sarai kuwi ayu banget.

15Bareng ana abdiné Sang Pringon sawetara sing iya weruh, nuli ngaturi pirsa Sang Prabu lan matur yèn Sarai kuwi ayuné ora ana sing nandhingi, temahan Sarai banjur diboyong déning Sang Prabu menyang kedhaton.

16Krana saka Sarai, Abram direngkuh becik déning Sang Pringon, sarta kaparingan wedhus, sapi, kuldi lanang-wadon, unta, sarta batur-tukon lanang lan wadon.

17Nanging Gusti Allah nekakaké kasangsaran marang Sang Pringon lan wong sakedhaton kabèh merga saka Sarai, bojoné Abram mau.

18Sang Pringon nuli nimbali Abram, sarta ngandika, "Kokmengkono tumindakmu marang aku? Yagéné kowé kokora matur yèn Sarai kuwi bojomu?

19Yagéné kokakokaké sedulurmu wadon, nganti banjur dakpundhut garwa? Wis, iki bojomu, gawanen lunga!"

20Sang Pringon nuli dhawuh marang para abdiné ngeteraké Abram tekan ing tapel wates. Abram lan bojoné padha budhal nggawa sabarang-darbèké kabèh.



 <<  Kejadian 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel