Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 16 >> 

1Kacrita ana wong Farisi lan wong Saduki padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus, arep nyoba marang Panjenengané. Wong-wong mau padha nyuwun, supaya Gusti Yésus kersa damel mujijat, kanggo mbuktèkaké yèn Panjenengané kuwi utusané Gusti Allah.

2Gusti Yésus ngandika: ["Yèn soré langité katon abang sumilak, kowé kandha: ‘Iki bakal terang.’

3Déné yèn ésuk langité katon abang lan mendhung, kowé kandha: ‘Mengko bakal udan.’ Kowé padha bisa ngramal tekané udan lan terang srana ndeleng tandha-tandha sing ana ing langit, nanging tandha-tandhané jaman kowé padha ora ngerti!"]

4"Kowé wong ala lan wong duraka arep nyuwun pretandha. Ora bakal kaparingan, kejaba pretandhané Nabi Yunus." Sawisé ngandika mengkono Gusti Yésus banjur nilar wong-wong mau.

5Nalika para muridé Gusti Yésus tekan ing sabrangé tlaga, lagi padha kèlingan yèn ora nggawa roti.

6Gusti Yésus ngandika: "Padha diawas bab raginé wong Farisi lan wong Saduki."

7Bareng krungu pangandikané Gusti Yésus mau, para murid padha rasanan: "Panjenengané ngandika mengkono kuwi mesthiné merga kita padha ora nggawa roti."

8Gusti Yésus pirsa apa sing padha dirembug. Mulané banjur ngandika: "Yagéné kowé padha rerasanan bab enggonmu ora nggawa roti? Kowé wong sing cupet ing pengandel.

9Apa kowé padha ora kèlingan roti lima sing Dakcuwil-cuwil kanggo mènèhi mangan wong limang èwu kaé? Pirang wakul sisané sing kokklumpukaké?

10Lan roti pitung iji sing kanggo wong patang èwu kaé? Apa kowé ya wis lali? Pirang rinjing sisané sing kokklumpukaké?

11Yagéné kowé kokora ngerti yèn sing Dakkarepaké dudu roti kuwi? Mulané ‘padha diawas bab raginé wong Farisi lan wong Saduki.’"

12Wekasané para muridé Gusti Yésus padha ngerti apa sing dikersakaké. Gusti Yésus dhawuh supaya padha waspada; dudu ragi sing dienggo gawé roti, nanging supaya padha waspada bab piwulangé para wong Farisi lan wong Saduki.

13Gusti Yésus tindak menyang wilayah sacedhaké kutha Kaisaréa Filipi. Ing kono Panjenengané ndangu marang para muridé: "Miturut kandhané wong, Putraning Manungsa kuwi sapa?"

14Para murid padha mangsuli: "Wonten ingkang mestani Panjenengan menika Nabi Yohanes Pembaptis. Wonten ingkang mestani Nabi Élia. Wonten malih ingkang mestani Nabi Yérémia, utawi salah setunggaling nabi."

15Gusti Yésus banjur ndangu: "Lha yèn miturut kowé dhéwé, Aku iki sapa?"

16Simon Pétrus mangsuli: "Panjenengan menika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang gesang."

17"Begja kowé, Simon bin Yunus," pangandikané Gusti Yésus, "Awit dudu manungsa sing mendharaké marang kowé bab kuwi, nanging Rama-Ku sing ana ing swarga.

18Mulané kowé Dakkandhani: Kowé kuwi Pétrus. (Tembung ‘Pétrus’, tegesé: watu karang) lan ana ing watu karang iki Aku bakal ngedegaké pasamuwan-Ku, sing ora bakal bisa ditelukaké, senajan déning pati pisan!

19Kowé bakal Dakpasrahi kuncining Kratoné Allah. Apa sing koktalèni ana ing bumi kéné, bakal ditalèni uga ana ing swarga. Lan apa sing kokuculi ana ing bumi kéné, kuwi uga diuculi ana ing swarga."

20Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur dhawuh marang para muridé, supaya aja kandha-kandha marang sapa waé, yèn Panjenengané kuwi Sang Kristus.

21Wiwit nalika kuwi, Gusti Yésus mblakakaké marang para muridé, mengkéné: "Aku kudu lunga menyang kutha Yérusalèm lan bakal dianiaya déning para penggedhé, para pengareping imam lan para ahli Torèt. Aku bakal dipatèni, nanging ing telung dinané bakal katangèkaké!"

22Pétrus nuli nggèrèd Gusti Yésus nyisih lan matur marang Gusti Yésus, aturé: "Gusti Allah nebihna Panjenengan saking prekawis menika. Panjenengan mboten pisan-pisan badhé ketaman ingkang kados mekaten menika!"

23Nanging Gusti Yésus mbalik sarta ngandika marang Pétrus: "Sumingkira, Iblis! Kowé ngalang-alangi Aku. Pikiranmu kuwi pikirané manungsa; dudu apa sing dikersakaké déning Gusti Allah!"

24Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: "Menawa ana wong arep ndhèrèk Aku, kuwi kudu nyingkur awaké dhéwé, banjur ngangkat salibé lan ngetutaké Aku.

25Awit wong sing ngudi nylametaké uripé, kuwi bakal kélangan uripé. Nanging wong sing kélangan uripé ing donya kéné merga saka enggoné ndhèrèk Aku, kuwi bakal ngalami urip sing sejati lan langgeng.

26Apa gunané yèn wong ndarbèni barang sadonya kabèh, nanging kélangan uripé sing sejati? Mesthi ora ana gunané. Urip kuwi ora kena dilirokaké karo barang apa waé!

27Putrané Manungsa ora suwé menèh bakal rawuh ngagem kamulyané Kang Rama, kadhèrèkaké déning para malaékaté; ing kono Panjenengané bakal ngganjar saben wong miturut penggawéné dhéwé-dhéwé.

28Titènana! Panunggalanmu iki ana sing ora bakal mati, yèn durung ndeleng Putrané Manungsa rawuh jumeneng Raja."



 <<  Matius 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel