Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 7 >> 

1Pengantèn lanang: Ora ana wong sing ayuné kaya kowé! Iba éndahé sikilmu nganggo sandhal kuwi. Cethikmu éloké kaya gawéané ahli ukir.

2Pusermu kaya tuwung anggur sing ora tau asat, wetengmu kaya gandum katumpuk kaubengan ing kembang bakung.

3Payudaramu kaya kidang kembar, kaya menjangan kembar jèjèr.

4Gulumu kaya menara gadhing, mripatmu kaya telaga ing Hèsbon, ing sacedhaké gapura Bètrabim. Irungmu kaya menara ing Gunung Libanon, kang madhep ing kutha Damsyik.

5Sirahmu kaya Gunung Karmèl, rambutmu rupané abang semu wungu, Sang Raja nganti kasmaran merga klabangané rambutmu.

6Hé kekasihku! Iba bangeté éndahmu lan iba enggonmu ngresepaké, ngungkuli sabarang sing ngresepaké.

7Dedegmu kaya wit kurma, payudaramu kaya dhompolan anggur.

8Dakpènèké wit kurma kuwi, dakcekelé dhompolané anggur. Nuli dhompolan mau dakpethik lan dakrasakaké, ababmu arum kaya gandané woh apel,

9lan tutukmu kaya anggur murni. Pengantèn wadon: Anggur menika kajengipun tansah mili dhateng kekasih kawula, milia dhateng lathi lan wajanipun tiyang ingkang saweg tilem.

10Aku iki kagungané kekasihku; Panjenengané kepéncut karo aku.

11Sumangga sang kekasih, kita sami medal lan sami saré ing pedhusunan.

12Énjing umun-umun lajeng mirsani kebon anggur, menapa sampun sami medal pupusipun, menapa sampun sami mekar sekaripun; menapa wit dlima ugi sampun sami sekar ngrembaka. Ing ngrika mangké kawula badhé ngunjukaken katresnan kawula dhateng Panjenengan.

13Sekar dhudhaim amrik gandanipun, tuwin ing sanginggiling kori kawula wonten wowohan ingkang adi-adi, ingkang taksih énggal, ingkang lami inggih wonten. Kawula rawati sedaya wau kagem Panjenengan, kekasih kawula!



 <<  Kidung Agung 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel