Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 8 >> 

1Begja kawula, menawi Panjenengan menika sedhèrèk kawula, ingkang kasesepan déning ibu kawula. Supados menawi kepanggih wonten ing margi lajeng kawula cucupi, lan mboten wonten ingkang badhé menggak kawula.

2Lajeng Panjenengan badhé kawula aturi tindak dhateng griya kawula, supados saged muruki kawula bab katresnan. Panjenengan lajeng badhé kawula saosi unjukan anggur adonan, sarta duduhipun woh dlima.

3Asta kiwa Panjenengan lajeng badhé nyanggi sirah kawula, sarta asta tengen Panjenengan ngrangkul kawula.

4Hé para putri ing Yérusalèm, padha janjia yèn ora arep ngganggu enggonku sih-sinihan. Para putri ing Yérusalèm:

5Sapa kuwi sing jumedhul saka ara-ara samun, rangkul-rangkulan karo kekasihé? Pengantèn wadon: Ing sangandhaping wit apel menika kawula nggigah katresnan Panjenengan, inggih wonten ing ngriku Panjenengan kalairaken.

6Penggalih Panjenengan katutupa rapet kanggé tiyang sanès, namunga kawula piyambak kadadosna kekasih Panjenengan. Déné katresnan menika rosa kados pangwaosipun pejah, kasmaran pangrèhipun kados pecating nyawa. Ngalad-alad kados urubing latu, latu ingkang medal saking Pangéran,

7ingkang mboten saged kasirep déning toya; toyaning kali pisan mboten badhé saged nyegah. Katresnan mboten saged dipun tumbas; senajan wonten tiyang ingkang badhé numbas mawi barang-darbèkipun sedaya, malah tiyang mau namung badhé dipun poyoki. Sedulur-seduluré lanang pengantèn wadon:

8Kita padha duwé sedulur wadon isih cilik, durung metu susuné; samasa dilamar ing wong, kepriyé enggon kita arep mbélani?

9Saupama bocah kuwi témbok, prayoga kita yasani menara, saupama lawang, kita pageri gebyog kayu èrès. Pengantèn wadon:

10Aku iki témbok, lan susuku padha mèmper menara. Kekasihku pirsa yèn karo Panjenengané atiku tentrem. Pengantèn lanang:

11Sang Prabu Suléman kagungan kebon anggur ana ing kutha Baal Hamon. Pametuné diséwakaké marang para wong tani, wong siji mbayar sèwu sèkel dhuwit slaka.

12Aku duwé kebon anggur dhéwé, sing dakkwasani dhéwé. Karebèn Suléman nampa sèwu sèkel lan para wong tani nampa opah rong atus sèkel, aku pilih ngrumat kebonku dhéwé. Pengantèn lanang lan wadon padha sesauran:

13Hé kekasihku kang ana ing kebonku, kanca-kanca kepéngin krungu swaramu, semono uga aku!

14Kula aturi énggal tindak mriki, kekasih kawula, kula aturi rerikatan kados lampahipun kidang, inggih kados menjangan ingkang mlumpat-mlumpat ing paredèn, ingkang kebak taneman wangi-wangi.



 <<  Kidung Agung 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel