Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 41 >> 

1Let rong taun Sang Pringon ngimpi, kaya-kaya lagi jumeneng ing sapinggiring Bengawan Nil.

2Dumadakan ana sapi lemu-lemu, kulité klimis, jumedhul saka kali; banjur nyenggut suket ing sapinggiré kali mau.

3Ora let suwé ana sapi pitu liyané uga jumedhul, nanging kuru-kuru, presasat mung balung karo kulit. Padha ngadeg ing sandhingé sapi-sapi sing lemu-lemu mau.

4Sapi sing kuru-kuru mau nuli mangan sapi sing lemu-lemu. Sang Prabu banjur nglilir;

5nanging banjur bali saré lan ngimpi menèh. Nèng kanané pirsa ana wulèn gandum pitu, aos-aos, tur tuwa-tuwa, jumedhul saka damèn siji.

6Banjur ana wulèn pitu liyané, sing gabug lan geseng, kayané kebrangas déning angin saka ing segara wedhi.

7Wulèn gandum sing gabug banjur nyaplok wulèn gandum sing mentes (aos). Sang Prabu nuli nglilir lan pirsa yèn mung ngimpi.

8Ésuké Sang Prabu ora kepénak penggalihé, mulané banjur dhawuh nimbali sakèhé tukang sihir lan para ulama satanah Mesir. Impèné nuli dicritakaké, nanging ora ana wong siji waé sing bisa nerangaké tegesé.

9Juru-minuman matur marang Sang Prabu, "Samangké kula badhé blaka, bilih kula naté nglampahi ingkang mboten leres.

10Sang Prabu nalika semanten duka dhateng juru-dhaharan lan dhateng kula, lajeng ndhawuhaken supados kula kekalih dipun kunjara ing griyanipun komandhan keamanan kraton.

11Ing setunggaling dalu kula kekalih sami ngimpi, ingkang gadhah teges piyambak-piyambak.

12Ing kunjara ngriku wonten nènèman Ibrani, réncangipun komandhan keamanan kraton. Kula kekalih nyriyosaken impèn kula piyambak-piyambak dhateng nènèman wau, piyambakipun lajeng nerangaken maknanipun.

13Sedaya kelampahan kados ingkang dipun terangaken, inggih menika, bilih Sang Prabu badhé mangsulaken kula dhateng pedamelan kula malih, nanging ngukum pejah juru-dhaharan."

14Sang Prabu banjur utusan nimbali Yusuf, lan sanalika iku uga diwetokaké saka kunjaran. Sawisé cukur lan salin penganggo, Yusuf nuli sowan ing ngarsané Sang Pringon.

15Sang Pringon banjur ngandika marang Yusuf, "Aku ngimpi, nanging ora ana wong sing bisa nerangaké maknané. Aku dikandhani wong, yèn kowé bisa nerangaké impèn."

16Wangsulané Yusuf, "Sanès kula gusti, nanging Gusti Allah piyambak ingkang badhé maringi ketrangan."

17Sang Prabu banjur ngandika, "Ing sajroning impènku mau kaya-kaya aku lagi ngadeg ing pinggir Bengawan Nil.

18Saka kali mau banjur jumedhul sapi pitu sing lemu-lemu lan kulité klimis, nuli padha nyenggut suket ing sapinggiré kali.

19Dumadakan ana sapi pitu liyané jumedhul, kuru-kuru presasat mung balung karo kulit. Durung tau aku weruh sapi sing èlèké kaya ngono ing tanah Mesir kabèh.

20Sapi sing kuru-kuru mau padha mangan sapi sing lemu-lemu nganti entèk kabèh.

21Éwasemono sapi sing kuru-kuru mau isih tetep padha kuruné kaya sadurungé mangan. Aku banjur nglilir.

22Bareng turu menèh, aku ngimpi menèh, kaya-kaya weruh ana wulèn gandum pitu mentes-mentes tur wis tuwa, metu saka damèn siji.

23Dumadakan ana wulèn gandum pitu liyané jumedhul, nanging kuru-kuru lan kebrangas déning angining segara wedhi.

24Wulèn gandum sing kuru-kuru mau nuli nguntal wulèn sing mentes-mentes. Impèn iki wis dakcritakaké marang para tukang sihir, nanging siji waé ora ana sing bisa nerangaké tegesé."

25Yusuf banjur matur, "Impèn kekalih menika maknanipun sami. Gusti Allah maringi sumerep dhateng panjenengan, menapa ingkang badhé kelampahan.

26Lembu pitu ingkang lema-lema sarta wulèn pitu ingkang mentes-mentes menika tegesipun sami, inggih menika mangsa mirah tedha pitung taun.

27Lembu pitu kera-kera ingkang jumedhul sesampunipun menika, sarta wulèn gandum pitu ingkang kera lan kebrangas déning angining seganten wedhi, menika ngibarataken mangsa paceklik ingkang laminipun pitung taun.

28Kula wau sampun matur, bilih Gusti Allah paring sumerep dhateng Sang Prabu menapa ingkang badhé kelampahan.

29Badhénipun wonten mangsa mirah tedha wradin ing sanegari Mesir.

30(41:30-31) Nanging sesampunipun menika badhé wonten pailan ingkang laminipun inggih pitung taun, ngantos tiyang badhé kesupèn dhateng mangsa mirah tedha ingkang sampun dipun alami, awit pailanipun badhé ageng sanget, ngantos damel cengkaring siti.

31(41:30)

32Déné supenanipun Sang Prabu ngantos rambah kaping kalih, menika tegesipun, bilih prekawis menika sampun dados kekancinganipun Gusti Allah lan mboten kénging kaéwahan, tur badhé énggal kelampahan.

33Milanipun prayogi sanget menawi Sang Prabu ngupados tiyang ingkang lantip saha wicaksana, ingkang saged kaangkat dados pengageng ing negari ngriki.

34(41:34-35) Kejawi menika Sang Prabu ugi kula aturi ngangkat pegawé-pegawé sanèsipun, ingkang kaparingan pangwaos narik sapragangsalipun sedaya panènan gandum selaminipun mangsa kalubèran pitung taun wau; dipun tandhoa ing kitha-kitha sarta kajagi.

35(41:34)

36Gandum wau dadosa tandhon tedha kanggé mangsa pitung taun samangsa tanah Mesir ngalami pailan. Srana mekaten rakyat mboten badhé ngalami pejah kaliren."

37Sang Pringon lan para pegawéné nyarujuki panemuné Yusuf.

38Mula ngandika marang para pegawé mau, "Apa ana wong sing luwih mumpuni ketimbang karo Yusuf, merga dhèwèké kadunungan Rohé Allah?"

39Banjur ngandika marang Yusuf, "Gusti Allah wis maringi weruh iki kabèh marang kowé, dadi cetha yèn kowé luwih lantip lan luwih wicaksana ketimbang karo sapa waé.

40Kowé bakal dakangkat dadi gubernur ing negara kéné, lan rakyat kabèh bakal nglakoni apa sing kokpréntahaké. Ora ana wong sing ngungkuli pangwasamu, kejaba aku dhéwé."

41(41:41-42) Sawisé mengkono Sang Pringon banjur nglolos sesupéné cap krajan saka astané, dienggokaké ing drijiné Yusuf, karo ngandika, "Wiwit saiki kowé dakdadèkaké gubernur ing satanah Mesir kabèh." Yusuf banjur dienggoni jubah léna alus, lan dikalungi kalung emas,

42(41:41)

43sarta ditumpakaké ing kréta keprabon. Pengawalé Sang Pringon mlaku ing ngarepé karo alok-alok, "Minggir. Minggir." Mengkono Yusuf diangkat dadi gubernur ing tanah Mesir kabèh.

44Sang Pringon ngandika marang Yusuf, "Aku sing dadi raja, nanging tanpa palilahmu wong ing satanah Mesir ora kena nindakaké apa-apa."

45(41:45-46) Sang Pringon banjur maringi nama basa Mesir marang Yusuf, yakuwi: Zafnat-Paanéah. Uga diparingi sisihan, jenengé Asnat, anaké Potiféra, imam ing Héliopolis. Nalika diangkat dadi gubernur mau Yusuf umur telung puluh taun. Yusuf nuli mundur saka ing ngarsané Sang Pringon, mider ndlajahi tanah Mesir kabèh.

46(41:45)

47Sajroné pitung taun tanah Mesir ngalami mangsa murah pangan, pametuné bumi nganti turah-turah.

48Yusuf ngumpulaké gandum mau, ditandho ana ing kutha-kutha. Ing saben kutha diedegi lumbung kanggo nandho gandum pametuné palemahan ing sakiwa-tengené.

49Saking akèhé gandum nganti kaya wedhiné segara, mulané banjur wis ora diétung menèh pira sing mlebu lumbung.

50Sadurungé mangsa pailan Yusuf wis duwé anak lanang loro, patutan saka Asnat.

51Pangucapé Yusuf, "Allah wis nggawé aku lali karo sakèhé kasusahanku lan karo brayaté bapakku." Mulané anaké dijenengaké: Manasyè.

52Déné anaké sing kapindho dijenengaké: Éfraim, pangucapé, "Allah maringi anak ana ing tanah panggonanku nandhang kesrakat."

53Bareng mangsa pitung taun murah pangan wis rampung,

54tanah Mesir banjur katerjang pailan nganti pitung taun lawasé, kaya sing dikandhakaké déning Yusuf. Malah sajagad kabèh katerjang pailan, mung ing tanah Mesir dhéwé sing ana pangan.

55Bareng padha kekurangan pangan, rakyat Mesir banjur padha nyuwun pangan marang Sang Pringon. Sang Pringon banjur dhawuh karo wong-wong mau supaya padha sowan Yusuf lan nuruta ing sapréntahé.

56Bareng pailané saya nemen lan wrata satanah Mesir kabèh, Yusuf banjur mbukak lumbung-lumbung gandumé kabèh sarta diedol karo wong Mesir.

57Wong saka manca negara iya padha mrono tuku gandum karo Yusuf, merga negara sajagad padha katerjang pailan gedhé.



 <<  Kejadian 41 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel