Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 20 >> 

1Sawisè kaanan ing kutha Èfesus pulih tentrem menèh, Rasul Paulus nuli ngumpulakè pasamuwan ing kono. Sawise mènèhi pitutur akèh-akèh Rasul Paulus nuli pamitan, lan nerusakè lakunè menyang kutha Makèdonia.

2Rasul Paulus nuli ndlajahi daérah-daérah satanah Makédonia kabèh, karo mituturi para sedulur sing padha ana ing kono. Saka Makédonia Rasul Paulus nerusaké lakuné menyang tanah Yunani.

3Sawisé ana ing kono telung sasi, Rasul Paulus nuli tata-tata arep menyang Siria (ing Asia Cilik), dumadakan krungu yèn wong Yahudi padha sekuthon arep matèni; mulané Rasul Paulus arep bali metu tanah Makédonia waé.

4Lakuné Rasul Paulus mau dikancani déning Sopater anaké Pirus, wong saka kutha Béréa; Aristarkhus lan Sekundhus, loro-loroné wong saka kutha Tésalonika; Gayus saka kutha Dèrbé; Timotius lan wong loro saka tanah Asia, yakuwi Tikhikus lan Trofimus.

5Wong-wong mau padha mangkat dhisik, lan arep ngentèni aku kabèh ana ing kutha Troas.

6Sawisé Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi aku padha nunggang prau saka Filipi. Let limang dina aku padha ketemu karo para sedulur mau ana ing kutha Troas. Aku padha ana ing kutha kono lawasé nganti seminggu.

7Ing dina kapisan aku padha ngumpul mangan bebarengan. Sarèhné Rasul Paulus ésuké arep mangkat, panjenengané awèh wejangan akèh, nganti tengah wengi.

8Ana ing kamar lotèng sing padha dakenggo kumpulan mau ana lampuné sawetara.

9Sawijining nonoman, jenengé Eutikhus, lungguh ana ing jendhéla. Sarèhné Rasul Paulus olèhé mènèhi wejangan ora lèrèn-lèrèn, nonoman mau keturon ana ing jendhéla, pungkasané tiba saka lotèng tingkat telu. Bareng diangkat nonoman mau jebul wis mati.

10Rasul Paulus nuli mudhun, ngrungkebi nonoman mau, dirangkul karo ngandika: "Aja wedi, bocahé isih urip!"

11Sawisé kuwi Rasul Paulus bali menèh menyang lotèng lan mangan bebarengan. Sabubaré mangan, Rasul Paulus nerusaké wejangané nganti mlethèké srengéngé, banjur lagi mangkat.

12Wong-wong padha bungah banget déné Eutikhus ora sida mati, nuli padha diteraké mulih.

13Aku padha ndhisiki nunggang prau sing arep menyang pelabuhan Asos. Ana ing Asos kono Rasul Paulus bakal mèlu bebarengan munggah ing prau. Rasul Paulus akon aku padha mangkat dhisik, jalaran panjenengané olèhé arep menyang Asos mung tindak.

14Bareng wis tekan Asos, Rasul Paulus nuli nunggang kapal; aku banjur padha nerusaké lelayaran menyang kutha Mitiléné.

15Saka kana aku padha nunggang prau menèh lan ésuké tekan ngarepé pulo Khios. Dina candhaké aku padha tekan pulo Samos, lan let sedina menèh tekan pelabuhan Milétus.

16Rasul Paulus wis ngrancang ora arep mampir ing kutha Éfesus, supaya aja kesuwèn ana ing tanah Asia, karebèn énggal-énggal tekan Yérusalèm, yèn bisa sadurungé Riaya Péntakosta.

17Mulané saka ing Milétus kono Rasul Paulus kongkonan wong ngabari sedulur-sedulur ing Éfesus, lan akon para pinituwané pasamuwan teka ing Milétus, supaya bisa ketemu karo Rasul Paulus.

18Satekané para pinituwa mau, Rasul Paulus nuli awèh pitutur mengkéné: "Kowé padha weruh dhéwé enggonku sesrawungan karo kowé salawasé aku ana ing antaramu, wiwit tekaku ana ing tanah Asia.

19Enggonku ngladèni ayahané Gusti daktindakaké klawan andhap-asor, lan kerep dakréwangi nangis-nangis, sarta ngalami kasangsaran merga panganiaya sing dirancang déning para wong Yahudi.

20Senajan mengkono aku ora tau nglirwakaké nindakaké apa waé sing maédahi tumrap kowé. Kabèh wis dakkandhakaké lan dakwulangaké marang kowé, ya ana ing ngarepé wong akèh, ya ana ing kumpulan-kumpulan ing omah-omahmu.

21Wong Yahudi, wong dudu Yahudi, tansah padha dakélingaké, supaya padha mratobat lan padha precaya marang Gusti Yésus Kristus.

22Saiki, manut dhawuhé Sang Roh Suci, aku kudu lunga menyang kutha Yérusalèm. Aku ora ngerti apa sing bakal dakalami ana ing kana.

23Sing dakweruhi yakuwi, ing saben kutha Sang Roh Suci wis ngélingaké marang aku, yèn aku bakal nandhang sangsara rupa-rupa lan bakal dikunjara.

24Éwasemono aku ora preduli bab uripku, angger aku bisa nerusaké pegawéanku, lan ngrampungaké kuwajiban sing diparingaké déning Gusti Yésus marang aku, yakuwi ngabaraké Injil bab sih-rahmaté Gusti Allah.

25Ana ing tengahmu aku wis nyritakaké bab Kratoné Gusti Allah. Saiki aku krasa, yèn aku wis ora bakal ketemu menèh karo kowé kabèh.

26Mulané saiki aku kandha satemené marang kowé; yèn ing antaramu ana wong sing kesasar, kuwi dudu tanggunganku.

27Sebab wis sakatogé enggonku mulang marang kowé bab kersané Gusti Allah.

28Padha ngreksaa awakmu dhéwé lan wong-wong sing dipasrahaké marang kowé déning Sang Roh Suci. Padha engonen pasamuwané Gusti Allah, merga wis dilabuhi séda déning Putrané piyambak.

29Aku ngerti yèn sapungkurku bakal ana asu ajag galak akèh sing padha teka ana ing tengah-tengahmu lan ora bakal ngéman marang panthané wedhus mau.

30Malah bakal ana mangsané ing antaramu dhéwé ana wong sawetara, sing bakal nylèwèng saka piwulang sing bener lan nasaraké pasamuwan.

31Mulané dingati-ati, lan padha élinga yèn nganti telung taun lawasé enggonku wis mulang kowé siji-siji, rina wengi ora kendhat-kendhat, karo tansah ngetokaké luh.

32Déné saiki kowé padha dakpasrahaké marang pamengkuné sih-rahmaté Gusti Allah. Panjenengané kuwi kwasa nyantosakaké kowé lan maringi berkah sing wis disedhiyakaké kanggo para umaté.

33Aku ora tau kepéngin olèh slaka, emas utawa sandhangan, saka sapa waé.

34Kowé padha weruh dhéwé enggonku golèk pangan nganggo tanganku kanggo nyukupi kebutuhanku lan kebutuhané kanca-kancaku.

35Aku wis nuduhaké marang kowé klawan patrap rupa-rupa, yèn enggon kita nulung marang wong miskin lan wong sing padha kasusahan, kuwi kudu klawan nyambut-gawé abot. Padha élinga marang pangandikané Gusti Yésus: ‘Luwih begja wèwèh, tinimbang karo nampani.’"

36Sawisé rampung olèhé awèh pitutur, Rasul Paulus nuli jèngkèng, bebarengan karo para sedulur kabèh, banjur ndedonga.

37Wong kabèh padha nangis, banjur ngrangkuli Rasul Paulus klawan diambungi bola-bali.

38Kabèh padha susah, apa menèh merga Rasul Paulus kandha, yèn wong-wong mau bakal wis ora padha ketemu menèh. Wong-wong mau nuli ngeteraké Rasul Paulus tekan ing prau.



 <<  Kisah Para Rasul 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel