Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 25 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa,

2"Wong Israèl dhawuhana saos pisungsung mirunggan kanggo Aku. Pisungsung mau kudu metu saka lega-legawaning atiné.

3Pisungsung mau arupa: emas, slaka lan tembaga;

4kain léna alus, kain wol biru, wungu lan abang, kain sing digawé saka wulu wedhus,

5lulang wedhus gèmbèl lanang sing dipulas abang, lulang alus, kayu akasia,

6lenga kanggo lampu, bumbon kanggo lenga jebad lan dupa wangi,

7watu aji werna-werna kanggo éfod sing dienggo Imam Agung lan tutup dhadha.

8Bangsa kuwi dhawuhana gawé Kémah kanggo Aku, supaya Aku dedalem ing tengahing umat.

9Kémah sarta praboté kudu digawé manut rancangan sing bakal Dakdhawuhaké marang kowé."

10"Gawéa pethi saka kayu akasia sing dawané 110 sèntimèter, ambané lan dhuwuré 66 sèntimèter.

11Ing sisih njaba lan njeroné lapisana nganggo mas murni sarta wènèhana plisir mas mubeng.

12Gawéa gelangan mas papat kanggo ngusung pethiné, sarta pasangen ing sikilé papat, saben sisih gelangan loro.

13Gawéa pikulan saka kayu akasia, banjur lapisen mas.

14Pikulan kuwi slobokna ing gelangan kiwa-tengené pethi mau.

15Pikulan-pikulan iku kudu tetep ana ing gelangan, ora kena dicopot.

16Papan watu loro sing ana tulisané pepakon-pepakon-Ku sing bakal Dakparingaké, sèlèhna ing njeroné pethi mau.

17Gawéa tutupé pethi mau saka mas murni, dawané 110 sèntimèter lan ambané 66 sèntimèter.

18Gawéa pepethaning kerub loro nganggo swiwi saka mas tatakan,

19pasangen ing ndhuwuring pethi mau.

20Pepethan kerub nganggo swiwi mau gawénen supaya dadi siji karo tutupé, padha adhep-adhepan; déné swiwiné megar nutupi pethiné.

21Papan watu loro mau sèlèhna ing njeroné pethi sarta tutupé pethi tumpangna ing ndhuwuré.

22Ing kono Aku bakal ngrawuhi kowé, lan saka ing ndhuwur tutup antarané pepethan kerub nganggo swiwi mau, Aku bakal maringaké dhawuh-Ku kanggo bangsa Israèl."

23"Gawéa méja saka kayu akasia dawané 88 sèntimèter, ambané 44 sèntimèter, lan dhuwuré 66 sèntimèter.

24Lapisana mas murni sarta mubeng kemput pasangana plisir mas.

25Gawéa wengkuning méja sing ambané 7,5 sèntimèter sarta wengku mau iya wènèhana plisir mas mubeng.

26Gawéa gelangan saka mas patang iji, kanggo slobokan pikulan sarta etrapna ing pojokané papat, sacedhaké wengku prenahé sikilé.

27Gelang slobokan pikulan mau kanggo nggotong méjané.

28Pikulan mau kudu digawé saka kayu akasia lan dilapisi mas.

29Gawéa piring, cangkir, kendhi lan mangkok sing kena dienggo nyaosaké anggur. Kabèh mau kudu saka mas murni.

30Méja mau kudu disèlèhaké ing sangareping Pethi Prejanjian, sarta ing sandhuwuring méja kudu tansah ana roti saosan suci kagem Aku."

31"Gawéa pedamaran saka mas murni. Dhasar sarta adeg-adegé kudu digawé saka mas; rerenggan awujud kembang, kudhup lan slagané kudu dadi siji karo dhasar lan adeg-adegé.

32Ing adeg-adeg mau kudu ana pangé nem, saben sisih telung pang.

33Saben pang mau wènèhana rerenggan kembang telu karo kudhup sarta slagané.

34Adeg-adegé lampu mau wènèhana rerenggan kembang papat karo kudhup lan slagané.

35Ing sangisoring pang telu mau ana kudhupé siji.

36Kudhup-kudhup, pang-pang lan papan lampu mau wujud ukir-ukiran mas murni siji.

37Gawéa lampu cacahé pitu ing pedamaran mau sarta prenahna ing ndhuwuré, supaya madhangi ngarepé.

38Sapit lan tadhahé langes kagawéa saka mas murni.

39Pedamaran lan lampu-lampu mau sarta pirantiné kabèh kagawéa saka mas murni telung puluh lima kilogram.

40Pedamaran mau supaya digawé manut conto sing wis Daktuduhaké nalika ana ing gunung."



 <<  Keluaran 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel