Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 8 >> 

1Saulus dhéwé rujuk menawa Stéfanus dipatèni. Wiwit dina kuwi pasamuwan ing kutha Yérusalèm dikuya-kuya tanpa nganggo welas. Kejaba para rasul, kabèh wong precaya padha buyar, pating slebar ana ing tanah Yudéa lan tanah Samaria.

2Ana wong mursid sawetara, sing ngubur layoné Stéfanus; wong-wong mau banget enggoné padha nangisi.

3Nanging Saulus ngudi supaya bisa nyirnakaké pasamuwan; mulané saben omah dileboni. Ngendi ana wong precaya, lananga, wadona, kabèh padha digèrèd metu lan dilebokaké ing kunjara.

4Kosokbaliné wong precaya sing padha pating slebar mau ana ing ngendi waé parané, tansah padha ngabaraké Injil.

5Filipus lunga menyang kutha Samaria lan wewarta marang wong-wong ing kono, yèn Gusti Yésus kuwi Sang Kristus.

6Wong akèh padha ngrungokaké temenan marang piwulangé Filipus, lan uga weruh mujijat-mujijat sing ditindakaké.

7Dhemit-dhemit sing padha ditundhungi saka ing wong-wong sing padha kesurupan, padha metu karo jerit-jerit. Uga akèh wong lumpuh lan wong pincang padha diwarasaké,

8temahan ing kutha Samaria kono wong-wong padha bungah banget.

9Ing kutha kono ana wong, jeneng Simon. Wis wiwit biyèn Simon kuwi gawé éramé wong akèh ing kutha Samaria kono, srana ilmu sihir. Simon mau ngakuné wong sing pinunjul.

10Mulané para warga kutha mau, ya sakèhing lapisaning masarakat, padha kèlu marang Simon mau. Uniné wong akèh mau: "Simon kuwi wujudé pangwasané Gusti Allah sing Mahaagung."

11Wong kabèh padha manut marang tembungé Simon, awit wis suwé Simon mau enggoné gawé éramé wong akèh, merga saka ilmuné sihir.

12Nanging bareng wong-wong mau padha precaya marang Injil, lanang lan wadon akèh kang padha dibaptis. Injil sing diwartakaké déning Filipus, yakuwi bab Kratoné Gusti Allah sing dumadiné lantaran Gusti Yésus Kristus.

13Simon dhéwé uga precaya. Sawisé dibaptis, Simon mau nuli ndhèrèkaké tindaké Filipus. Simon gumun banget weruh mujijat-mujijat sing ditindakaké déning Filipus.

14Para rasul ing kutha Yérusalèm padha krungu, yèn wong-wong Samaria padha nampani pangandikané Gusti Allah. Mulané para rasul mau banjur padha ngutus Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes menyang kutha Samaria.

15Bareng Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes padha teka ing kono, nuli padha ndongakaké wong-wong sing wis dibaptis mau, supaya padha kaparingan Roh Suci.

16Sebab wong-wong mau durung ana siji waé sing kapenuhan ing Roh Suci. Wong-wong kuwi lagi padha dibaptis ing asmané Gusti Yésus.

17Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes nuli numpangaké tangané ing sirahé wong-wong mau, temahan padha kapenuhan ing Roh Suci.

18Simon weruh wong-wong enggoné padha kapenuhan ing Roh Suci, merga rasul-rasul numpangaké tangané ing sirahé wong-wong mau. Mulané Simon nuli nawani dhuwit marang Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes,

19karo matur: "Mbok kula panjenengan paringi pangwasa, supados saben tiyang ingkang kula tumpangi tangan, nunten sami kapenuhan ing Roh Suci."

20Nanging Rasul Pétrus mangsuli: "Kenaa laknat, kowé lan dhuwitmu, merga kowé ngira, yèn peparingé Gusti Allah kuwi kena dituku nganggo dhuwit.

21Kowé ora mèlu apa-apa ana ing pegawéan iki, merga atimu ora barès ana ing ngarsané Gusti Allah.

22Mulané mratobata saka kelakuanmu sing ala kuwi, lan nyuwuna pangapura marang Gusti Allah tumrap pikiranmu sing kesasar kuwi!

23Merga aku ngerti yèn atimu isih kebak drengki lan kowé isih dikwasani déning dosa."

24Simon banjur matur marang Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes: "Mugi panjenengan kersa nyuwunaken kula dhateng Pangéran, supados kula mboten kadhawahan paukuman ingkang panjenengan ngandikakaken menika."

25Sawisé maringi paseksi lan ngabaraké Injil ana ing kono, Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes nuli padha bali menyang kutha Yérusalèm. Ing sedalan-dalan rasul-rasul mau padha ngabaraké Injil ing désa-désa, ing tanah Samaria kono.

26Ana Malaékating Pangéran ngandika marang Filipus: "Kowé tata-tataa lan lungaa mengidul, menyang dhun-dhunan dalan sing saka kutha Yérusalèm menyang kutha Gaza." (Dalan mau dalan mati.)

27Filipus tata-tata nuli mangkat. Nalika semana ana wong Étiopia, punggawa kraton duwé tanggung jawab jaga keputrèn, lan ngurus bandhané sang Putri Kandhaké, ing Negara Étiopia. Priyagung mau lagi waé bali saka nindakaké pangibadah ing kutha Yérusalèm.

28Nalika semana lagi numpak kréta karo maca kitabé Nabi Yésaya.

29Filipus nuli kadhawuhan déning Roh Suci: "Kowé nyedhakana kréta kuwi."

30Filipus banjur énggal-énggal nyedhaki kréta mau lan krungu priyagung mau lagi maca kitab Nabi Yésaya. Filipus banjur takon marang wong mau: "Panjenengan menapa mangertos ingkang panjenengan waos menika?"

31Wangsulané priyagung mau: "Kadospundi enggèn kula saged mangertos, menawi mboten wonten tiyang ingkang nerangaken dhateng kula?" Priyagung mau nuli akon Filipus munggah ing kréta lan lungguh ing sandhingé.

32Ana déné ayat sing diwaca déning priyagung mau surasané mengkéné: "Panjenengané kaya wedhus sing arep disembelèh; lan kaya cempé bisu sing ora nyuwara ana ing ngarepé wong sing ngguntingi wuluné; kaya mengkono enggoné Panjenengané ora kumecap.

33Panjenengané diasoraké, sarta ora ana kaadilan kapatrapaké kagem Panjenengané. Nyawané dipundhut saka ing bumi, mulané ora ana wong sing bakal nyritakaké asal-usulé."

34Priyagung mau nuli takon marang Filipus: "Kula nyuwun pirsa, sinten ingkang dipun ngandikakaken déning nabi menika? Menapa piyambakipun piyambak, menapa tiyang sanès?"

35Miwiti saka ayat kuwi, Filipus nuli nyritakaké Injilé Gusti Yésus.

36Sajroné padha nerusaké lakuné mau nuli padha tekan ing panggonan sing ana banyuné. Priyagung mau nuli kandha: "Kula aturi mirsani, ing ngriku wonten toya. Menapa wonten alanganipun menawi kula dipun baptis?"

37[Wangsulané Filipus: "Menawi panjenengan pitados kalayan trusing manah, saged kémawon panjenengan dipun baptis." Priyagung mau nuli mangsuli: "Kula pitados bilih Gusti Yésus menika Sang Kristus, Putranipun Allah."]

38Priyagung mau nuli dhawuh ngendhegaké krétané. Wong loro mau, Filipus lan priyagung, nuli padha mudhun ana ing banyu. Filipus banjur mbaptis priyagung mau.

39Sawisé mentas, Filipus kapundhut déning Sang Roh Suci. Priyagung mau wis ora weruh Filipus menèh. Panjenengané nuli nerusaké lakuné klawan bungah.

40Weruh-weruh Filipus wis tekan kutha Asdod, banjur ndlajahi kutha-kutha ing kono, sarta ngabaraké Injilé Gusti Yésus, nganti tekan ing kutha Kaisaréa.



 <<  Kisah Para Rasul 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel