Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 3 >> 

1Saben bengi samasa aku turu, aku ngimpékaké kekasihku! Dakgoléki ing endi-endi, nanging ora ketemu.

2Aku ngubengi kutha, metu dalan lan lurung-lurung, nanging ora bisa kepethuk.

3Aku ketemu karo wong jaga sing ngubengi kutha, banjur daktakoni apa weruh kekasihku.

4Sawisé mungkur saka kana, ora suwé kekasihku ketemu; Panjenengané dakcandhak lan ora dakculaké, dakgawa menyang omahé ibuku, omah kelairanku.

5Hé para putri ing Yérusalèm, kowé padha janjia dadia kidang utawa menjangan, ora arep ngganggu aku sing lagi kasmaran ing sakatogé. Pengantèn wadon:

6Apa sing metu saka ara-ara samun, sing rupané kaya kemeluné kukus, ngganda arum kaya menyan blendok mur, sing diedol déning para sudagar?

7Suléman rawuh, lenggah ing tandhu, diapit-apit prejurit sewidak, para perwira pilihan ing Israèl

8kabèh padha trampil migunakaké pedhang, lantèh ing perang. Pedhangé disengkelit ing lempèngé, siaga ngadhepi serangan ing wayah bengi.

9Tandhuné Sang Prabu Suléman kagawé saka kayu, sing asalé saka Libanon.

10Cagaké dilapis slaka, kursiné dilapis emas murni, bantalé diulesi laken wungu, gawéané putri-putri ing Yérusalèm.

11Hé putri-putri Sion, mrénéa ndeleng Sang Prabu Suléman. Panjenengané ngagem makutha kang diagemaké déning kang ibu, nalika Sang Prabu krama, iya ing nalikané ngalami kabungahan gedhé.



 <<  Kidung Agung 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel