Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 5 >> 

1Ing pasamuwan kono ana wong jenengé Ananias, lan bojoné jenengé Safira. Ananias mau ngedol palemahané,

2nanging sadurungé pepayoné mau dipasrahaké marang para rasul, sing sapérangan diunthet. Tindaké sing mengkono mau kanthi sarujuké bojoné; liyané dipasrahaké marang para rasul.

3Nanging Rasul Pétrus ngandika: "Ananias, atimu kokolèh dikwasani déning Iblis, nganti kowé wani nggorohi Sang Roh Suci, sarta ngunthet pepayoné palemahanmu?

4Sadurungé kokedol, palemahan kuwi rak duwèkmu dhéwé, lan sawisé kokedol, dhuwit pepayoné rak iya duwèkmu dhéwé? Yagéné kowé kokduwé pretingkah mengkono? Dudu manungsa sing kokgorohi, nanging Gusti Allah!"

5Bareng krungu pangandika mengkono mau, Ananias terus ambruk, mati; temah sakèhing wong sing krungu bab lelakon kuwi padha wedi banget.

6Para nonoman sing padha ana ing kono nuli padha mlebu, ngupakara layoné Ananias, nuli digotong metu sarta dikubur.

7Kira-kira telung jam menèh Safira mlebu, nanging ora ngerti apa sing mentas kelakon.

8Rasul Pétrus nuli ngandika marang Safira: "Kandhaa sing sabeneré. Apa dhuwit semono kuwi wis kabèh pepayoné palemahan sing padha kokedol?" Wangsulané wong wadon mau: "Inggih, èstu semanten!"

9Pangandikané Rasul Pétrus: "Yagéné kowé lan bojomu padha ayon nyoba marang Rohé Pangéran? Wong-wong sing mentas padha ngubur layoné bojomu, saiki wis padha teka lan iya arep nggotong kowé!"

10Wong wadon mau sanalika ambruk, mati ana ing ngarepé Rasul Pétrus. Para nonoman nuli padha mlebu lan weruh wong wadon mau wis mati. Layoné nuli digotong metu sarta dikubur ing sandhingé sing lanang.

11Wong sapasamuwan lan wong liyané kabèh sing krungu kedadéan mau padha banget wediné.

12Akèh mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan sing ditindakaké déning para rasul ing antarané wong akèh. Sakèhing wong sing padha precaya ngumpul ana ing ‘Bangsal Suléman’ ing Pedalemané Allah.

13Wong sanjabané pasamuwan ora ana sing wani mèlu kumpulan, senajan wong kabèh padha éring marang pasamuwan mau.

14Éwasemono saya akèh cacahé wong sing padha mlebu dadi wargané pasamuwan, yakuwi wong sepirang-pirang sing padha precaya marang Gusti Yésus.

15Apa sing ditindakaké déning para rasul mau njalari wong lara padha digotong menyang dalan-dalan, disèlèhaké ana ing ambèn lan ana ing klasa, supaya yèn Rasul Pétrus liwat, saora-orané ana wong sawetara sing bisa ketiban ayang-ayangé.

16Wong pirang-pirang saka ing kutha-kutha sakubengé kutha Yérusalèm, padha gumrudug teka, nggawa wong sing padha lara utawa sing padha kesurupan. Wong lara mau kabèh padha diwarasaké déning para rasul.

17Iku mau kabèh njalari Imam Agung lan kanca-kancané, wargané golongan Saduki, padha mèri banget marang para rasul; mulané banjur padha tumandang.

18Para rasul nuli padha dicekel lan ditahan ana ing pakunjaran umum.

19Nanging bengi kuwi uga ana Malaékating Pangéran sing mbukak lawang-lawanging pakunjaran, sarta ngirid para rasul metu saka ing kono. Malaékat mau ngandika marang para rasul:

20"Padha lungaa lan ngadega ana ing Pedalemané Allah, lan wulangna marang masarakat samubarang sing magepokan karo urip anyar."

21Para rasul padha ngèstokaké dhawuh mau, lan nalika isih ésuk umun-umun wis padha mlebu ing Pedalemané Allah lan wiwit memulang. Imam Agung lan kanca-kancané nuli nglumpukaké sakèhing para pinituwané bangsa Yahudi kabèh, diajak nganakaké parepatan Pradataning Agama. Pradataning Agama nuli utusan ngetokaké para rasul saka ing pakunjaran, supaya disowanaké.

22Nanging bareng para utusan tekan pakunjaran, para rasul ora ana. Banjur padha bali ngaturi pirsa marang Pradataning Agama,

23aturé: "Nalika kula sami dumugi ing pakunjaran, sedaya kori pinanggih taksih kancingan rapet, sedaya tiyang jagi taksih pepak wonten ing papan penjagèn ing ngajenging kori. Nanging sareng korinipun kula bikak, ing nglebet mboten wonten tiyangipun setunggal-tunggala!"

24Bareng perwira pengawal Pedalemané Allah sarta para pengareping imam padha krungu pelapuran mengkono mau, nuli padha dheleg-dheleg, nggagas anané lelakon sing dialami déning para rasul ing pakunjaran mau.

25Nanging ora wetara suwé banjur ana wong mlebu ing parepatan, sarta matur marang Pradata Agama: "Ndadosna ing pamirsa, bilih tiyang-tiyang ingkang sampun panjenengan lebetaken ing pakunjaran menika, samenika sami wonten ing Pedalemanipun Allah, sarta memulang dhateng tiyang kathah."

26Perwira pengawal Pedalemané Allah karo pendhèrèké nuli metu lan ora wetara suwé mlebu menèh ngirid para rasul. Enggoné nyekel para rasul mau patrapé ora kasar, awit padha wedi dibenturi watu déning wong akèh.

27Para rasul nuli digawa mlebu ngadhep marang Pradata Agama. Imam Agung banjur ngandika:

28"Kowé rak wis padha dakwanti-wanti ora kena memulang bab Wong kuwi. Nanging nyatané apa sing koktindakaké? Kowé wis nyebar piwulang nyrambahi sakutha Yérusalèm kabèh, lan kowé arep nempuhaké getihé Wong kuwi ana ing aku."

29Rasul Pétrus lan rasul sijiné mangsuli: "Kita kedah langkung mbangun-turut dhateng Gusti Allah ketimbang dhateng manungsa.

30Allahipun leluhur kita sampun nangèkaken Gusti Yésus, sasampunipun panjenengan sédani, srana kapenthang ing kajeng salib.

31Inggih Gusti Yésus menika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur déning Gusti Allah piyambak, tuwin kaparingan pangwasa, kadadosaken Panuntun sarta Juru Wilujeng, supados bangsa Israèl angsal wewengan mratobat saha angsal pangapuntening dosa.

32Tumrap prekawis menika sedaya, kula sami dados seksinipun; inggih kula sarta Sang Roh Suci, ingkang kaparingaken dhateng sedaya tiyang ingkang mbangun-turut dhateng Panjenenganipun."

33Bareng para warganing Pradata Agama krungu wangsulan mengkono mau, nuli padha nepsu banget; lan saking nepsuné nganti para rasul arep dipatèni.

34Nanging ana sawijining wong Farisi, jenengé Gamalièl, ahli Torèt, sing kajèn banget ana ing masarakat. Gamalièl mau nuli ngadeg lan njaluk supaya para rasul padha didhawuhi metu sedhéla.

35Gamalièl banjur kandha: "Para sedhèrèk Israèl. Kula aturi ngatos-atos tumrap menapa ingkang badhé panjenengan tindakaken dhateng tiyang-tiyang menika.

36Margi kala rumiyin inggih sampun naté jumedhul tiyang nama Téudhas, ingkang ngaken, bilih piyambakipun tiyang pinunjul lan gadhah penganut wetawis tiyang kawan atusan. Piyambakipun lajeng dipun pejahi, lan para penganutipun sedaya sami buyar, temahan gerakanipun Téudhas wau sirep.

37Sesampunipun menika lajeng jumedhul Yudas saking tanah Galiléa; nalika semanten ngleresi wonten cacah jiwa. Kathah tiyang ingkang tumut dhateng pembrontakanipun. Piyambakipun ugi dipun pejahi lan sedaya penganutipun buyar.

38Mekaten ugi samenika, tumrap prekawis menika, kula mrayogèkaken, supados panjenengan sampun ngantos nindakaken menapa-menapa dhateng tiyang-tiyang menika. Sampun dipun ganggu, sebab menawi ada-ada tuwin pendamelipun tiyang-tiyang menika asalipun saking manungsa, temtu badhé sirep piyambak.

39Nanging menawi asalipun saking Gusti Allah, panjenengan temtu mboten saged ngawonaken tiyang-tiyang menika. Sampun ngantos mangké panjenengan piyambak kepanggihipun malah nglawan dhateng Gusti Allah." Pradata Agama mau nurut marang pamrayogané Gamalièl.

40Para rasul nuli ditimbali mlebu menèh. Sawisé dipecuti, nuli diwanti-wanti ora kena memulang atas Asmané Gusti Yésus. Sawisé mengkono para rasul nuli diluwari.

41Mulané padha ninggal parepatané Pradata Agama klawan bungahing ati, déné Gusti Allah nganggep dhèwèké pantes nandhang wirang kagem Asmané Gusti Yésus.

42Para rasul mau saben dina ajeg padha nerusaké enggoné memulang lan ngabaraké Injil ana ing Pedalemané Allah, lan ana ing omah-omah, sarta mratélakaké yèn Gusti Yésus kuwi Sang Mèsias.



 <<  Kisah Para Rasul 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel