Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 29 >> 

1Yakub banjur nerusaké lakuné, ngener ing tanah sawétané Kenaan.

2Dumadakan weruh ana sumur ing ara-ara, lan ing sacedhaké kono ana wedhus telung pantha padha njerum, merga ing sumur kono panggonané wong padha ngombèkaké wedhusé. Sumur mau ana tutupé watu gedhé.

3Yèn wedhusé wis nglumpuk kabèh, lagi para pangon nyingkiraké watu sing nutupi cangkemé sumur mau, lan wedhusé padha diombèni. Yèn wis rampung watu tutup mau dibalèkaké menèh.

4Yakub banjur ngaruh-aruhi para pangon sing ana ing kono, "Sampéyan niku tiyang pundi?" Wangsulané para pangon, "Tiyang Haran."

5Pitakoné Yakub menèh, "Napa sampéyan tepang kalih Laban, anaké Nahor?" Wangsulané, "Inggih tepang."

6Pitakoné Yakub menèh, "Napa pak Laban taksih wilujeng?" Wangsulané, "Inggih. Lha nika, laré èstri sing nggiring méndané mriki, nika Rahèl, putrané pak Laban."

7Pangucapé Yakub, "Niki rak taksih siyang, kokméndané empun digiring wangsul, niku sebabé napa? Napa mboten saé diombèni, lajeng diengèn malih?"

8Wangsulané, "Dèrèng saged sami ngombèni, yèn dèrèng sedaya sami nglempak. Sebab séla sing nutupi sumur niku kedah diangkat sesarengan, digolingaké, ménda-ménda lajeng diombèni. Menawi mboten sesarengan kalih kanca kathah kita mboten kiyat ngangkat sélané."

9Sajroné isih caturan karo para pangon mau, Rahèl teka nggiring wedhusé bapakné.

10Bareng weruh Rahèl, Yakub banjur menyat menyang sumur. Watuné diangkat lan disisihaké. Wedhus-wedhusé nuli diombèni.

11Sawisé kuwi banjur ngambung Rahèl, karo nangis merga saka bungahé.

12Tembungé Yakub, "Aku iki anaké Ribkah, adhiné bapakmu."

13Rahèl banjur énggal-énggal mulih, ngandhani bapakné.

14Bareng Laban krungu critané anaké bab Yakub, keponakané, banjur ora sranta, mlayu menyang sumur, arep mbagèkaké. Yakub banjur dirangkul lan diambungi, sarta diajak mlebu ing omahé. Sawisé Yakub nyritakaké sakèhé lelakoné, Laban banjur clathu, "Sejatiné kowé kuwi isih kulit-dagingku dhéwé." Yakub mondhok ana ing kono lawasé nganti sesasi.

15Ing sawijining dina Laban kandha karo Yakub mengkéné, "Senajan kita iki isih padha sedulur, kuwi ora ateges yèn kowé nyambut-gawé ing kéné tanpa dakopahi. Saiki kandhaa waé, kowé njaluk opah pira?"

16Déné Laban mau duwé anak wadon loro; sing mbarep jenengé Léa, lan adhiné jenengé Rahèl.

17Léa mripaté mblalak, déné Rahèl pawakané apik lan rupané ayu.

18Yakub ngesir Rahèl, mulané kandha karo Laban, tembungé, "Kula sagah ngèngèr panjenengan pitung taun, angger kula dipun parengaken kawin kaliyan Rahèl."

19Wangsulané Laban, "Ya kena. Luwih becik dakwènèhaké kowé ketimbang dakwènèhaké wong liya. Mulané wis mèlua aku waé."

20Yakub nglakoni ngèngèr pitung taun supaya olèh Rahèl. Kanggoné Yakub pitung taun mau mung kaya sawetara dina, kagawa saka tresnané marang Rahèl.

21Yakub banjur matur marang Laban, "Wekdal kula ngèngèr sampun rampung. Keparenga kula samenika kawin kaliyan kang putra Rahèl."

22Laban banjur mantu gedhèn lan ngulemi kenalané kabèh.

23Bengi kuwi sing ditemokaké karo Yakub dudu Rahèl, nanging Léa, lan kuwi sing dikumpuli Yakub.

24Laban nggawani Léa batur wadon, jenengé Zilpa.

25Lagi ésuké Yakub ngonangi, yèn sing dikumpuli turu kuwi Léa. Banjur marani Laban lan matur, "Menika kadospundi? Enggèn kula ndhèrèk panjenengan menika rak supados angsal Rahèl? Kénging menapa panjenengan ngapusi kula?"

26Wangsulané Laban, "Miturut adat ing kéné sing enom ora kena diningkahaké dhisik nglangkahi sing tuwa.

27Ngentènana nganti kraméan pitung dina iki rampung. Mengko Rahèl uga dakwènèhaké marang kowé, angger kowé gelem ngèngèr aku pitung taun lawasé."

28Yakub manut. Sawisé kraméan mantu rampung, Laban mènèhaké Rahèl, anaké, dadi bojoné Yakub.

29Kejaba kuwi Laban mènèhaké batur-tukon sing jenengé Bilha.

30Rahèl uga dikumpuli, malah luwih ditresnani ketimbang Léa. Yakub nyambung enggoné nyambut-gawé mèlu Laban pitung taun lawasé.

31Bareng Gusti Allah mirsa, yèn Léa ora pati ditresnani kaya Rahèl, Léa diparingi anak, nanging Rahèl ora.

32Léa ngandheg lan mbabar anak lanang. Tembungé, "Allah wis mirsani kasusahanku, lan saiki bojoku bakal tresna karo aku." Mulané bocah mau banjur dijenengaké Rubèn.

33Sawisé kuwi Léa ngandheg menèh lan mbabar anak lanang. Léa banjur muni, "Pangéran wis midhanget yèn aku dikiwakaké, mulané aku ditambahi anak." Bocah mau banjur dijenengaké: Siméon.

34Léa ngandheg menèh lan mbabar anak lanang. Tembungé, "Bojoku bakal luwih kecancang marang aku, awit saiki anakku lanang telu." Bocah mau banjur dijenengaké: Lèwi.

35Sawisé kuwi Léa ngandheg menèh lan mbabar anak lanang. Tembungé, "Saiki aku arep memuji marang Pangéran." Bocah mau banjur dijenengaké: Yéhuda. Sawisé kuwi Léa ora duwé anak menèh.



 <<  Kejadian 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel