Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 50 >> 

1Yusuf banjur ngrung kebi bapakné, rainé diambungi karo nangis.

2Yusuf kongkonan para abdiné njebadi layoné.

3Carané njebadi layon mau manut tata-cara, suwéné nganti patang puluh dina. Déné wong Mesir nganakaké patangisan suwéné pitung dina.

4Sawisé wektuné pelayadan rampung, Yusuf banjur kongkonan pegawé kraton, "Matura marang Sang Pringon,

5‘Nalika bapak kula ngajengaken tilar-donya, akèn kula sumpah, supados jisimipun kula kubur ing kuburan, ingkang sampun kacawisaken ing tanah Kenaan. Pramila kula nyuwun palilah késah mrika ngubur bapak kula. Sesampunipun rampung kula badhé wangsul malih.’"

6Sang Pringon banjur ngandika, "Mangkata, bapakmu kuburen miturut janjimu."

7Yusuf banjur budhal arep ngubur bapakné. Pegawé kraton kabèh, para sesepuh lan para penggedhéné Mesir, kerig lampit mèlu ngeteraké Yusuf nguntapaké layoné bapakné.

8Brayaté, sedulur-seduluré lan sanak-kadangé ora ana sing kèri, kabèh padha mèlu nguntapaké layoné Yakub. Mung bocah-bocah lan kéwan ingon-ingon sing kari ana ing tanah Gosèn.

9Prejurit sing numpak kréta perang lan sing numpak jaran uga padha mèlu. Nganti iring-iringané sing nguntapaké layon dawa banget.

10Satekané ing désa Atad, ing panggonané wong nutu gandum, sawétané Kali Yardèn, banjur dianakaké petangisan sing sora banget. Ana ing kono Yusuf ngadani upacara penguburan pitung dina.

11Wong Kenaan sing padha ndeleng upacara penguburan ing Atad mau padha muni, "Wah, apik temen petangisané wong Mesir kuwi." Mulané panggonan mau dijenengaké: Abèl-Mizraim.

12Mengkono anak-anaké Yakub enggoné nglakoni apa sing diwelingaké bapakné.

13Layoné digawa menyang tanah Kenaan lan dikubur ing Guwa Mahpéla, sawétané Mamré, ing palemahan sing dituku Abraham saka Éfron, wong Hèt, kanggo kuburan.

14Sawisé rampung ngubur bapakné, Yusuf banjur bali menyang Mesir, bebarengan karo para seduluré lan wong kabèh sing padha mèlu nguntapaké layon.

15Bareng bapakné tilar-donya, sedulur-seduluré Yusuf padha rerasanan, "Yèn Yusuf isih ngendhem sengit karo kita lan males piala, sing biyèn kita lakoni, sing gawé sengsarané, awaké dhéwé iki mesthi cilaka."

16Mulané banjur padha kongkonan nemoni Yusuf, tembungé, "Sadurungé bapak tilar-donya ninggal weling kanggo kowé mengkéné,

17‘Kaluputané para sedulurmu marang kowé apuranen! Mulané aku, para abdiné Allah, iya Allah sing dibektèni déning bapak, sakèhé kaluputanku marang kowé apuranen.’" Krungu piwelingé sedulur-seduluré mau Yusuf banjur nangis.

18Sedulur-seduluré nuli padha teka dhéwé lan sujud jèngkèng ana ing ngarepé Yusuf karo kandha, "Aku dadèkna batur-tukonmu."

19Nanging Yusuf mangsuli, "Aja kuwatir. Aku dudu Allah.

20Kowé wis padha ngrantam nindakaké piala marang aku, nanging Gusti Allah piyambak sing ngowahi niatmu sing ala mau, digawé srana mitulungi wong akèh, sing padha urip saiki-iki, merga lelakon sing kepungkur.

21Aja sumelang. Aku sing arep ngopèni uripmu lan uripé anak-anakmu." Mengkono Yusuf enggoné nentremaké sedulur-seduluré nganggo tembung panglipur sing nglejaraké ati, nganti kabèh padha lega.

22Yusuf tetep manggon ing tanah Mesir, karo sanak-seduluré, nganti umur satus sepuluh taun.

23Isih menangi Éfraim duwé putu. Uga menangi lairé anak-anaké Makir, putuné Manasyè.

24Kandhané Yusuf karo sedulur-seduluré, "Ora suwé menèh aku bakal mati, nanging Gusti Allah bakal ngopèni kowé kabèh lan ngirid kowé metu saka negara kéné, menyang negara sing wis dijanjèkaké marang Abraham, Iskak lan Yakub."

25Sedulur-seduluré banjur padha dikon sumpah, tembungé, "Sumpaha, yèn samasa Gusti Allah ngirid kowé metu saka tanah kéné, balungku bakal kokgawa pisan."

26Yusuf banjur tilar-donya ing tanah Mesir, genep umur satus sepuluh taun. Layoné nuli dijebadi lan dilebokaké ing trebela.



 <<  Kejadian 50 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel