Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 3 >> 

1Ing sawijining dina jam telu awan ngarepaké wektu sembahyang, Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes padha menyang Pedalemané Allah.

2Ing sacedhaké gapuraning Pedalemané Allah, sing karan "Gapura Éndah," ana wong lumpuh wiwit lair mula. Wong lumpuh mau saben dina digéndhong lan dipapanaké ana ing sacedhaké gapura mau, supaya bisa ngemis marang wong-wong sing padha mlebu ing Pedalemané Allah.

3Bareng wong lumpuh mau weruh Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes arep mlebu Pedalemané Allah, banjur nyuwun sedhekah.

4Rasul loro-loroné padha mandeng wong lumpuh mau lan Rasul Pétrus banjur ngandika: "Ngingetna aku!"

5Wong lumpuh mau iya nuli ngawasaké Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes, karo ngarep-arep bakal diparingi apa-apa.

6Nanging Rasul Pétrus ngandika: "Dhuwit aku ora duwé, nanging apa sing dakduwèni iki dakwènèhaké marang kowé: Atas asmané Gusti Yésus Kristus saka Nasarèt, mlakua!"

7Pétrus nuli nyekel tangané tengen wong lumpuh mau, nulungi enggoné ngadeg. Sanalika sikilé lan poloké wong mau dadi kukuh,

8nuli ngadeg maknyat lan mlaku mrana-mréné. Wong mau nuli ndhèrèk para rasul mlebu ing Pedalemané Allah karo lincak-lincak lan memuji, ngluhuraké asmané Gusti Allah.

9Wong akèh sing padha ana ing kono, padha weruh wong mau mlaku lan memuji asmané Gusti Allah,

10lan uga ora pangling yèn wong mau wong ngemis, sing adaté lungguh ana ing "Gapura Éndah". Mulané wong kabèh padha cingak lan kaéraman bab apa sing wis kelakon ing ngatasé wong mau.

11Sarèhning wong sing mentas diwarasaké mau tansah ngetutaké lakuné Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes, mulané wong akèh sing padha kaéraman mau ngrubung para rasul ana ing bangsal, sing disebut "Bangsal Suléman".

12Bareng Rasul Pétrus pirsa wong akèh mau banjur ngandika mengkéné: "Para sedhèrèk Israèl. Kénging menapa panjenengan sami gumun dhateng lelampahan menika lan ningali kula kekalih, kados-kados ingkang murugaken tiyang menika saged mlampah, margi saking pangwaos utawi kamursidan kula piyambak?

13Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, inggih menika Allahipun para leluhur kita, sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih menika Gusti Yésus. Panjenengan sampun ngulungaken Gusti Yésus wau dhateng para pangwasa, lan nampik Panjenenganipun wonten ing ngarsanipun Gubernur Pilatus, senajan Gubernur Pilatus sampun mutus badhé ngluwari Gusti Yésus wau.

14Panjenenganipun menika Tiyang ingkang suci lan leres, nanging sami panjenengan tampik, sarta nyuwun supados Pilatus ngluwari tiyang ingkang damel pepejah.

15Srana mekaten panjenengan sampun mejahi Tiyang ingkang dados sumbering ngagesang. Nanging Gusti Allah sampun nangèkaken Gusti Yésus saking séda, lan kula sakanca neksèni prekawis menika.

16Inggih pangwaosing asmanipun Gusti Yésus menika ingkang ngiyataken tiyang lumpuh menika. Menapa ingkang panjenengan sipati lan panjenengan seksèni menika kelampahan ing salebeting kapitadosan dhateng asmanipun Gusti Yésus Kristus. Inggih kapitadosan menika ingkang njalari sarasipun tiyang lumpuh menika kados ingkang panjenengan tingali samangké.

17Para sedhèrèk, kula mangertos, bilih enggèn panjenengan lan para pengageng panjenengan tumindak mekaten menika margi saking kiranging pangertosan.

18Nanging srana mekaten sampun kelampahan menapa ingkang dipun ngandikakaken déning Gusti Allah kala rumiyin lantaran para nabi, bilih Sang Kristus kedah nglampahi sangsara.

19Pramila sami mratobata lan wangsula dhateng Gusti Allah, supados angsal pangapuntening dosa panjenengan,

20lan Pangéran lajeng badhé nyegeraken nyawa panjenengan, tuwin ngutus Gusti Yésus, ingkang sampun katemtokaken dados Juru Wilujeng panjenengan.

21Panjenenganipun samenika kakersakaken wonten ing swarga ngantos dumugi ing wekdalipun samukawis kadadosaken énggal, kados ingkang sampun dipun ngandikakaken déning Gusti Allah lantaran para nabinipun.

22Sebab Nabi Musa sampun ngandika: ‘Pangéran Allahmu bakal ngutus Nabi marang kowé, saka ing panunggalanmu dhéwé, kaya enggoné ngutus aku. Kowé padha ngrungokna sakèhing prekara sing didhawuhaké marang kowé.

23Sebab sing sapa ora ngrungokaké pangandikané Nabi mau, bakal dianggep dudu umaté Gusti Allah, lan ditumpes.’

24Para nabi sedaya ingkang sampun sami medharaken kersanipun Gusti Allah, wiwit Nabi Samuèl lan para nabi sapengkeripun, ugi sampun sami meca bab jaman samangké.

25Prejanji-prejanjinipun Gusti Allah lantaran para nabi wau sedaya kanggé panjenengan. Mila panjenengan tumut kawengku ing prasetyanipun Gusti Allah dhateng para leluhur panjenengan, inggih menika prejanjinipun Gusti Allah dhateng Rama Abraham: ‘Merga saka turunmu sakèhing bangsa ing salumahing bumi bakal kaberkahan.’

26Kados mekaten Gusti Allah sampun milih lan ngutus Abdinipun, supados ngrawuhi panjenengan rumiyin, mberkahi panjenengan lan nuntun panjenengan sedaya supados nilar margining piawon ingkang panjenengan ambah."



 <<  Kisah Para Rasul 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel