Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 30 >> 

1Rahèl ora duwé-duwé anak. Mulané mèri karo mbakyuné. Banjur kandha karo Yakub, "Aku wènèhana anak; yèn ora, aku trima mati."

2Yakub nepsu karo Rahèl. Tembungé, "Aku rak dudu Allah. Allah sing ora marengaké kowé duwé anak."

3Rahèl banjur mangsuli, "Wis, iki Bilha, baturku, kumpulana, supaya duwé anak. Mengko anaké dakpèké."

4Bilha, baturé mau nuli diwènèhaké marang Yakub supaya dipèk bojo. Yakub banjur ngumpuli Bilha,

5temah Bilha ngandheg lan mbabar anak lanang.

6Pangucapé Rahèl, "Allah mbélani aku. Panyuwunku dijurungi; aku diparingi anak lanang." Bocah mau banjur dijenengaké: Dhan.

7Bilha banjur ngandheg menèh lan mbabar anak lanang sing kapindho.

8Pangucapé Rahèl, "Aku wis memungsuhan karo mbakyuku ngrebut berkahé Allah lan aku menang." Mulané bocahé dijenengaké: Naftali.

9Bareng Léa ngerti yèn enggoné duwé anak wis mandheg, banjur mènèhaké Zilpa marang Yakub supaya dipèk bojo.

10Zilpa banjur duwé anak lanang.

11Pangucapé Léa, "aku wis bathi"; mulané bocah mau banjur dijenengaké: Gad.

12Zilpa duwé anak lanang menèh.

13Léa banjur ngucap, "Wah begja temen aku iki"; mulané bocah mau dijenengaké: Asyèr.

14Nalika mangsané panèn gandum, Rubèn nemu tanduran dudai ing pategalan. Tanduran mau diwènèhaké marang Léa, ibuné. Rahèl nembung marang Léa, "Aku mbok njaluk tanduran sing ditemu anakmu kuwi, sethithik waé."

15Wangsulané Léa, "Apa durung cukup enggonmu mbujuki bojoku? Isih arep njaluk tanduran dudai iki?" Rahèl genti mangsuli, "Wis ta, aku wènèhana tanduran kuwi sethithik, mengko bengi Yakub karebèn turu karo kowé."

16Bareng Yakub soréné mulih saka pategalan, Léa methukaké karo muni, "Bengi iki kowé kudu turu karo aku, merga aku wis mbayar nganggo tanduran dudai saka anakku." Bengi kuwi Yakub ngumpuli Léa.

17Gusti Allah njurungi panyuwuné Léa, mulané Léa ngandheg lan mbabar anak lanang sing kalima.

18Pangucapé Léa, "Allah wis mberkahi aku, merga aku mènèhaké Zilpa marang bojoku." Mulané bocah mau dijenengaké: Isakar.

19Léa ngandheg menèh lan mbabar anak lanang kang kanem.

20Pangucapé, "Allah wis paring ganjaran sing éndah marang aku. Saiki bojoku bakal ora ngrèmèhaké aku, merga aku wis awèh anak lanang enem." Bocah mau banjur dijenengaké: Zébulon.

21Sawisé kuwi Léa isih duwé anak menèh, wadon, dijenengaké: Dina.

22Gusti Allah ngèngeti marang Rahèl, lan nyembadani panyuwuné. Rahèl diparingi subur,

23temahan ngandheg lan mbabar anak lanang. Pangucapé Rahèl, "Gusti Allah wis mbuwang wirangku srana maringi anak lanang marang aku.

24Muga-muga aku diparingi anak lanang siji engkas." Mulané bocah mau dijenengaké: Yusuf.

25Bareng Rahèl wis duwé anak Yusuf, Yakub nembung karo Laban, "Keparenga kula wangsul dhateng negari kula malih.

26Sémah-sémah lan anak-anak kula, ingkang kula labeti kalayan ngèngèr panjenengan, kula suwun; lan keparenga kula késah saking ngriki. Panjenengan pirsa bilih kula sampun nyambut-damel kanthi tumemen."

27Nanging Laban mangsuli, "Rungokna nggèr. Aku olèh sasmita, yèn enggonku kaberkahan déning Allah iki merga saka kowé.

28Mulané munia waé kowé njaluk opah pira, mesthi dakturuti."

29Yakub genti mangsuli, "Panjenengan pirsa piyambak kadospundi enggèn kula nyrempeng nyambut-damel. Raja-kaya panjenengan mindhak dados kathah mergi saking pangrimat kula.

30Sadèrèngipun kula dhateng mriki bandha panjenengan mboten sepintena. Mangka samenika dados kathah sanget. Gusti Allah sampun paring berkah kathah dhateng panjenengan margi saking kula. Samenika kula kepéngin nyambut-damel kanggé brayat kula piyambak."

31Pitakoné Laban, "Kowé njaluk apa?" Aturé Yakub, "Kula mboten nyuwun épah menapa-menapa. Kula sagah ngrimati ménda-ménda panjenengan malih, uger panjenengan nyarujuki usul kula mekaten:

32Keparenga kula ningali ménda panjenengan sedaya lan misahaken ménda gèmbèl ingkang cemeng lan ménda jawi ingkang wonten blentong utawi wonten tutulipun. Menika ingkang kula suwun minangka épahan kula.

33Mbénjing panjenengan saged mirsani menapa kula temen saèstu menapa mboten. Menawi panjenengan dhateng mriksa gadhahan kula, gampil kémawon enggèn panjenengan nitik. Saupami kula ngantos gadhah ménda jawi ingkang mboten wonten blentongipun utawi tutulipun, lan malih gadhah ménda gèmbèl ingkang mboten cemeng, ménda-ménda menika mesthi enggèn kula nyolong."

34Laban mangsuli, "Ya wis, aku nyarujuki usulmu kuwi."

35Ing dina iku uga Laban misahaké wedhus jawa lanang, sing ana blentongé utawa tutulé, mengkono uga wedhus jawa wadon sing ana blentongé utawa tutulé, lan sakèhé wedhus gèmbèl sing ireng; wedhus-wedhus mau dipisahaké, banjur dititipaké marang anak-anaké.

36Wedhus-wedhus mau digawa lunga ngedohi panggonané Yakub, adohé wetara lakon telung dina; Yakub mung kena ngengon wedhus-wedhus liyané.

37Sawisé kuwi Yakub banjur nglumpukaké pang-pangé wit hawar, badam lan berangan. Kulité pang-pang mau sapérangan diklothoki, nganti dadi plonthang, putih lan ijo.

38Pang-pang plonthang mau banjur disèlèhaké ana ing panggonané wedhus-wedhus mau padha ngombé, merga lumrahé wedhus-wedhus mau yèn arep ngombé padha kawinan.

39Wedhus-wedhus sing padha kawinan ing sacedhaké pang-pang mau yèn manak anaké mesthi ana sing blentong, ana sing tutul lan ana sing ireng.

40Yakub banjur misahaké wedhus-wedhus gèmbèl saka wedhus-wedhus jawa. Wedhus-wedhus gèmbèl mau nuli diwor karo wedhus jawa sing ana blentongé, sing tutul utawa sing ireng. Srana mengkono Yakub duwé pepanthan wedhus dhéwé, lan ora diemoraké karo pepanthané wedhusé Laban.

41Ing kalané kéwan-kéwan sing rosa arep padha kawinan, Yakub masang pang-pang sing kulité sapérangan diklèthèki ana ing ngarepé kéwan-kéwan mau lan ana ing wadhah pakané.

42Nanging pang-pang mau ora dipasang ana ing ngarepé kéwan-kéwan sing ringkih. Mulané Laban mung olèh kéwan sing putih lan ringkih, déné Yakub olèh kéwan sing rosa, sing rupané ireng, ana blentongé, utawa ana tutulé.

43Srana mengkono Yakub dadi wong sugih banget. Duwé batur akèh, lanang lan wadon, sarta wedhus, unta lan kuldi sepirang-pirang.



 <<  Kejadian 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel