Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 21 >> 

1Ana ing Pedalemané Allah kono Gusti Yésus pirsa wong sugih-sugih padha nglebokaké dhuwit ana ing pethi pisungsung.

2Nuli Panjenengané iya pirsa ana randha miskin sing nglebokaké pisungsung dhuwit cilik rong iji.

3Gusti Yésus nuli ngandika: "Setitèkna! Randha miskin kuwi pisungsungé luwih akèh ketimbang karo wong-wong liyané.

4Sebab wong liya-liyané mau enggoné pisungsung dijupukaké saka kalubèraning kasugihané. Nanging wong randha miskin misungsungaké kabèh dhuwit sing diduwèni, sing prelu kanggo nyambung uripé dhéwé."

5Ana wong sawetara padha rasanan bab kaéndahané Pedalemané Allah, enggoné direngga-rengga nganggo watu-watu sing becik banget, sarta barang rupa-rupa sing dipisungsungaké marang Gusti Allah. Gandhèng karo gunem sing mengkono mau, Gusti Yésus ngandika:

6"Mbésuk bakal kelakon, kabèh sing kokdeleng iku lebur, nganti ora ana watu siji waé sing lestari tumumpang ana ing watu liyané!"

7Wong mau padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Guru, mbénjing menapa prekawis wau badhé kelampahan?"

8Pangandikané Gusti Yésus: "Sing padha awas, supaya kowé aja nganti kena disasaraké déning wong! Sebab akèh wong sing bakal teka nganggo jeneng-Ku. Wong-wong mau bakal padha muni: ‘Aku iki Sang Kristus!, lan saiki wis tekan wektuné.’ Aja padha nggugu.

9Kowé aja padha wedi, yèn krungu kabar bab peperangan lan pembrontakan. Sebab kabèh mau wis pinesthi kudu kelakon dhisik. Nanging kuwi ora ateges yèn wis tekan wekasané jaman."

10Gusti Yésus nuli nerusaké pangandikané: "Bangsa-bangsa bakal campuh perang, negara sing siji nglawan negara sijiné.

11Ing ngendi-endi bakal ana lindhu sing nggegirisi, ana pailan lan pageblug. Uga bakal ana prekara-prekara sing nggegirisi lan pretandha-pretandha sing ngédab-édabi saka langit.

12Nanging sadurungé kabèh mau kelakon, kowé bakal dicekel lan dianiaya. Kowé bakal padha diadili ana ing papan-papan pangibadah lan dilebokaké ana ing pakunjaran. Kowé bakal dilarak lan diladèkaké ana ing ngarepé para ratu lan para pangwasa, merga saka Aku.

13Kuwi wewengan kanggo kowé nglairaké paseksimu bab Injiling Pangéran.

14Padha mantepa ing ati! Kowé ora susah kuwatir bab wangsulan sing kudu kokaturaké kanggo mbélani awakmu.

15Sebab Aku dhéwé sing bakal maringi tembung lan kabisan kuwi marang kowé, nganti mungsuhmu ora bakal bisa ngunggahi utawa mbantah marang apa sing kokkandhakaké.

16Kowé bakal diulungaké déning bapak lan ibumu, déning sedulur-sedulurmu, lan déning kanca-kancamu. Ana panunggalanmu sawetara sing bakal dipatèni déning mungsuhmu.

17Kowé bakal disengiti déning wong kabèh merga saka Aku.

18Nanging rambutmu saeler waé ora bakal ana sing kalong.

19Yèn kowé tetep precaya lan sabar, kowé bakal slamet."

20"Yèn kowé weruh kutha Yérusalèm dikepung déning wadyabala, padha ngertia, yèn ora suwé menèh kutha Yérusalèm mau bakal disirnakaké.

21Ing wektu kuwi wong-wong ing tanah Yudéa padha ngungsia menyang pegunungan. Wong-wong sing ana ing kutha padha metua saka kutha, lan wong-wong sing ana njaba kutha aja padha mlebu ing kutha.

22Sebab dina-dina kuwi diarani ‘Dinaning Paukuman’, supaya kelakon apa sing wis ditulis ana ing Kitab Suci.

23Mesakaké temen wong wadon sing lagi padha meteng, lan sing lagi padha réwang bayi! Sebab negara kuwi bakal ngalami kasusahan gedhé, merga Gusti Allah bakal ngukum bangsa iki.

24Ana wong sing bakal dipatèni klawan pedhang, ana uga sing padha bakal diboyong menyang negara-negara manca; lan wong-wong sing ora wanuh marang Gusti Allah bakal ngicak-icak kutha Yérusalèm, nganti tekan wektu sing wis ditemtokaké déning Gusti Allah tumrap bangsa iki."

25"Mbésuk bakal ana pretandha-pretandha sing katon ana ing srengéngé, rembulan lan lintang-lintang. Ing bumi bangsa-bangsa bakal padha gumeter, merga gumlegeré segara lan ombaké sing nggegirisi.

26Akèh wong sing bakal padha klenger saking wediné, merga ngrasakaké apa sing bakal kelakon ana ing jagad. Sebab kekuwatan-kekuwatan sing ngatur lakuné jagad raya bakal kisruh.

27Ing wektu kuwi Putrané Manungsa bakal rawuh ana ing méga, ngagem kamulyan lan pangwasa gedhé.

28Yèn kabèh mau wiwit kelakon, padha siyagaa lan tumengaa, sebab ora suwé menèh kowé bakal padha kaluwaran."

29Gusti Yésus nuli nyritakaké pasemon mengkéné: "Padha titènana wit anjir lan wit-witan apa waé.

30Yèn wit-witan mau wis padha semi, kowé ngerti yèn wis ngancik mangsa panas.

31Mengkono uga yèn kowé weruh prekara-prekara sing Dakkandhakaké mau kelakon, padha ngertia yèn wis tekan wektuné Gusti Allah mbangun Kratoné ana ing jagad.

32Padha ngandela! Wong-wong sing urip ing jaman saiki durung bakal padha mati, yèn prekara-prekara kuwi mau kabèh durung kelakon.

33Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembung-Ku bakal tetep ing selawas-lawasé."

34"Padha jaganen awakmu dhéwé. Aja nganti kowé mung mikir enggonmu pésta-pésta waé; aja kakéhan mikiraké bab ruwet-rentenging uripmu, nganti bareng Dinané Pangéran teka dadakan, kowé ora cumawis.

35Sebab tekané dina kuwi presasat kala, kanggo njiret wong sajagad kabèh.

36Padha siyagaa, lan tansah ndedongaa, supaya kowé diparingi kekuwatan bisa ngalami sing bakal kelakon mau kabèh kanthi slamet, sarta bisa sowan ing ngarsané Putrané Manungsa."

37Gusti Yésus saben awan memulang ana ing Pedalemané Allah, benginé minggah ing Gunung Zaitun, lan nyaré ana ing kono.

38Saben ésuk wong kabèh padha teka ana ing Pedalemané Allah, ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus.



 <<  Lukas 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel