Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 28 >> 

1Sawisé aku padha tekan dharatan kanthi slamet, aku lagi padha ngerti, yèn pulo kuwi pulo Malta.

2Wong-wong pribumi ing pulo kono tangkepé marang aku kabèh becik banget. Nalika semana wiwit udan, lan hawané adhem. Mulané wong-wong pribumi mau banjur padha gawé bedhiyang, lan aku kabèh padha diajak mrono.

3Rasul Paulus uga mèlu ngumpulaké kayu-kayu, lan nalika lagi numpangaké kayu-kayu mau ana ing ndhuwur geni, dumadakan ana ula, sing merga panasing geni, metu saka kayu-kayu mau, lan nyokot tangané Rasul Paulus.

4Bareng wong pribumi mau padha weruh ula kuwi kumlawèr gumandhul ana ing tangané Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: "Wong kuwi mesthi tukang matèni wong, mulané wis ditakdiraké kudu mati, senajan dhèwèké wis oncat saka bebaya ing segara."

5Nanging Rasul Paulus ngipataké ula mau, nganti ulané tiba ana ing njero geni. Rasul Paulus ora krasa lara babar-pisan.

6Wong-wong mau padha ngira yèn tangané Rasul Paulus bakal abuh, lan dhèwèké bakal tiba dadakan, nuli mati. Nanging bareng wis dientèni suwé ora apa-apa, wong-wong mau nuli padha mbalik lan muni: "Wong iki genah déwa!"

7Cedhaké kono ana palemahan duwèké Publius, penggedhéné pulo kono. Publius mau mbagèkaké aku kabèh klawan bungah, lan aku kabèh banjur padha nginep ana ing omahé, dadi tamuné nganti telung dina lawasé.

8Nalika semana bapakné Publius lagi lara panas lan lara mbebuwang. Rasul Paulus banjur mlebu ing kamaré wong sing lara mau, nuli ndedonga lan numpangaké tangané ana ing wong mau, temahan wongé dadi waras.

9Weruh lelakon sing mengkono mau, kabèh wong lara ing pulo kono nuli padha digawa menyang panggonané Rasul Paulus, sarta padha diwarasaké.

10Aku padha olèh presèn akèh, lan nalika aku arep padha mangkat lelayaran menèh, aku padha disangoni barang-barang kebutuhané wong lelayaran.

11Sawisé telung sasi ana ing pulo Malta kono, aku nuli padha nunggang kapal sing teka saka kutha Alèksandria, sing nganggo lambang "Dioskuri". Kapal kuwi kabèh ana ing kono sasuwéné mangsa bedhidhing.

12Bareng tekan kutha Surakus, aku padha mampir ana ing kono telung dina.

13Saka kono aku padha nerusaké lelayaran menyang kutha Régium. Ésuké ana angin saka Kidul, lan let rong dina aku wis padha tekan kutha Putioli.

14Ana ing kono aku padha kepethuk karo sedulur Kristen sawetara, banjur dikon nginep ing kono nganti seminggu lawasé. Sawisé mengkono, aku padha tekan ing kutha Rum.

15Para sedulur ing kutha Rum wis padha krungu kabaré bab aku sakanca. Enggoné methuk aku sakanca tekan Pasar Apius lan Très Tarbéné. Bareng Rasul Paulus kepethuk para sedulur mau, banjur ngaturaké panuwun marang Gusti Allah, sarta nyantosakaké atiné para sedulur mau kabèh.

16Bareng aku wis padha tekan ing kutha Rum, Rasul Paulus diparengaké manggon dhéwé, dijaga déning prejurit siji.

17Sawisé telung dina, Rasul Paulus nuli ngundang para pengarepé wong Yahudi ing papan kono. Sawisé padha ngumpul, dikandhani mengkéné: "Para sedhèrèk kula sedaya! Senajan kula mboten kalepatan menapa-menapa dhateng bangsa kita, utawi nerak adat tata-cara, ingkang kawarisaken déning para leluhur dhateng kita, éwasemanten kula dipun tahan wonten ing kitha Yérusalèm, sarta dipun pasrahaken dhateng tiyang Rum.

18Sasampunipun tiyang Rum wau mriksa prekawis kula, lajeng nedya badhé ngluwari kula, jalaran mboten sami manggihaken lepat kula setunggal kémawon, ingkang pantes kapatrapan paukuman pejah.

19Nanging tiyang-tiyang Yahudi sami ngotot, ngantos kula kepeksa nyuwun supados prekawis kula kainggahaken dhateng pengadilanipun Kaisar Rum. Kula piyambak mboten badhé ngajengaken gugatan menapa-menapa tumrap bangsa kula.

20Menika sebabipun kula ngaturi panjenengan sedaya rawuh mriki, supados kula saged pirembagan kaliyan panjenengan. Enggèn kula kakunjara menika margi kula pitados dhateng Panjenenganipun ingkang rawuhipun dipun antos-antos déning tiyang Israèl."

21Wong-wong Yahudi mau nuli padha mangsuli: "Kula sami mboten nampi serat menapa-menapa saking tanah Yudéa bab panjenengan. Ugi mboten wonten sedhèrèk setunggal kémawon saking ngrika ingkang kautus mbekta pawartos, saé utawi awon.

22Kula kepéngin sami mireng kadospundi menggah pemanggih panjenengan ing bab piwulang énggal menika, sebab kula sami sumerep, bilih wonten ing pundi-pundi piwulang menika dipun mengsahi."

23Wong-wong mau banjur padha mijèkaké dina kanggo Rasul Paulus. Bareng wis tekan dinané, wong-wong mau padha teka ana ing omahé Rasul Paulus. Wiwit ésuk tekan soré, Rasul Paulus nyritakaké lan nerang-nerangaké bab pawarta sing magepokan karo Kratoné Gusti Allah. Rasul Paulus ngudi ngyakinaké wong-wong Yahudi bab Gusti Yésus, adhedhasar ayat-ayat sing dipethik saka Torèté Nabi Musa lan kitabé para nabi.

24Ana sing padha yakin yèn sing dikandhakaké déning Rasul Paulus kuwi pancèn bener, nanging ana uga sing ora precaya.

25Wong-wong mau nuli padha mulih saka kono karo padha bebèncèngan. Kuwi kelakon sawisé Rasul Paulus methik ayat, sing surasané mengkéné: "Cocog sanget pangandikanipun Sang Roh Suci, ingkang dipun wedharaken déning Nabi Yésaya dhateng para leluhur kita!

26Mekaten: ‘Paranana lan kandhaa marang bangsa iki: Kowé bakal padha krungu, nanging ora ngerti. Kowé bakal padha nggatèkaké, nanging ora ngerti apa sing kelakon.

27Sebab pikiranmu kuwi kethul, kupingé wis dipepeti nganti padha dadi budheg, lan mripaté padha dieremaké, nganti dadi wuta. Saupama ora mengkono, mripaté rak bisa ndeleng lan kupingé rak bisa ngrungokaké, lan pikirané rak bisa ngerti, temah banjur padha mratobat lan Dakwarasaké.’"

28Rasul Paulus banjur mbacutaké paseksiné: "Andadosna ing pangertosanipun para sedhèrèk sedaya, bilih pawartos kawilujengan peparingipun Gusti Allah menika samenika sampun kawartosaken dhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi, lan tiyang-tiyang wau sami remen mirengaken!"

29[Sawisé Rasul Paulus muni mengkono, wong-wong Yahudi mau nuli padha bubar, lunga saka kono karo padha padu dhéwé.]

30Rong taun lawasé Rasul Paulus ana ing kutha Rum kono, ngenggoni omah sing diséwa dhéwé. Sapa waé sing padha tilik mrono ditampani.

31Rasul Paulus martakaké Kratoné Gusti Allah lan memulang bab Gusti Yésus klawan kendel, tanpa ana sing ngarubiru.



 <<  Kisah Para Rasul 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel