Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kolose 3 >> 

1Sarèhné kowé wis padha katangèkaké bareng karo Sang Kristus, mulané padha ngupayaa samubarang kang ana ing swarga, ing panggonané Sang Kristus pinarak ing dhampar sisih tengené Gusti Allah.

2Padha mikira sabarang kang ana ing kana, aja sing ana ing donya kéné.

3Sebab kowé kuwi wis mati, lan uripmu saiki-iki peparingé Gusti Allah lantaran Sang Kristus.

4Gusti Yésus Kristus kang paring gesang mau, bakal rawuh. Ing kono kowé uga bakal ndhèrèk karo Panjenengané ana ing kamulyané.

5Mulané kowé padha nyandheta pepénginan lan hawa-nepsu sing njalari kowé ngangah-angah, kayata: laku jina, tindak rusuh, birahi, kepéncut, lan karem bandha (awit karem bandha kuwi sawijining patrap nyembah marang brahala).

6Merga saka prekara-prekara sing mengkono kuwi laknaté Gusti Allah bakal kaesokaké marang sadhéngah wong, sing mbangkang marang Panjenengané.

7Kowé dhéwé biyèn iya urip nuruti pepénginan-pepénginan sing mengkono mau, yakuwi nalika uripmu isih kaerèh déning pepénginan-pepénginan.

8Nanging saiki kuwi kabèh mau padha buwangen, yaiku: seneng nepsu, ngangah-angah lan rasa sengit. Aja nganti kewetu pitenah utawa tembung sing saru.

9Aja padha goroh-ginorohan, sebab kowé wis padha ngrucat kamanungsanmu sing lawas sapratingkahé,

10sarta wis ngrasuk kamanungsan anyar sing tansah dianyaraké déning kang nitahaké, yakuwi Gusti Allah, manut pasemoné Gusti Allah piyambak. Temah kowé padha bisa wanuh karo Panjenengané ing sasampurnané.

11Dadiné wis ora ana wong kapir utawa wong Yahudi menèh, wong tetakan utawa ikutan, wong ngerti tata-krama utawa wong alasan, batur-tukon utawa wong merdika, nanging Sang Kristus sing jumeneng dadi Gustiné wong kabèh mau.

12Kowé kuwi padha umaté Gusti Allah. Panjenengané ngasihi kowé lan milih kowé dadi kagungané. Mulané padha duwéa watak welasan, sumanak, andhap-asor, lembah-manah lan sabar.

13Padha tulung-tinulunga lan apura-ingapuraa, samasa panunggalanmu ana sing duwé rasa ora kepénak atiné. Kowé kudu apura-ingapura, kaya patrapé Gusti ngapura kowé.

14Malah isih kokwuwuhana menèh katresnan, awit katresnan kuwi nunggalaké samubarang kabèh dadi siji klawan sampurna.

15Atimu padha kaparingana katentreman déning Sang Kristus, awit iya kanggo prekara iku mau Gusti Allah wis nimbali kowé kabèh kadadèkaké badan siji. Padha saosa sukur.

16Injilé Sang Kristus tansah anaa ing atimu kanthi lubèr. Padha wulang-winulanga lan wuruk-winurukana klawan kawicaksanan ing sasampurnané. Padha ngrepèkna Masmur, kidung lan kidung kasukman; padha mujia marang Gusti Allah klawan saos sukur ana ing atimu.

17Sadhéngah prekara sing koklairaké srana tembung utawa penggawé, kuwi kabèh lakonana atas asmané Gusti Yésus kambi saos sukur marang Gusti Allah Sang Rama lantaran Panjenengané.

18Para wong wadon, padha sumuyuda marang somahmu, kaya samesthiné ana ing brayat Kristen.

19Para wong lanang, bojomu padha tresnanana lan aja pisan-pisan kokkasari.

20Bocah-bocah! Kuwajibanmu dadi bocah Kristen iku tansah mbangun-turut marang wong tuwamu, awit sing mengkono mau gawé renaning penggalihé Gusti Allah.

21Para wong tuwa, aja padha gawé larané atiné anak-anakmu, supaya aja padha semplah.

22Para batur-tukon, ing sadhéngah prekara kowé padha manuta marang bendaramu kadonyan, aja mung yèn lagi ditunggoni, supaya olèh pengalem, nanging krana saka éklasing ati, merga saka enggonmu wedi marang Gusti Allah.

23Lan apa waé sing koktindakaké, tindakna klawan legawaning ati, kaya-kaya kowé lagi nyambut-gawé kagem Gusti, ora kanggo manungsa.

24Ngertia yèn Gusti bakal ngganjar kowé. Kabèh sing wis kacadhangaké déning Gusti Allah marang para umaté, iya bakal diparingaké marang kowé. Sebab sejatiné bendaramu sing sejati kuwi Sang Kristus piyambak.

25Wong sing keluputan, bakal nyangga keluputané, sebab Gusti Allah ora mawang wong.



 <<  Kolose 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel