Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 14 >> 

1Nalika semono Sang Prabu Hérodès, raja ing tanah Galiléa, mireng pawartané bab Gusti Yésus.

2Sang Prabu banjur ngandika marang para punggawané: "Ora liya iki mesthi Nabi Yohanes Pembaptis, sing urip menèh! Kuwi sebabé wong iki duwé kasektèn kaya mengkono."

3Iya Sang Prabu Hérodès iki sing biyèn dhawuh nyekel Nabi Yohanes, banjur diblenggu sarta dilebokaké ing pakunjaran.

4Enggoné Sang Prabu tumindak mengkono mau, merga Nabi Yohanes tansah ngémutaké Sang Prabu mengkéné: "Panjenengan dalem mboten kénging mundhut garwa Sang Putri Hérodias! Menika nerak Angger-anggering Agami!" Hérodias kuwi garwané Pangéran Filipus, rayiné Sang Prabu Hérodès.

5Mula Sang Prabu Hérodès kepéngin nyédani Nabi Yohanes, nanging wedi karo wong akèh, sebab wong-wong mau nganggep yèn Yohanes kuwi nabi.

6Nanging kacrita, nalika lagi ana pahargyan dina wiyosané Sang Prabu Hérodès, putri putrané Hérodias mbeksa ana ing satengahing pahargyan. Enggoné mbeksa mau nengsemaké banget ing penggalihé Sang Prabu,

7nganti panjenengané kelair janjiné bakal maringi apa waé sing disuwun putri mau.

8Wasana merga wis diajani kang ibu, putri mau banjur munjuk: "Keparenga kawula nyuwun sirahipun Yohanes Pembaptis samenika ugi, kaparingna ing baki menika!"

9Nalika mireng panyuwun kuwi Sang Prabu Hérodès sedhih banget. Nanging merga wis janji ana ing ngareping wong akèh,

10Sang Prabu banjur utusan prejurit, supaya nigas guluné Nabi Yohanes ana ing pakunjaran.

11Sirahé banjur digawa ana ing baki, katampakaké marang putri mau, sing banjur ngaturaké baki mau marang kang ibu.

12Para muridé Nabi Yohanes banjur padha teka ngukup layoné, nuli disarèkaké. Sawisé kuwi banjur padha sowan marang Gusti Yésus ngaturaké lelakon mau.

13Bareng midhanget pawarta bab sédané Nabi Yohanes mau, Gusti Yésus banjur tindak saka ing kono piyambakan, nitih prau menyang panggonan sing sepi. Nanging wong-wong padha ngerti arep menyang endi tindaké. Mulané banjur padha mlaku nusul Panjenengané.

14Bareng Gusti Yésus mandhap saka prau lan mirsa wong akèh mau, penggalihé trenyuh, merga saka welasé. Wong sing lara nuli padha diwarasaké.

15Bareng wis soré, para muridé nuli padha sowan lan matur: "Samenika sampun sonten, mangka panggènan menika sepen. Langkung prayogi menawi Panjenengan ndhawuhi tiyang-tiyang menika késah tumbas tedha wonten ing dhusun-dhusun."

16Nanging Gusti Yésus ngandika: "Ora susah padha dikon lunga. Kowé waé padha mènèhana pangan."

17Para murid nuli padha matur: "Kawula namung sami gadhah roti gangsal lan ulam kalih."

18Dhawuhé Gusti Yésus: "Gawanen mréné, wènèhna Aku."

19Gusti Yésus banjur dhawuh, supaya wong akèh mau padha lungguh ing pasuketan. Gusti Yésus banjur tumenga ing langit lan matur nuwun marang Gusti Allah. Roti lan iwak tumuli diberkahi, banjur dicuwil-cuwil lan diparingaké marang para murid, sing banjur ngedum-edumaké marang wong akèh mau.

20Wong akèh nuli padha mangan nganti wareg. Sawisé mangan, para murid banjur nglumpukaké sisané roti lan iwak, nganti olèh rolas wakul kebak.

21Sing padha mangan mau cacahé wetara wong limang èwu, ora kapétung wong wadon lan bocah-bocah.

22Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur dhawuh marang para muridé, supaya nunggang prau, ndhisiki nyabrang tlaga; déné wong akèh mau padha kadhawuhan mulih.

23Sawisé wong akèh mau padha lunga, Gusti Yésus banjur minggah ing gumuk piyambakan, arep ndedonga. Bengi kuwi Panjenengané piyambakan ana ing kono.

24Nalika semono para murid wis ana ing tengah tlaga. Prauné montang-manting ditempuh déning ombak, merga anginé nampek.

25Kira-kira jam telu bengi Gusti Yésus nusul para muridé, tindak napak ing banyu.

26Bareng para murid weruh ana wong teka napak ing banyu, nuli padha wedi banget. Saka wediné padha jerit-jerit: "Ana memedi!"

27Nanging nuli padha dingandikani déning Gusti Yésus: "Sing tatag. Iki Aku. Aja wedi!"

28Pétrus banjur matur: "Gusti, menawi èstu Panjenengan, kersaa dhawuh supados kawula murugi Panjenengan mlampah napak ing toya."

29Dhawuhé Gusti Yésus: "Iya, mrénéa." Pétrus banjur mudhun saka ing prau, mlaku napak ing banyu, marani Gusti Yésus.

30Nanging bareng Pétrus krasa santering angin ing tlaga mau, dadi wedi lan wiwit ambles. Pétrus nuli bengok-bengok: "Gusti, nyuwun tulung!"

31Gusti Yésus énggal-énggal mulung astané, nyepeng Pétrus. Pangandikané: "Cupet temen pengandelmu! Yagéné kowé kokmangu-mangu?"

32Sekaroné banjur munggah ing prau. Anginé nuli mendha.

33Para murid sing ana ing prau mau nuli padha sujud, nyembah marang Gusti Yésus, karo matur: "Panjenengan menika saèstu Putranipun Allah."

34Sawisé nyabrang, Gusti Yésus lan para muridé banjur padha tekan tanah Génésarèt.

35Bareng wong-wong ing kono padha weruh yèn sing rawuh kuwi Gusti Yésus, banjur padha ngabari wong-wong ing wilayah kono kabèh. Sakèhé wong lara banjur padha disowanaké Gusti Yésus.

36Wong-wong mau padha matur, keparenga mung ndemèk gombyoking jubahé waé. Kabèh sing padha ndemèk, padha dadi waras.



 <<  Matius 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel