Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 26 >> 

1Sang Prabu Agripa ngandika marang Rasul Paulus: "Kowé kena ngaturaké penjawabmu." Rasul Paulus nuli mènèhi sasmita srana tangané, nuli matur mengkéné:

2"Ingkang minulya, Sang Prabu Agripa, kawula rumaos begja dipun parengaken ngaturaken penjawab tumrap sedaya pandakwanipun tiyang Yahudi, wonten ing ngarsanipun Sang Prabu,

3langkung-langkung margi kula mangertos bilih Sang Prabu menika paham sanget dhateng adat tata caranipun bangsa Yahudi. Awit saking menika kawula nyuwun kanthi sanget kersaa Sang Prabu midhangetaken atur kawula kalayan sabar.

4Tiyang Yahudi sedaya sami mangertos menggah gesang kawula wiwit kawula taksih laré, wonten ing negari kawula piyambak, ing kitha Yérusalèm.

5Mekaten ugi tiyang-tiyang menika sami sumerep menawi sami purun dados seksi, bilih wiwit-wiwitan mila kawula dados penganutipun agami ingkang tegen, inggih menika golongan Farisi.

6Lan samenika kawula ngadeg wonten ing ngarsanipun Sang Prabu ing ngriki, margi kawula pitados dhateng prejanjinipun Gusti Allah dhateng para leluhur kita.

7Ingkang kelampahanipun prejanjian wau ugi dipun antos-antos déning taleripun bangsa Israèl kalihwelas. Inggih jalaran menika para leluhur wau sami ngabekti dhateng Gusti Allah rinten lan ndalu. Inggih margi kapitadosan kawula menika, Sang Prabu, kawula dipun dakwa déning tiyang-tiyang Yahudi.

8Menapa sebabipun déné tiyang-tiyang Yahudi mboten sami pitados, bilih Gusti Allah nangèkaken tiyang pejah?

9Kala rumiyin kawula piyambak gadhah pemanggih, bilih kawula kedah nglawan dhateng pawartos Injil bab Gusti Yésus saking Nasarèt menika.

10Panglawan menika kawula tindakaken wonten ing kitha Yérusalèm. Kawula nyuwun serat kwaos dhateng para pengajenging imam, kanggé nglebetaken umatipun Gusti Allah ingkang kathah dhateng pakunjaran. Lan menawi wonten tiyang ingkang kadhawahan paukuman pejah, kawula tumut nyarujuki.

11Asring kawula nyiksa tiyang-tiyang Kristen menika wonten ing sinagogé-sinagogé lan mbudidaya supados tiyang-tiyang menika sami nyélaki kapitadosanipun. Saking bentèring manah, kawula ngantos késah ugi dhateng kitha-kitha ing sanès negari, supados saged nguya-uya tiyang-tiyang menika."

12"Inggih kanggé kapreluan menika kawula késah dhateng kitha Damsyik, kaliyan mbekta serat kwaos saking para pengajenging imam.

13Nalika kawula ngleresi wonten ing mergi dhateng kitha Damsyik wau, wetawis tengah dinten, dumadakan wonten cahya, ingkang padhangipun ngungkuli padhangipun surya, cumlèrèt saking langit, nglimputi kawula lan para tiyang ingkang dados kanthi kawula.

14Kawula sakanca sami dhawah ing siti, kawula lajeng mireng swanten ngandika dhateng kawula mawi basa Ibrani: ‘Saulus, Saulus, yagéné kowé koknguya-uya Aku? Srana panglawanmu kuwi kowé natoni awakmu dhéwé, kaya sapi sing nyépak-nyépak palanging luku.’

15Kawula lajeng nyuwun pirsa: ‘Panjenengan menika sinten, Gusti?’ Pangandikanipun Gusti: ‘Aku iki Yésus, sing kokkuya-kuya.

16Tangia lan ngadega! Enggon-Ku ngetingal marang kowé kuwi, merga Aku netepaké kowé dadi abdi-Ku. Kowé bakal dadi seksi tumrap wong liyané, yèn kowé ing dina iki wis ndeleng Aku, lan uga prekara-prekara liyané, sing mbésuk bakal Daktuduhaké marang kowé.

17Kowé bakal Daksengker saka bangsa Israèl lan saka bangsa-bangsa liyané, lan Dakutus marani bangsa-bangsa mau.

18Kowé bakal ngelèkaké mripaté, sarta nuntun wong-wong kuwi saka pepeteng marani pepadhang, supaya wong-wong mau uwal saka pangwasané Iblis marang pangwasané Gusti Allah. Merga precaya marang Aku, dosa-dosané wong mau olèh pangapura lan padha dadi umat pilihané Gusti Allah.’"

19"Sang Prabu Agripa ingkang minulya, margi saking menika kawula lajeng ngèstokaken dhawuhing wahyu, ingkang sampun kawula tampi saking swarga wau.

20Ingkang rumiyin piyambak kawula wonten ing kitha Damsyik, saking ngriku lajeng dhateng kitha Yérusalèm, lajeng dhateng tanah Yudéa sedaya, saha ugi dhateng tiyang-tiyang kapir. Tiyang-tiyang wau sami kawula atag-atag supados sami mratobat, sarta wangsul dhateng Gusti Allah, sarta sami nindakna pendamel-pendamel ingkang nélakaken pamratobatipun.

21Inggih margi enggèn kawula tumindak mekaten menika, murugaken tiyang-tiyang Yahudi sami nyepeng kawula, nalika kawula wonten ing Pedalemanipun Allah. Tiyang-tiyang wau sami ngangkah mejahi kawula.

22Nanging ngantos sepriki kawula dipun ayomi déning Pangéran, lan samenika kawula ngadeg wonten ing ngriki, ngaturaken paseksi kawula dhateng sedaya tiyang, ingkang ageng menapa déné ingkang alit, menapa ingkang kawula cariyosaken menika sami kaliyan ingkang sampun kaweca déning para nabi lan déning Nabi Musa.

23Inggih menika, bilih Sang Kristus ingkang kajanjèkaken badhé rawuh menika, kedah nandhang sangsara, lan dados tiyang ingkang kawitan wungu saking séda, supados Panjenenganipun martosaken kawilujengan dhateng tiyang Yahudi lan dhateng tiyang sanès Yahudi; inggih kawilujengan ingkang minangka pepadhang wonten ing gesangipun manungsa."

24Nalika Rasul Paulus ngaturaké penjawabé kaya mengkono mau, Gubernur Féstus banjur ngandika klawan sora: "Hé Paulus, kowé saiki wis édan! Kawruhmu sing akèh kuwi marakaké kowé édan!"

25Nanging Rasul Paulus mangsuli: "Kawula mboten éwah, Bapak Gubernur! Tembung kawula sedaya menika leres sarta kula saras saèstu.

26Mekaten ugi panjenengan, Sang Prabu Agripa, kawula kumawani matur wonten ing ngarsanipun Sang Prabu, sebab kawula mangertos bilih Sang Prabu nguningani prekawis-prekawis menika sedaya, jalaran sedaya prekawis wau kedadosanipun mboten wonten ing pandhelikan.

27Sang Prabu menapa pitados dhateng menapa ingkang kaserat déning nabi-nabi menika? Kawula mangertos, bilih Sang Prabu pitados!"

28Wangsulané Sang Prabu Agripa: "Apa kokkira aku sedhéla waé wis bisa kokdadèkaké wong Kristen?"

29Wangsulané Rasul Paulus: "Panyuwun kawula dhateng Gusti Allah, mugi sekedhap malih menapa dangu panjenengan lan sedaya tiyang ingkang sami mirengaken kawula ing dinten menika saged dados kados déné kawula, kejawi enggèn kawula dipun ranté menika."

30Sawisé Rasul Paulus mengkono, Sang Prabu lan Gubernur, tuwin Bèrniké lan wong kabèh padha ngadeg.

31Bareng wis padha ana ing jaba wong-wong mau padha rasanan: "Wong iki ora duwé keluputan sing pantes kapatrapan paukuman pati utawa dikunjara."

32Sang Prabu Agripa nglajengaké ngendikané marang Gubernur Féstus: "Leresipun tiyang menika sampun saged kaluwaran, menawi piyambakipun mboten nyuwun supados prekawisipun kainggahaken dhateng Kaisar ing Rum."



 <<  Kisah Para Rasul 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel