Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 42 >> 

1Bareng Yakub krungu yèn ing Mesir ana gandum, banjur kandha karo anak-anaké, "Yagéné kowé kok ora cékat-cèket?

2Aku krungu yèn ing tanah Mesir ana gandum. Mbok padha mranaa, tuku gandum, supaya kita padha ora mati kaliren."

3Kakang-kakangné Yusuf wong sepuluh banjur padha mangkat tuku gandum.

4Mung Bènyamin, adhiné Yusuf, ora dililani mèlu, merga Yakub kuwatir yèn anaké ragil mau kena alangan.

5Merga anané pailan ing tanah Kenaan, anak-anaké Yakub bebarengan karo wong liya-liyané padha tuku gandum menyang tanah Mesir.

6Yusuf, sing dadi gubernur ing tanah Mesir, nedhengé ngedoli gandum marang wong saka ngendi-endi. Mulané kakang-kakangné Yusuf iya padha teka lan sungkem ing ngarepé.

7Yusuf ora pangling karo kakang-kakangné, nanging éthok-éthok ora kenal, malah takon karo sereng, "Kowé wong ngendi?" Wangsulané kakang-kakangné, "Kula sami saking negari Kenaan, sowan kula badhé tumut tumbas tedha."

8Senajan Yusuf dhéwé ora pangling, nanging kakang-kakangné padha pangling karo Yusuf.

9Yusuf kèlingan marang impèné dhèk biyèn bab kakang-kakangné. Banjur clathu, "Kowé kuwi telik; tekamu arep nitik tanah kéné endi sing ora dijaga kuwat."

10Wangsulané kakang-kakangné, "Èstu sanès, gusti! Enggèn kula sami mriki menika saprelu tumbas tedha.

11Kula sami sasedhèrèk, tunggil bapak. Kula sami tiyang saé-saé, sanès telik."

12Wangsulané Yusuf, "Ora! Kowé kabèh kuwi telik. Tekamu arep nitik tanah kéné endi sing ora kuwat penjagané."

13Gentèn diwangsuli karo sedulur-seduluré, "Kula menika asal Kenaan, sami sasedhèrèk, waunipun kalihwelas, tunggil bapak. Setunggal sampun pejah lan ingkang ragil wonten griya kaliyan bapak."

14Clathuné Yusuf, "Rak bener ta kandhaku, yèn kowé kuwi telik kabèh.

15Saiki aku arep weruh sepira katemenanmu. Aku sumpah demi asmané Sang Pringon. Kowé ora bakal lunga saka kéné, yèn adhimu sing ragil ora koksusulaké mréné.

16Kowé salah siji kudu bali njupuk adhimu ragil. Liyané daktahan ana ing kéné, nganti ketitik yèn kowé padha ora goroh. Demi asmané Sang Pringon, yèn adhimu nganti ora teka, tandha yèn kowé kabèh kuwi telik!"

17Wong sepuluh mau banjur dilebokaké ing pakunjaran nganti telung dina.

18Let telung dina Yusuf kandha karo sedulur-seduluré mau, "Aku iki wong sing ngabekti karo Gusti Allah. Yèn kena, kowé dakéman uripmu.

19Yèn kowé pancèn padha wong temen, salah siji kèri kéné, liyané kena mulih nggawa gandum sing wis koktuku kanggo brayat-brayatmu sing padha kekurangan pangan.

20Nuli padha balia mréné ngajak adhimu sing cilik dhéwé, minangka bukti yèn kandhamu mau nyata, lan kowé ora dakukum pati." Kakang-kakangné mau padha ngrujuki usul mau,

21banjur padha rasanan, "Saiki kita padha ngrasakaké piwalesé penggawé kita marang Yusuf dhèk biyèn. Kaya apa biyèn enggoné ngrerepa njaluk diwelasi, nanging kita ora padha ngrèwès karo pesambaté. Mulané saiki kita padha nandhang sengsara."

22Rubèn clathu, "Aku biyèn rak wis kandha. Bocahé aja kokkapak-kapakaké! Nanging kowé padha ora nggugu. Saiki kita diwales."

23Rèhné enggoné padha guneman karo Yusuf mau nganggo juru-basa, mulané para seduluré ora ngira yèn Yusuf ngerti kabèh apa sing padha dirembug.

24Yusuf metu saka kono, nangis. Bareng wis lilih banjur bali mrono menèh lan akon mbanda Siméon ing ngarepé para seduluré.

25Yusuf akon supaya karung-karungé kakang-kakangné padha diisèni gandum nganti kebak, lan dhuwité dibalèkaké ing karungé dhéwé-dhéwé. Uga akon supaya wong-wong mau padha digawani panganan kanggo sangu ana ing dalan. Dhawuh mau iya banjur ditindakaké.

26Sawisé karung-karungé dimomotaké ing kuldi, wong-wong mau banjur padha mangkat.

27Bareng tekan papan panginepan ana sing mbukak karungé arep njupuk gandum kanggo makani kuldiné, weruh dhuwité temumpang ing sandhuwuré gandum.

28Banjur padha alok, "Lho, dhuwité kokdibalèkaké, disèlèhaké ana ing ndhuwur gandum." Kabèh padha entèk atiné, lan saka wediné siji-sijiné padha clathu, "Apa kersané Allah karo kita iki?"

29Satekané ing tanah Kenaan, banjur padha crita karo Yakub bab lelakon-lelakon sing padha dialami. Tembungé,

30"Gubernur Mesir menika priyantunipun kasar. Kula sami dipun westani telik, ingkang kadakwa nitik panggènan ingkang mboten dipun jagi kiyat.

31Kula ugi matur, bilih kula menika tiyang saé-saé,

32sasedhèrèk, tiyang kalihwelas, tunggil bapak. Setunggal sampun pejah, lan ingkang ragil kantun wonten Kenaan kaliyan bapak."

33Nanging gubernur wau ngandika, "Aku kepéngin weruh apa kandhamu kuwi nyata. Kowé salah siji kudu kèri ana ing kéné. Liyané kena mulih ngeteraké gandumé kanggo brayatmu sing padha kurang pangan.

34Adhimu sing ragil jaken mréné. Yèn ngono aku precaya kowé dudu telik, nanging wong sing temen. Adhimu bakal dakbalèkaké, lan kowé kabèh kena dedagangan ana ing tanah kéné."

35Nalika padha nyuntaki karungé jebul nemu kanthongé dhuwit dhéwé-dhéwé. Bareng weruh dhuwité isih ana ing kono padha wedi banget, semono uga Yakub.

36Yakub kandha, "Apa aku kon kélangan anakku kabèh? Yusuf wis ora ana. Siméon ya wis ora ana. Saiki kowé arep ngajak Bènyamin mèlu mrana. Apa aku kon ora ngenes!"

37Rubèn banjur kandha karo bapakné, "Menawi Bènyamin mboten wangsul, anak kula jaler kekalih menika panjenengan pejahi kémawon. Bènyamin kula aturi masrahaken dhateng kula, mboten-mbotenipun menawi ical."

38Nanging Yakub kandha, "Ora! Bènyamin ora kena mèlu. Kakangné wis mati. Saiki mung kari ijèn. Yèn mengko ana ing dalan ana apa-apa, apa ora marakaké aku, sing wis tuwa iki, mati ngenes?"



 <<  Kejadian 42 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel