Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 3 >> 

1Padha-padha kéwan sing katitahaké déning Gusti Allah, ula kuwi kéwan sing sugih akal. Ula mau takon karo wong wadon, "Apa bener Gusti Allah ora marengaké kowé mangan wohing wit-witan kabèh sing ana ing petamanan iki?"

2Wangsulané wong wadon, "Wohé wit-witan ing petamanan iki padha olèh dakpangan,

3kejaba mung wohé wit sing ana ing satengahé petamanan; sing didhawuhaké déning Gusti Allah, ‘Aja kokpangan, malah kokgepok waé ora kena, supaya kowé aja padha mati.’"

4Ula banjur kandha, "Kuwi ora bener! Kowé ora bakal mati!

5Gusti Allah enggoné ngandika mengkono mau merga pirsa yèn samasa kowé padha mangan woh kuwi, kowé bakal dadi kaya Gusti Allah, lan ngerti apa sing becik lan sing ala."

6Wong wadon bareng namataké banjur kesengsem marang kaéndahané wit lan wohé mau, sing sajak prayoga dipangan lan bisa ngolèhaké kapinteran, mulané banjur methik woh mau, nuli dipangan. Sing lanang diwènèhi lan iya mèlu mangan.

7Sanalika iku uga pikirané wong loro mau kabukak, temahan padha weruh yèn wuda. Mulané banjur padha nggandhèng-nggandhèng godhong anjir kanggo nutupi awaké.

8Soréné bareng lan sumiliré angin, manungsa lan sing wadon padha krungu sebawané tindaké Gusti Allah lumampah ana ing petamanan, nuli padha umpetan ing antarané wit-witan, supaya ora konangan.

9Gusti Allah banjur nimbali manungsa, pangandikané, "Kowé ana ing endi?"

10Wangsulané manungsa, "Sareng kawula mireng Panjenengan tindak wonten ing petamanan, kawula ajrih, mila lajeng umpetan, awit kawula wuda."

11Gusti Allah ndangu, "Sapa kang ngandhani kowé, yèn kowé wuda? Apa kowé mangan wohing wit sing ora Dakparengaké kokpangan?"

12Aturé manungsa, "Tiyang èstri ingkang Panjenengan paringaken dados sisihan kawula menika ingkang nyukani wohipun wit wau dhateng kawula, sarta lajeng kawula tedha."

13Gusti Allah banjur ndangu marang wong wadon, "Apa sebabé kowé koktumindak mengkono?" Aturé wong wadon, "Sawer ingkang ngapusi kawula, temahan kawula lajeng nedha."

14Gusti Allah banjur ngandika marang si ula, "Sarèhné kowé nglakoni kang mengkono kuwi, mulané kowé kena ing ipat-ipat merga penggawému. Ing ngatasé sarupané kéwan, mung kowé dhéwé kang nampani paukuman iki. Wiwit saiki lakumu bakal nlosor, lan kowé bakal mangan lebu sajegé uripmu.

15Kowé lan wong wadon iki bakal tansah padha memungsuhan; semono uga turuné wong wadon iki lan turunmu. Turuné wong wadon iki bakal ngremuk endhasmu, lan kowé bakal ngremuk tungkaké."

16Gusti Allah nuli ngandika marang wong wadon, "Aku bakal muwuhi rekasamu sajroné kowé ngandheg, nglarani lan nglairaké anak; éwadéné kowé bakal tansah kepéncut marang bojomu, mangka wong kuwi bakal ngwasani kowé."

17Gusti Allah nuli ngandika marang wong lanang, "Sarèhné kowé nggugu marang tembungé rabimu, sarta mangan wohé wit sing ora Dakparengaké kokpangan, mulané bumi kena ing ipat-ipat krana kowé: Supaya kowé bisa mangan pametuné bumi iki, sajegé urip kowé bakal ngrekasa.

18Bumi bakal metokaké eri lan rerungkudan; iya pametuné kuwi sing dadi panganmu.

19Enggonmu mangan rejekimu nganggo nyambut-gawé abot, nganti tekan patimu, bali marang bumi asalmu. Sarèhné kowé kuwi lebu, mula bakal bali dadi lebu menèh."

20Manungsa (Adam) awèh jeneng marang bojoné Kawa, merga wong wadon kuwi dadi lajering manungsa kabèh.

21Gusti Allah banjur yasa sandhangan saka welulang dianggokaké marang Adam lan Kawa.

22Gusti Allah nuli ngandika, "Saiki manungsa wis padha karo Kita, ngerti bab kang becik lan kang ala. Mulané saiki manungsa aja nganti methik sarta mangan wohé wit panguripan, temah urip ing selawasé."

23Gusti Allah banjur nundhung manungsa saka petamanan Èden, kadhawuhan ngolah lemah kang dadi asalé.

24Sawusé mengkono Gusti Allah banjur mrenahaké malaékat Kerub ing sawétané petamanan Èden, karo nggawa pedhang murub sing tansah diobat-abitaké. Kuwi kanggo njaga, supaya aja ana wong sing wani nyedhaki witing panguripan.



 <<  Kejadian 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel