Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 28 >> 

1"Harun kakangmu lan anak-anaké, yakuwi Nadab, Abihu, Èléazar lan Itamar, padha undangen. Wong-wong mau kapisahna saka wong-wong Israèl, supaya padha ngladèni Aku dadi imam.

2Gawéa sandhangan imam kanggo Harun, sandhangan kaluhuran sing éndah.

3Sakèhing tukang jait sing prigel, sing wis Dakparingi kapinteran padha klumpukna. Padha préntahana nggawé sandhangané Harun, sing Dakpiji ngladèni Aku dadi imam.

4Wong-wong mau kudu gawé sandhangan tutup dhadha, éfod, jubah, klambi sulaman, serban lan sabuk. Iki kabèh kanggo Harun lan anak-anaké, kenaa kanggo ngladèni Aku merga enggoné dadi imam.

5(28:5-6) Sandhangan imam mau kudu padha digawé saka benang biru, wungu lan abang, benang emas lan léna alus. Kejaba kuwi mau éfod kudu direngga nganggo sulaman.

6(28:5)

7Éfod mau ana pundhakané tangkeban loro, sing kanggo nangkebaké ing kiwa lan ing tengen.

8Sabuké tenunan alus digawé saka bakal sing padha disambung dadi siji karo éfod.

9(28:9-12) Njupuka watu dlima loro. Golèka kemasan sing pinter ngukir jenengé anaké Yakub rolas urut manut umuré ing watu mau, jeneng nem ing saben watu siji. Watu aji loro mau banjur dietrapna ing embanan mas lan dipasang ing pundhakané éfod kanggo pengéling-éling marang taleré Israèl rolas. Srana mengkono, Harun bakal nggawa jenengé taler rolas mau ing pundhaké ing ngarsané Allah, supaya Aku tansah ènget marang umat mau.

10(28:9)

11(28:9)

12(28:9)

13Kowé gawéa embanan mas loro,

14lan ranté mas murni loro sing ditampar kaya tali, ranté mau gandhèngna karo embanané mas."

15"Gawéa tutup dhadha kanggo Imam Agung sing kudu dienggo samasa arep neges kersané Allah. Bakal lan sulamané kudu padha karo bakal lan sulamané éfod.

16Wujudé pesagi lan ditekuk dadi loro, amba lan dawané padha, 22 sèntimèter.

17Akik patang larik mau pasangen ana ing tutup dhadha mau. Ing larikan kapisan: watu dlima, topas lan widuri sepah.

18Ing larikan kapindho: zamrud, watu nilam lan inten.

19Ing larikan katelu: watu lazuardi, akik lan watu kecubung.

20Ing larikan kapat: watu pirus, yakut lan cempaka retna. Akik rolas mau kudu dipasang ing embanan mas.

21Watu-watu adi mau ukiren jeneng-jenengé anaké Yakub rolas, minangka wakiling taler-taleré Israèl.

22Tutup dhadha kuwi wènèhana ranté mas murni, sing ditampar kaya tali.

23Gawéa ali-ali mas loro lan pasangen ing pojok-pojok sisih ndhuwur tutup dhadha mau,

24lan ranté mas loro iku lebokna ing ali-ali loro mau.

25Pucuking ranté loro mau kudu ditalèkaké ing embanan loro. Srana mengkono tutup dhadha sisih ngarep mau digandhèng karo pundhakané éfod.

26Gawéa ali-ali mas loro, banjur pasangen ing tutup dhadha pojok ngisor sisih njero sing temumpang ing éfod.

27Gawéa ali-ali mas menèh loro sarta pasangen ing pundhakané éfod, sekaroné ing sisih ngarep rada ngisor cedhak tekukan jaitan, sandhuwuring sabuk tenunan alus.

28Ali-ali tutup dhadha kuwi kudu diolèhaké ali-aliné éfod nganggo tali biru. Mulané tutup dhadha mau bakal tetep ana ing sandhuwuring sabuk lan ora bisa kapisah karo éfodé.

29Yèn Harun mlebu ing Papan Suci, kudu nganggo tutup dhadha sing wis direngga ukiran jenengé klompok-klompoké Israèl, supaya Aku, Allah, tansah ènget marang umat-Ku.

30Ing tutup dhadha pasangana Urim lan Tumim supaya dienggo Harun samasa sowan marang Aku. Enggoné kudu tansah nganggo tutup dhadha kuwi supaya bisa nyumurupi putusan-Ku tumrap wong Israèl."

31"Karo menèh gawéa jubah sing nutupi éfod, kagawéa saka tenunan benang biru.

32Bedhahan guluné diwènèhana pinggiran sing ditenun, supaya kuwat lan ora gampang suwèk.

33(28:33-34) Plipitan ing ngisor kudu diwènèhi rerenggan rupa woh dlima saka benang biru, wungu lan abang, diselang-seling nganggo klinthingan mas.

34(28:33)

35Jubah mau kudu dienggo Harun samasa tugas. Preluné samasa sowan Aku ing Pasucèn utawa lunga saka Papan Suci kono, klinthingan mau bakal keprungu, supaya Harun ora nemahi mati.

36Gawéa rerenggan mas murni sing diukir nganggo tembung-tembung ‘Sengkerané Allah’.

37Kuwi talèkna ing serban nganggo tali biru.

38Harun kudu masang rerenggan mas mau ing bathuké, supaya Aku, Allah, kersa nampa sakèhing pisungsung sing digawa déning wong Israèl marang Aku, senajan patrapé ngaturaké pisungsung mau ana kekurangané.

39Klambiné Harun kudu ditenun saka kain léna alus. Iya gawéa serban saka kain léna alus sarta sabuk sing disulam.

40Gawé klambi, sabuk lan kopyah kanggo anak-anaké Harun supaya padha katon luhur lan éndah.

41Sandhangan mau enggokna Harun kakangmu sarta anak-anaké. Padha jebadana, wisudhanen lan sucèkna; srana mengkono wong-wong mau diresmèkaké sarta disucèkaké kanggo ngladèni Aku dadi imam.

42Gawéa clana cendhak saka kain léna kanggo wong-wong mau, déné dawané saka bangkèkan tekan pupu kanggo nutupi kawirangané.

43Harun lan anak-anaké samasa mlebu ing Kémah Palenggahan-Ku utawa nyedhaki mesbèh ngimami ing Pasucèn kudu nganggo sandhangan kuwi. Yèn mengkono ora bakal padha mati krana saka katon kawirangané. Prenatan iki tetep kanggo Harun lan para turuné."



 <<  Keluaran 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel