Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 22 >> 

1Sawisé lelakon kuwi mau Gusti Allah nuli ndadar precayané Abraham, pangandikané, "Abraham!" Unjuké Abraham, "Kawula, Gusti!"

2Dhawuhé Gusti Allah, "Ngajaka Iskak, anakmu ontang-anting sing koktresnani, menyanga tanah Moria. Ana ing kana anakmu gawénen kurban ing gunung kang bakal Daktuduhaké marang kowé."

3Ésuké umun-umun Abraham banjur nglapaki kuldiné, ngajak abdi loro lan anaké, Iskak, karo nggawa kayu sing wis disigari, sing arep kanggo saos kurban obongan. Banjur padha budhal mlaku menyang panggonan sing didhawuhaké déning Gusti Allah.

4Ing telung dinané Abraham weruh panggonan mau saka kadohan.

5Nuli kandha karo abdi-abdiné, "Kowé kèria ana ing kéné karo kuldiné. Aku karo Iskak dakterus mrana saos kurban marang Allah. Yèn wis rampung aku dakbali mréné menèh."

6Kayu sing arep kanggo saos kurban dikon manggul Iskak. Abraham dhéwé nggawa geni lan ladingé. Nalika lagi padha mlaku bareng,

7Iskak matur, "Pak". Wangsulané Abraham, "Apa nggèr?" Pitakoné Iskak, "Latu lan kajengipun sampun wonten, nanging cempé ingkang badhé kadamel kurban pundi?"

8Wangsulané Abraham, "Allah piyambak sing bakal maringi." Sekaroné banjur nerusaké lakuné.

9Satekané panggonan sing dingandikakaké déning Gusti Allah, Abraham banjur gawé mesbèh lan nata kayuné. Iskak banjur dibanda, ditumpangaké ing sandhuwuré kayu ing mesbèh.

10Nuli njupuk ladingé, arep dienggo nyembelèh anaké.

11Nanging Malaékaté Pangéran nguwuh saka ing langit, "Abraham, Abraham!" Aturé Abraham, "Kula, Gusti."

12Pangandikané malaékat, "Bocah kuwi aja koktatoni, aja kokkapak-kapakaké. Saiki aku ngerti yèn kowé bekti lan manut marang sadhawuhé Allah, nganti ora ngéman anakmu ontang-anting kapundhut kadadèkaké kurban."

13Abraham nolèh ngiwa-nengen, weruh ana wedhus gèmbèl lanang sunguné kecanthol ing grumbul. Wedhus mau banjur dijupuk lan digawé saos kurban, liruné anaké.

14Abraham njenengaké panggonan mau: "Allah nyawisi". Tekan sepréné ana unèn-unèn: "Gusti Allah wis nyawisi ana ing gunungé."

15Malaékaté Pangéran nguwuh menèh saka ing langit marang Abraham,

16"Aku supaos demi Asma-Ku piyambak, rèhné kowé ora owel nyaosaké anakmu ontang-anting,

17mulané Aku bakal nglubèraké berkah-Ku marang kowé. Anak-turunmu bakal dadi akèh banget kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing gisiking segara. Anak-turunmu bakal nelukaké para mungsuhé lan ngrebut kutha-kuthané.

18Lantaran turunmu sakèhing bangsa ing bumi bakal padha binerkahan, merga kowé wis nglakoni apa sing Dakdhawuhaké."

19Sawisé mengkono Abraham banjur marani abdi-abdiné, nuli padha bebarengan mulih menyang Bèrsyéba. Abraham saterusé manggon ana ing kono.

20Sawisé lelakon mau Abraham olèh kabar yèn Nahor, adhiné, duwé anak lanang wolu patutan saka Milka, bojoné, yakuwi:

21Us, sing mbarep, banjur adhi-adhiné: Bus, Kemuèl, sing dadi leluhuré bangsa Aram,

22Kèsèd, Hazo, Pildasy, Yidlaf, lan Bétuèl.

23Bétuèl kuwi bapakné Ribkah.

24Nahor duwé selir jenengé Réuma, sing nglairaké Tébah, Gaham, Tahasy lan Maaka.



 <<  Kejadian 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel