Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 1 >> 

1Iki sarasilahé Gusti Yésus Kristus. Gusti Yésus kuwi tedhak-turuné Prabu Dawud. Prabu Dawud tedhak-turuné Bapak Abraham.

2Bapak Abraham peputra Iskak. Iskak peputra Yakub. Yakub peputra Yéhuda sasedulur.

3Yéhuda peputra Pèrès lan Zérah, patutan saka Tamar; Pèrès peputra Hèzron. Hèzron peputra Ram.

4Ram peputra Aminadab. Aminadab peputra Nahason. Nahason peputra Salmon.

5Salmon peputra Boas, patutan saka Rahab. Boas peputra Obèd, patutan saka Rut. Obèd peputra Isai.

6Isai peputra Dawud. Dawud peputra Suléman, patutan saka tilas bojoné Uria.

7Suléman peputra Réhabéam. Réhabéam peputra Abia. Abia peputra Asa.

8Asa peputra Yosafat. Yosafat peputra Yoram. Yoram peputra Uzia.

9Uzia peputra Yotam. Yotam peputra Akhas. Akhas peputra Hizkia.

10Hizkia peputra Manasyè. Manasyè peputra Amon. Amon peputra Yosia.

11Yosia peputra Yékhonya sasedulur. Nalika semono bangsa Israèl ana ing pembuwangan ing tanah Babil.

12Ana ing tanah Babil kono Yékhonya peputra Séaltièl. Séaltièl peputra Zérubabel.

13Zérubabel peputra Abihud. Abihud peputra Èlyakim. Èlyakim peputra Azur.

14Azur peputra Zadhok. Zadhok peputra Akhim. Akhim peputra Éliud.

15Éliud peputra Èléazar. Èléazar peputra Matan. Matan peputra Yakub.

16Yakub peputra Yusuf. Yusuf kuwi garwané Maryam. Maryam iki sing mbabar Gusti Yésus, sing disebut Mèsias (Tembung Ibrani ‘Mèsiah’ kuwi basané Yunani ‘Kristus’.)

17Dadi saka Bapak Abraham tekan Prabu Dawud, kabèh ana patbelas turunan, saka Prabu Dawud tekan jaman pembuwangan menyang tanah Babil ana patbelas turunan. Semono uga saka jaman pembuwangan menyang tanah Babil tekan wiyosé Sang Kristus ana patbelas turunan.

18Anadéné wiyosé Gusti Yésus Kristus kuwi kelakoné mengkéné: Nalika Maryam ibuné Gusti Yésus isih pacangan karo Yusuf, lan durung padha ningkah, Maryam wis mbobot merga saka pangwasané Sang Roh Suci.

19Sarèhné wong mursid, Yusuf ora gelem gawé wirangé Maryam ana ing ngarepé wong akèh; mula thukul gagasané arep medhot enggoné pepacangan karo Maryam mau kanthi meneng-menengan.

20Nanging bareng lagi nggagas-nggagas mengkono, banjur ana Malaékaté Pangéran nemoni Yusuf sajroning impèn. Malaékat mau ngandika: "Yusuf, tedhak-turuné Dawud, kowé aja mangu-mangu ngepèk Maryam dadi bojomu, awit bayi sing ana ing wetengané kuwi asalé saka pangwasané Sang Roh Suci.

21Maryam bakal mbabar putra kakung. Bayi kuwi namakna Yésus, awit iya Panjenengané kuwi sing bakal nylametaké umaté saka ing dosané."

22Kuwi mau kabèh supaya kelakon sing dingandikakaké déning Pangéran lantaran nabiné, mengkéné:

23"Bakal ana prawan mbobot, sarta mbabar putra kakung, kang bakal dinamakaké Immanuèl." (‘Immanuèl’, kuwi basa Ibrani, tegesé: ‘Allah nunggil karo kita’.)

24Sawisé tangi, Yusuf banjur nglakoni kaya sing didhawuhaké déning Malaékaté Pangéran mau. Maryam banjur diningkah,

25nanging ora diwori turu nganti tumekané babaran. Putrané kakung; Yusuf namakaké putra mau Yésus.



 <<  Matius 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel