Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 15 >> 

1Ana wong Yudéa sawetara sing padha teka ing kutha Antiokia. Wong-wong mau padha memulang marang sedulur-sedulur Kristen ing kutha Antiokia kono, yèn ora bakal bisa slamet, menawa ora padha ditetaki miturut Torèté Nabi Musa.

2Piwulang mau njalari padu ramé ing antarané wong-wong saka tanah Yudéa mau karo Rasul Paulus lan Barnabas. Wekasané diputus, supaya Rasul Paulus lan Barnabas, tuwin sedulur sawetara saka kutha Antiokia kono, padha menyang kutha Yérusalèm, prelu ngrembug perkara mau karo para pinituwa ing kana.

3Wong-wong sing padha diutus mau diuntabaké déning pasamuwan. Lakuné para utusan mau ngliwati tanah Fénisia lan tanah Samaria. Sedalan-dalan padha nyritakaké wong-wong dudu Yahudi sing padha precaya. [Lan ngakoni Gusti Yésus dadi Gustiné.] Pawarta mau banget gawé bungahé para sedulur ing kono.

4Satekané ing kutha Yérusalèm, para utusan mau ditampani déning pasamuwan, déning para rasul lan para pinituwa. Para utusan nuli padha nyritakaké samubarang sing wis ditindakaké déning Gusti Allah lantaran Rasul Paulus lan Barnabas.

5Wong Farisi sawetara, sing wis dadi muridé Gusti Yésus, nuli ngadeg lan kandha: "Tiyang-tiyang sanès Yahudi, ingkang dados Kristen, menika kedah dipun tetaki, sarta wajib manut dhateng Torètipun Nabi Musa."

6Para rasul lan para pinituwa nuli padha ngrembug prekara mau.

7Sawisé suwé enggoné padha bebantahan, Rasul Pétrus nuli ngadeg lan muni mengkéné: "Para sedhèrèk, panjenengan sami pirsa, kadospundi enggènipun Gusti Allah kala rumiyin sampun milih kula saking antawis panjenengan sedaya, kapurih ngabaraken Injil dhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi, supados tiyang-tiyang wau inggih sami mireng pawartos menika, tuwin sami pitados.

8Gusti Allah ingkang pirsa batosipun manungsa, sampun nélakaken, bilih Panjenenganipun kersa nampèni tiyang-tiyang sanès Yahudi, srana maringaken Sang Roh Suci dhateng tiyang-tiyang wau, sami kados ingkang kaparingaken dhateng kita.

9Gusti Allah babar-pisan mboten mbédak-mbédakaken tiyang-tiyang sanès Yahudi kaliyan kita. Gusti Allah nucèkaken manahipun tiyang-tiyang wau, margi tiyang-tiyang wau sami pitados.

10Menawi mekaten, kénging menapa panjenengan sami nglawan dhateng Gusti Allah, srana nyukani momotan dhateng tiyang-tiyang menika. Inggih menika momotan, ingkang para leluhur kita lan kita piyambak mboten kiyat nyanggi.

11Sampun ngantos! Awit kita sami pitados lan dipun wilujengaken adhedhasar sih-rahmatipun Gusti Yésus, mekaten ugi tiyang-tiyang sanès Yahudi menika."

12Wong sing ngumpul ana ing kono padha meneng kabèh nalika ngrungokaké critané Barnabas lan Rasul Paulus, bab mujijat-mujijat sing wis ditindakaké déning Gusti Allah ing antarané wong-wong dudu Yahudi, lantaran rasul loro mau.

13Sawisé kuwi Rasul Yakobus nuli kandha mengkéné: "Para sedhèrèk! Kula aturi mirengaken atur kula.

14Nembé kémawon Simon (Rasul Simon Pétrus) nyariyosaken, bilih Gusti Allah salebetipun nyengker bangsa setunggal kagem Panjenenganipun piyambak, wiwit-wiwitan mila inggih sampun ngetingalaken sih-rahmatipun dhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi.

15Prekawis menika cocog kaliyan pangandikanipun para nabi, kados ingkang suraosipun:

16‘Sawisé mengkono Aku bakal bali, sarta mbangun menèh omahé Dawud, sing wis rubuh, lan jugrugané bakal Dakdandani, lan Daksantosakaké menèh,

17supaya wong liyané, sing dudu Yahudi, kabèh padha nggolèki Aku, yakuwi sakèhing wong sing ora wanuh marang Aku, sing wis Daktimbali dadi kagungan-Ku.’

18Mengkono pangandikané Pangéran, sing wis nindakaké kuwi mau kabèh wiwit-wiwitan mula."

19"Miturut pemanggih kula," mengkono Rasul Yakobus nerusaké rembugé, "mboten samesthinipun, menawi kita sami damel sisahipun para sedhèrèk sanès Yahudi, ingkang sami mratobat dhateng Gusti Allah.

20Prayoginipun kita damel serat kémawon, ingkang wosipun, suka pamrayogi dhateng sedhèrèk-sedhèrèk wau, supados mboten sami nedha tetedhan ingkang najis, inggih menika nedha sesajèning brahala; mekaten ugi supados mboten sami nedha daginging kéwan, ingkang pejahipun srana dipun tekak; sampun ngantos sami nedha rah; kaliyan malih supados sami nyingkiri lampah jina.

21Awit Torètipun Nabi Musa wiwit rumiyin, pendhak dinten Sabbat sampun kawaosaken wonten ing sinagogé-sinagogé ing saenggèn-enggèn."

22Para rasul, para pinituwa lan para wargané pasamuwan nuli mutus, milih wong sawetara saka ing antarané wong sing padha mèlu ing pirembugan mau, diutus menyang kutha Antiokia, bebarengan karo Rasul Paulus lan Barnabas. Sing dipilih Yudas, sing uga karan Barsabas, lan Silas !!— wong loro mau diéringi banget déning para sedulur ing kono. —

23Para utusan mau dikon ngeteraké layang sing uniné mengkéné: "Salam saka aku para sedulurmu, para rasul lan para pinituwa. Layang iki daktujokaké marang para sedulurku kabèh sing dudu Yahudi, sing padha manggon ana ing kutha Antiokia, lan ing tanah Siria lan ing tanah Kilikia.

24Aku padha krungu yèn ana wong sawetara saka ing antaraku sing padha gawé susahmu lan gawé bingungmu, merga piwulang piwulangé. Mangka karepku ora mengkono.

25Mulané aku banjur padha nganakaké pirembugan, lan netepaké kongkonan wong loro, yakuwi Yudas lan Silas, supaya nemoni kowé kabèh. Wong loro mau bakal mangkat bebarengan karo Barnabas lan Paulus.

26Yakuwi wong sing padha ngetohaké nyawané kagem Gusti kita, Yésus Kristus.

27Para sedulur sing padha dakkongkon mau, bakal nerangaké dhéwé marang kowé kabèh, padha kaya sing wis daktulis ana ing layang iki.

28Roh Suci lan aku kabèh wis padha tunggal panemu, yèn ora bakal padha gawé susahmu, lan mènèhi momotan ngluwihi apa mesthiné,

29yakuwi kowé aja padha mangan panganan, sing dienggo sajèné brahala; aja mangan getih, aja mangan kéwan sing matiné srana ditekak; lan padha nyingkirana laku jina. Yèn kowé padha nggatèkaké lan nyingkiri prekara-prekara mau wis cukup. Salam pandongaku padha tampanana."

30Para utusan nuli padha pamitan, sarta mangkat menyang kutha Antiokia. Ana ing kono para wargané pasamuwan kabèh nuli dikumpulaké, lan layang mau ditampakaké.

31Bareng padha maca layang mau, wong-wong sapasamuwan padha bungah banget, merga rumangsa olèh panglipur.

32Yudas lan Silas !!— loro-loroné nabi !!— guneman nganti suwé karo para sedulur ing kono. Wong-wong mau padha digemblèng imané, supaya padha mundhak kendel.

33Sawisé padha ana ing kono sawetara suwéné, Yudas lan Silas banjur padha dililani bali digawani salam kanggo wong-wong sing padha ngutus mau.

34[Nanging Silas tetep manggon ana ing kono.]

35Rasul Paulus lan Barnabas padha lerem wetara suwé ana ing kutha Antiokia kono. Bebarengan karo wong akèh, para rasul mau padha memulang lan martakaké pangandikané Gusti Allah.

36Ora antara suwé Rasul Paulus kandha karo Barnabas: "Ayo padha tilik para sedulur ing saben kutha, sing wis kita wartani pangandikané Gusti Allah, prelu ngaruhaké kaanané para sedulur mau."

37Barnabas kepéngin ngajak Yohanes Markus,

38nanging Rasul Paulus ora rujuk, yèn Markus diajak, awit tau ninggal wong loro mau ana ing tanah Pamfilia, lan Markus kuwi ora tumemen enggoné mbiyantu nganti sarampungé pegawéan.

39Prekara mau marakaké padu ramé, nganti pungkasané Rasul Paulus lan Barnabas padha pepisahan. Barnabas ngajak Markus, banjur nunggang prau menyang Siprus.

40Rasul Paulus ngajak Silas. Sawisé Rasul Paulus lan Silas mau padha dipasrahaké déning pasamuwan ana ing sih-kamirahané Gusti Allah.

41Nuli padha mangkat, ndlajahi tanah Siria lan Kilikia, nyantosakaké imané pasamuwan-pasamuwan sing ana ing kono.



 <<  Kisah Para Rasul 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel