Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 44 >> 

1Yusuf ndhawuhi marang kepala rumah-tanggané mengkéné, "Karungé wong-wong kuwi kebakana gandum sakuwaté nggawa, lan dhuwité tukon gandum sèlèhna ing ndhuwur gandum ing karungé dhéwé-dhéwé.

2Tuwungku slaka lebokna ing karungé sing ragil, dadèkna siji karo dhuwité tukon gandum." Abdi mau nindakaké apa sing didhawuhaké déning Yusuf.

3Ésuké isih umun-umun wong-wong mau dikon budhal karo kuldi-kuldiné.

4Lagi waé metu saka kutha, Yusuf dhawuh marang abdiné kepala rumah-tangga, "Gelis, wong-wong mau tututana. Yèn wis kecandhak munia, ‘Yagéné kabecikan kokkokwales nganggo piala.

5Yagéné tuwungé slaka bendaraku kokcolong? Tuwung kuwi rak diagem ngunjuk lan diagem lantaran ngramal? Kowé kuwi pancèn trah wong ala!’"

6Bareng sedulur-seduluré Yusuf wis ketututan, abdi mau clathu kaya welingé Yusuf mau.

7Wong-wong mau nuli padha mangsuli, "Sampéyan sampun ndakwa sing mboten-mboten. Kula wantun sumpah, yèn mboten nglampahi piala kados ngoten!

8Sampéyan sumerep dhéwé, arta tumbasan gandum sing kepanggih onten karung-karung kula rak empun kula bekta teng tanah Kenaan, kula wangsulaké. Kanggé napa kula sami nyolong tuwung emas napa slaka kagungané bendara sampéyan!

9Cekaké ngèten mawon: Tiyangé sing mendhet barang wau, kénging dipejahi, lan kula sedaya gelem dadi réncang tumbasan sampéyan."

10Wangsulané abdiné Yusuf, "Iya! Mung wong sing nyolong tuwung kuwi waé sing dadi batur-tukonku. Liyané bébas, kena nerusaké laku."

11Wong-wong banjur énggal-énggal padha ngedhunaké karungé dhéwé-dhéwé lan dibukaki.

12Abdiné Yusuf banjur mriksa karungé siji-siji, wiwit saka karungé sing tuwa nganti sing enom dhéwé. Tuwungé ketemu ana ing karungé Bènyamin!

13Kabèh nuli padha nyuwèk penganggoné merga saka sedhihé. Karung-karungé banjur diunggahaké ing kuldi menèh lan kabèh nuli bali menyang kutha.

14Nalika Yéhuda saseduluré tekan ing omahé Yusuf, priyayiné isih ana ing kono, nuli padha sujud ing ngarepé.

15Yusuf nuli clathu, "Kowé kuwi wong apa? Apa kowé ora ngerti yèn aku iki wong sing weruh sadurungé winarah?"

16Yéhuda mangsuli, "Kula mboten saged matur menapa-menapa, gusti. Kula mboten saged mabeni utawi ngleresaken badan kula piyambak. Gusti Allah piyambak ingkang sampun melèhaken dhateng klepatan kula. Kula sedaya trimah dados réncang-tumbasan panjenengan, mboten namung adhi kula ragil, ingkang kanggénan tuwung panjenengan menika."

17Clathuné Yusuf, "Ora, wong sing njupuk tuwungé waé sing bakal dadi batur-tukonku. Liyané kena mulih menyang panggonané wong tuwamu."

18Yéhuda banjur maju nyedhaki Yusuf karo matur, "Nyuwun pangapunten, gusti. Keparenga kula matur sawontenipun. Sampun kesesa duka, mergi panjenengan menika presasat Sang Pringon piyambak.

19Panjenengan sampun ndangu dhateng kula sedaya, menapa bapak kula taksih gesang lan menapa kula taksih gadhah sedhèrèk sanèsipun.

20Kula sampun matur, bilih bapak kula sampun sepuh, lan nalika adhi ingkang ragil menika lair, bapak sampun sepuh sanget.

21Panjenengan dhawuh supados kula sami ngajak adhi ingkang alit piyambak menika sowan mriki, supados panjenengan saged mirsani.

22Kula inggih sami matur, bilih laré menika mboten saged pisah kaliyan bapakipun, mergi menawi katilar déning adhi menika, bapak kula temtu badhé pejah.

23Mangka panjenengan dhawuh, bilih kula mboten klilan sowan mriki, menawi mboten ngajak adhi kula ingkang alit piyambak wau.

24Pramila nalika wangsul saking ngriki, kula inggih sami nyariyosaken pangandika panjenengan wau dhateng bapak.

25Bapak ndhawuhi kula sami késah malih mriki tumbas gandum.

26Kula matur, bilih mboten badhé késah dhateng Mesir lan sowan gubernur menawi adhi ingkang ragil menika mboten tumut.

27Bapak lajeng ngandika, bilih putranipun ingkang patutan saking Rahèl menika namung kalih.

28Ingkang setunggal sampun pejah, saged ugi dipun mangsa kéwan galak, awit bapak mboten naté sumerep laré menika malih wiwit késah saking griya.

29Menawi kula sami ngajak késah anak setunggalipun wau, mangka kénging alangan wonten ing margi, temtu sisahipun menika badhé nyengkakaken pejahipun bapak, awit bapak sampun sepuh.

30(44:30-31) Pramila saupami kula wangsul kepanggih bapak tanpa mbekta laré menika, temtu bapak badhé tumunten pejah. Semanten tresnanipun bapak dhateng laré menika. Lan gandhèng kaliyan umuripun ingkang sampun kathah menika, temtu badhé njalari pejahipun.

31(44:30)

32Kejawi saking menika, kula sampun sumpah nanggel kawilujenganipun laré menika; yèn ngantos mboten wangsul, kula ingkang badhé nyanggi paukumanipun salamining gesang kula.

33Mila panyuwun kula, gusti, keparenga kula kémawon ingkang panjenengan dadosaken réncang-tumbasan gentosipun adhi kula. Laré menika kajengipun wangsul kaliyan kakang-kakangipun.

34Kula mboten saged wangsul menawi mboten kaliyan laré menika. Kula mboten badhé tegel ningali kasisahanipun bapak kula."



 <<  Kejadian 44 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel