Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 19 >> 

1(19:1-2) Sawisé lelakon mau bangsa Israèl banjur budhal saka Rafidim. Ing tanggal siji sasi katelu sapungkuré saka Mesir, padha tekan ing ara-ara samun ing pegunungan Sinai. Banjur padha ngedegaké kémah ing sikiling Gunung Sinai kono,

2(19:1)

3déné Musa minggah ing gunung prelu sowan ing ngarsané Gusti Allah. Gusti Allah ngandika sora saka ing gunung mau lan Musa kadhawuhan nerusaké pangandika mau marang wong Israèl, turuné Yakub,

4"Kowé kabèh wis padha weruh apa kang Daktandukaké marang wong Mesir, lan kepriyé enggon-Ku ngirid kowé Dakparakaké ing ngarsa-Ku kéné kanthi pangwasa kang gedhé, kaya déné manuk garudha sing nggéndhong anaké ing swiwiné.

5Kang iku, saiki yèn kowé padha mbangun-turut marang dhawuh-Ku sarta padha netepi janji-Ku, kowé bakal padha Dakdadèkaké umat kekasih-Ku. Salumahing bumi iki kagungan-Ku, déné kowé kabèh bakal dadi umat-Ku kang pinilih,

6sarta kowé bakal padha dadi umat kang Daksengker ngladosi Aku ana ing kraton-Ku."

7Musa banjur mandhap sarta ngumpulaké para tuwa-tuwané bangsa, dicritani apa sing wis didhawuhaké déning Allah marang Musa.

8(19:8-9) Kabèh padha mangsuli bebarengan, "Kula badhé sami nindakaken sadhawuhipun Gusti Allah." Lan wangsulan iki diaturaké déning Musa marang Gusti Allah. Pangandikané Allah marang Musa, "Aku bakal ngrawuhi kowé ing sajroning mendhung kang peteng; sarta wong-wong bakal padha krungu pangandika-Ku marang kowé; wiwit wektu iki wong-wong bakal padha ngandel marang kowé.

9(19:8)

10Saiki wong-wong iku paranana, padha konen sesuci ing dina iki lan sésuk kanggo ngibadah. Sandhangané kudu padha dikumbah.

11Mbésuk embèn kudu wis padha cemawis. Ing dina kuwi Aku bakal tedhak menyang Gunung Sinai, supaya wong-wong kabèh padha ndeleng marang Aku.

12Gawéa pager ing sakubengé gunung kuwi, supaya aja ana sing munggah ing gunung, apa menèh nyedhak ing sikilé gunung. Sing sapa ngliwati pager, bakal kaukum pati.

13Wong mau kudu dibenturi watu utawa dipanah, lan ora kena digepok ing tangan. Larangan iki kanggo manungsa lan kéwan; sapa waé sing ngliwati pager kudu diukum pati. Mung sawisé krungu unining slomprèt, bangsa mau kabèh lagi kena munggah ing gunung."

14(19:14-15) Musa banjur mandhap saka gunung lan dhawuh supaya wong-wong padha sesuci kanggo ngibadah. Dhawuhé, "Mbésuk embèn kowé kudu wis padha cecawis lan tekan dina kaping teluné kowé ora kena padha nyedhaki wong wadon." Bangsa mau nuli padha sesuci sarta ngumbahi sandhangané.

15(19:14)

16Ing dina katelu ana gludhug lan bledhèg. Mendhung kandel katon ana ing sandhuwuring gunung, banjur keprungu swarané slomprèt banter banget. Wong-wong ing kémah padha giris kabèh.

17Musa banjur ngirid wong-wong mau metu saka palerebané séba ing ngarsané Gusti Allah; banjur padha ngadeg ing sikiling gunung.

18Gunung Sinai kabèh ketutupan mendhung kang peteng, merga Allah wis rawuh ing gunung ana ing sajroné urubing geni. Mendhung mau kumelun kaya keluké pawon. Gunungé dadi oreg.

19Swarané slomprèt saya banter. Musa banjur munjuk, déné Allah paring wangsulan saka ing sajroning gludhug.

20Gusti Allah nuli tumedhak marang pucuking Gunung Sinai sarta nimbali Musa supaya marek. Musa uga banjur minggah.

21Gusti Allah nuli ngandika, "Mudhuna sarta bangsa kuwi élingna, yèn ora kena mbrobos ing pager, sarta nyedhak ndeleng Aku, temah akèh sing bakal padha mati.

22Mengkono uga para imam sing kepéngin nyedhaki Aku, kudu sesuci, supaya aja ketaman ing bebendu."

23Aturé Musa marang Allah, "Bangsa menika mboten badhé minggah, mergi Gusti sampun ngandikani kawula, bilih redi menika kadadosna panggènan ingkang suci; saha sampun wonten pageripun mubeng."

24Dhawuhé Gusti Allah, "Mudhuna sarta mrénéa menèh karo Harun. Nanging para imam lan rakyat aja nganti mbrobos ing pager, sowan ing ngarsa-Ku, temah kena ing bebendu."

25Musa banjur mandhap sarta nerusaké dhawuhé Allah marang wong-wong mau.



 <<  Keluaran 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel